TEKS MATERI Khutbah Jumat Jumat 26 Mei 2023 Bahasa Jawa Halus Tentang Sikap Adil Nabi Muhammad SAW

- 26 Mei 2023, 07:30 WIB
Download teks khutbah Jumat 26 Mei 2023 Bahasa Jawa secara singkat dan menyentuh hati yang bisa diconvert dalam bentuk format PDF atau Word
Download teks khutbah Jumat 26 Mei 2023 Bahasa Jawa secara singkat dan menyentuh hati yang bisa diconvert dalam bentuk format PDF atau Word /pixabay

الحَمْدُ للهِ القَوِيِّ العَظِيمِ الرَّؤْفِ الرَّحِيمِ ، يَقْضِى بالحَقِّ وَيَحْكُمُ بِالعَدْلِ وَهُوَ الحَكِيمُ العَليمُ ،
وأشْهَدُ أنْ لاالهَ الاَّ اللهُ وَحْدَهُ لاَشَريكَ لَهُ ، شَهادَةً أرْجُو بِهَا النَّجَاةَ مِنْ العَذَابِ الألِيْمِ ، وَالفَوْزَ بِالنِعَمِ المُقِيْمِ ، وَأشْهَدُ أنَّ مُحمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ المَبْعوثُ بالحَقِّ الدَّاعِى الَى صِرَطٍ مُسْتَقِيمٍ ، أللهمَّ صَلِّ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ وَمَنْ تَبِعَهُمْ فِى هَدْيِهِمُ القَويمِ وسَلَّمَ تَسْلِيمًا. أمَّا بَعْدُ:

أيُّهَا النَّاسُ إتَّقُو اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلاتَمُوتُنَّ إلاَّ وانْتُمْ مُسْلِموْنَ.

Sidang Jum’ah ingkang minulya.

Mangga sareng-sareng kita tansah bertakwa dumateng Allah kanthi nglampahi sedaya perintahipun lan nebihi sedaya awisan-awisanipun. Menapa malih, ketakwaan menika kedah kita tingkataken sahingga kita leres-leres dipun golongaken tiyan ingkang muttaqin, inggih punika tiyang ingkang kersa takwa ingkang kagem piyambakipun dipun paringi janji Allah arupi gesang ingkang sahe wonten ing dunya lan akherat. Sak yektosipun tiyang ingkang paling mulya menggahipun Allah inggih tiyang ingkang kersa takwa dumateng Panjenenganipun, Allah SWT.

Iman menika punjeripun sedaya tumindakipun manungsa. Bilih tiyang ingkang beriman minangka syarat saged manggihi suwarga menika kathah werninipun. Ing antawisipun, kanthi iman ingkang kiat saged mendorong tiyang menika tumindak menapa kemawon ingkang sahe, inggih menika iman dipun sarengi amal shalih, ugi iman dipun iringi infak, iman dadosaken kencenge manah, lan iman menjamin ketakwaan. Ing mriki saged dipun jlentrehaken malih, bilih kanthi iman kewawon, utawi infak kemawon, mantenge manah kemawon, ugi namung ngandalne ketakwaan ananging mboten dilandasi iman, bab punika dereng saged menjamin setunggal tiyang saged manggihi suwarganipun Allah. Pramila, supados saged nggayuh derajat iman saking ngarsanipun Allah kedah disarengi kanthi raos welas asih, ugi kedah tumindak adil sesami kaum Muslimin.

Perlu dipun mangertosi, bilih asikap adil, pangandikan ugi polah tingkah ingkang sahe kedah dipun cepeng kanthi saestu dening saben-saben tiyang Muslim. Awit sedaya pangandikan ingkang mboten adil termasuk setengah saking perilaku dosa ageng. Babagan asikap adil sakjroning pangandikan lan perbuatan menika sampun kathan dipun sebat Allah wonten ing al-Qur’an, ing antawisipun:

Baca Juga: TEKS KHUTBAH Hari Raya Idul Fitri 2023 Bahasa Jawa PDF, Para Khotib Dapat Pahami Materi Ini

وَإِذَا قُلۡتُمۡ فَٱعۡدِلُواْ وَلَوۡ كَانَ ذَا قُرۡبَىٰۖ

“Lan nalika sira ngucap, mula kudu ngucap kanthi adil, sanajan dheweke iku sedulur sira.” (Q.S Al An’am: 152)

Halaman:

Editor: Sauqi Romdani


Tags

Artikel Pilihan

Terkait

Terkini

Terpopuler

Kabar Daerah

x