Contoh Sesorah Mantenan Bahasa Jawa, Dilengkapi 3 Struktur Teks Pidato Singkat

- 27 Agustus 2022, 14:28 WIB
contoh sesorah mantenan bahasa Jawa, dilengkapi 3 struktur teks pidato singkat yang singkat dan menyentuh hati para undangan dan keluarga/ilustrasi
contoh sesorah mantenan bahasa Jawa, dilengkapi 3 struktur teks pidato singkat yang singkat dan menyentuh hati para undangan dan keluarga/ilustrasi /Pixabay/Jarmoluk

3) Penutup (wasana basa) berisi permintaan maaf jika terdapat kekurangan dan ucapan terima kasih.

Berikut adalah teks contoh sesorah mantenan yang ditulis dalam bahasa Jawa:

Baca Juga: 10 Alasan Mengapa Praktik Nikah Siri Sering di Lakukan di Indonesia

Assalamu’alaikum Warahmatullahi Wabarakatuh.

Kawula nuwun, Bapa/Rakamas/Adhimas* … (nama paraga panampi) ingkang hangemban wajib luhur wonten ing madyaning pahargyan punika minangka sulih sarira saking Bapa … (ingkang hamengku karsa) sakalihan garwa, ingkang satuhu bagya mulya.

Sowan kula ing ngarsa panjenengan minangka duta-sarayanipun Bapa … (nama tiyang sepuhipun panganten kakung) ingkang pidalem ing … (dedunung tiyang sepuhipun panganten kakung).

Saderengipun kula ngaturaken menggah wigatosing pisowan kula, keparenga langkung rumiyin kula ngonjukaken suka-syukur tuwin sembah puji ing ngarsa Dalem Gusti Ingkang Maha Suci, inggih awit rumentahing barokah tuwin kawilujengan, satemah lampah kula hangirid panekaring putra panganten kakung manggih rahayu-wilujeng kalis saking pringgabayaning margi.

Minangka purwakaning atur, kula kinen ngaturaken salam taklimipun Bapa … (nama tiyang sepuhipun panganten kakung) sakalihan, mugi kaaturna Bapa … (nama ingkang hamengku karsa/tiyang sepuhipun panganten putri) sakalihan garwa.

Baca Juga: Harta Gono Gini Dalam Nikah Siri, Simak Siapa yang Berhak Dalam Hukum di Indonesia

Sumusul atur ingkang angka kalih, sowan kula saprelu nglarapaken saha ngaturaken sekar cepaka mulya sasele inggih pinanganten kakung Anakmas … (nama panganten kakung), putra kakungipun Bapa … (nama tiyang sepuhipun panganten kakung), saprelu netepi pasarujukaning pirembagan ing wekdal kawuri, bilih ing dinten winaton, inggih ing dinten punika, pinanganten kakung, Anakmas … (nama panganten kakung) badhe kapanggihaken miturut adat-widhi-widana ingkang sampun lumampah ing ngriki kaliyan Nimas Rara … (nama panganten putri), putra putrinipun Bapa … (nama tiyang sepuhipun panganten putri) sakalihan. Ingkang punika, putra panganten kakung kula aturaken panjenengan.

Halaman:

Editor: Sauqi Romdani


Tags

Artikel Pilihan

Terkait

Terkini

Terpopuler

Kabar Daerah