- Ngelmu kang nyata, karya reseping ati.
(Ilmu yang sejati, membuat tenteram di hati)
- Ngudi laku utama kanthi sentosa ing budi.
(Menghayati perilaku mulia dengan budi pekerti luhur)
Jer basuki mawa beya.
(Setiap usaha memerlukan beaya)
- Ala lan becik dumunung ana awake dhewe.
(Kejahatan dan kebaikan terletak di dalam diri pribadi)
- Sing sapa lali marang kebecikaning liyan, iku kaya kewan.
(Siapa yang lupa akan amal baik orang lain, bagaikan binatang)
- Titikane aluhur, alusing solah tingkah budi bahasane lan legawaning ati, darbe sipat berbudi bawaleksana.
(Ciri khas orang mulia yakni, perbuatan dan sikap batinnya halus , tutur kata yang santun, lapang dada, dan mempunyai sikap wibawa luhur budi pekertinya)
- Ngunduh wohing pakarti.
(Orang dapat menerima akibat dari ulahnya sendiri)
- Ajining dhiri saka lathi lan budi.
(Berharganya diri pribadi tergantung ucapan dan akhlaknya)
- Sing sapa weruh sadurunge winarah lan diakoni sepadha-padhani¬ng tumitah iku kalebu utusaning Pangeran.
(Siapa yang mengetahui sebelum terjadi dan diakui sesama manusia, ia termasuk utusan tuhan)
- Sing sapa durung wikan anane jaman kelanggengan iku, aja ngaku dadi janma linuwih.
(Siapa yang belum paham adanya zaman keabadian, jangan mengaku menjadi orang linuwih)