KHUTBAH JUMAT RAMADHAN 2023 PDF Bahasa Jawa, Para Khotib dapat Download Di sini

- 31 Maret 2023, 08:00 WIB
Link download khutbah Jumat Ramadhan 2023 PDF Bahasa Jawa secara lengkap dan terbaru dengan tema seputar puasa ramadhan
Link download khutbah Jumat Ramadhan 2023 PDF Bahasa Jawa secara lengkap dan terbaru dengan tema seputar puasa ramadhan /Pixsabay

SUMENEP NEWS - Klik link download khutbah Jumat Ramadhan 2023 PDF Bahasa Jawa secara lengkap dan terbaru dengan tema seputar puasa ramadhan.

Sudah disediakan link download khutbah Jumat Ramadhan 2023 PDF dalam Bahasa Jawa yang bisa download oleh para khotib.

Untuk link download khutbah Jumat Ramadhan 2023 PDF Bahasa Jawa yang baik dan benar ini untuk umat muslim.

Baca Juga: Doa Ramadhan Hari Ke 6 Lengkap Arab, Latin dan Artinya

Para khotib dapat download khutbah Jumat Ramadhan 2023 PDF Bahasa Jawa melalui tautan link di akhir artikel ini.

Terdapat pembahasan seputar puasa, hikmah dan pahala pada teks khutbah Jumat Ramadhan 2023 PDF Bahasa Jawa Ini.

Dikutip dari laman NU Online, berikut ini teks khutbah Jumat Ramadhan 2023 PDF dalam Bahasa Jawa.

Baca Juga: 50 Tema Bukber Ramadhan 2023 Menarik, Keren dan Terbaru untuk Siswa dan Mahasiswa

Khutbah Ramadhan 2023

Khutbah I

اَلْحَمْدُ لِلّٰهِ الَّذِيْ جَعَلَ شَهْرَ رَمَضَانَ غُزَّةَ وَجْهِ الْعَامِ، وَأَجْزَلَ فِيْهِ الْفَضَائِلَ وَالْأَنْعَامِ، وَفَضَّلَ أَيَّامَهُ عَلَى سَائِرِ الْأَيَّامِ، وَالصَّلَاةُ وَالسَّلَامُ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ اَلْمَبْعُوْثِ عَلَى جَمِيْعِ الْأَنَامِ، وَعَلَى اٰلِهِ وَأَصْحَابِهِ هُدَاةِ الْأَنَامِ وَمَصَابِيْحِ الظَّلَامِ، أَشْهَدُ أَنْ لَا إِلٰهَ إِلَّا اللهُ وَحْدَهُ لَا شَرِيْكَ لَهُ، إِلٰهٌ تَفَرَّدَ بِالْكَمَالِ وَالتَّمَامِ، وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ أَفْضَلُ مَنْ صَلَّى وَصَامَ  أَمَّا بَعْدُ، أَيُّهَا الْاِخْوَانُ أُوْصِيْكُمْ وَاِيَّايَ بِتَقْوَى اللهِ وَطَاعَتِهِ، بِامْتِثَالِ أَوَامِرِهِ وَاجْتِنَابِ نَوَاهِيْهِ. وَمِنْ أَوَامِرِهِ اَلصَّوْمُ فِي شَهْرِ رَمَضَانَ. قَالَ اللهُ تَعَالَى فِي الْقُرْاٰنِ الْكَرِيْمِ: يَا أَيُّهَا الَّذِينَ اٰمَنُوا كُتِبَ عَلَيْكُمُ الصِّيَامُ كَمَا كُتِبَ عَلَى الَّذِينَ مِنْ قَبْلِكُمْ لَعَلَّكُمْ تَتَّقُونَ

Ma’asyiral Muslimin rahimakumullah 

Sedaya puji namung kagungan Allah Ta’ala. Dzat ingkang Maha Kawasa. Dzat ingkang maringi kita kathah kanugrahan. Sedaya kanugrahan punika mangga tansah kita syukuri, kanthi mindakaken takwa kita dhateng Allah Ta’ala. Takwa kelawan nindakake perintah lan nilar sedaya larangan saking Allah Ta’ala. Mugi-mugi kita dados tiyang ingkang begja wonten ing dunyo lan akhirat.   

Ma’asyiral Muslimin rahimakumullah 

Baca Juga: Contoh Pidato Tentang Keindahan Bulan Ramadhan 2023, Cocok Nih untuk Lomba dan Acara Perpisahan

Sekedhap malih kita badhe pinanggih kelawan tamu ingkang minulya, inggih punika Wulan Ramadhan utawi Pasa. Wulan ingkang kathah rahmat saha pangapura saking Gusti. Wulan ingkang gadhah kamulyan saha kaberkahan. Sedaya ganjaran ibadah dipuntikelaken. Dungo dipunijabahi. Dosa dipunapura. Lawang suwarga binuka lan neraka tinutup. Pramila, tuna sanget menawi kita pinanggihan Ramadhan, ananging mboten saged mendhet sedaya kautamanipun.   

Kados pangandikanipun Kanjeng Nabi Muhammad saw, ingkang dipunriwayataken Imam an-Nasa'i:

 عَنْ أَبِي هُرَيْرَةَ قَالَ قَالَ رَسُولُ اللَّهِ صَلَّى اللهُ عَلَيْهِ وَسَلَّمَ: أَتَاكُمْ رَمَضَانُ شَهْرٌ مُبَارَكٌ فَرَضَ اللَّهُ عَزَّ وَجَلَّ عَلَيْكُمْ صِيَامَهُ تُفْتَحُ فِيهِ أَبْوَابُ السَّمَاءِ وَتُغْلَقُ

فِيهِ أَبْوَابُ الْجَحِيمِ وَتُغَلُّ فِيهِ مَرْدَةُ الشَّيَاطِينِ لِلَّهِ. فِيهِ لَيْلَةٌ خَيْرٌ مِنْ أَلْفِ شَهْرٍ 

 

Artosipun, “Saking sahabat Abu Hurairah ra piyambakipun ngendika, bilih Kanjeng Rasulullah sampun paring dhawuh: "Satuhune, wis teka marang sliramu kabeh, Wulan Ramadhan. Wulan kang kebak kaberkahan uga den wajibake pasa. Ana ing wulan iki, lawang-lawang langit binuka lan neraka tinutup. Setan-setan dibanda. Lan ana ing Wulan Ramadhan, ana salah sawijining wengi kang luwih utama tinimbang sewu wulan.” (Hadist Riwayat Imam An-Nasa'i).   

Awit saking mekaten, mangga kita tansah mapag kanthi sasae-saenipun nalika sampun badhe karawuhan wulan Pasa. Ugi rumaos bungah kanthi karawuhanipun. 

Baca Juga: Ramadhan Kareem; GMPI PC Sampang Kembali Tebarkan Mushaf Al-Qur'an Di Bulan Suci Ramadhan

Kanjeng Nabi Muhammad saw, sampun maringi tuladha dumatheng kita, wiwit Wulan Rajab dumugi Syakban maos dunga:

اَللَّهُمَّ بَارِكْ لَنَا فِي رَجَبٍ وَشَعْبَانَ وَبَارِكْ لَنَا فِي رَمَضَانَ   

Artosipun: “Dhuh Gusti Allah, mugi panjenengan paring berkah wonten wulan Rajab lan Sya’ban. Ugi dugeaken datheng Ramadhan.” (Hadist Riwayat Imam Ahmad).  

Ma’asyiral Muslimin rahimakumullah  Lajeng tumindak napa mawon ingkang saged kita lampahi, kagem mapag karawuhan Ramadhan? 

Ma’asyiral Muslimin rahimakumullah  Lajeng tumindak napa mawon ingkang saged kita lampahi, kagem mapag karawuhan Ramadhan?   

Sepindhah, kito kedah gadhah raos bungah utawi nuwuhaken raos bungah, awit saking kerawuhan Ramadhan. Kados dungonipun Kanjeng Nabi kolo wau, ugi ingkang sampun linampahan para ulama, nudhuhaken bilih saget pinanggih Ramadhan niku mawon sampun dados kenikmatan ingkang ageng. Kosok wangsulipun, menawi badhe pisah kalian Ramadhan rumaos susah.   

Kaping kalih, nalika Ramadhan kita dipunwajibake ibadah pasa, ingkang ugi dados salah setunggale rukun Islam. Pramio, supados amal ibadah poso punika sah lan sampurna, kita kedah sinau bab ilmu poso.  

Baca Juga: Lirik Sahur Aceh Versi Jawa dan Terjemahan Dilengkapi Teks Wate Ka Sahoe di Bulan Ramadhan

Langkung-langkung, ibadah pasa Ramadhan kalebet amalan ingkang wajib dipuntindakaken, mangka nyinauni tata carane niku kalebet wajib hukumipun. Paling mboten sinau bab syarat sah lan rukunipun, ugi perkawis ingkang batalaken. Syukur, menawi saget dipuntambah sinau bab kasunahan saha kautaman-kautaman wonten ing Ramadhan.   

Kaping tiga, Kanjeng Nabi Muhammad saw saha para sahabat lan tiyang salih, sami ngalangkungi poso lan sedekah, saderengipun mlebet Wulan Ramadhan. Menika dados gladhi ugi tandha raos bungah anggenipun mapag rawuhipun Ramadhan.  

Kanjeng Nabi Muhammad saw nglampahi pasa sunah wonten ing Wulan Sya’ban. Wonten kathah Riwayat, piyambakipun pasa ing Sya’ban nganti dumugi sewulan. Wonten salah setunggale hadist dipunsebutaken:   

  عَنْ أُسَامَة بْن زَيْدٍ قَالَ: قُلْت يَا رَسُول اللَّه لَمْ أَرَك تَصُومُ مِنْ شَهْر مِنْ الشُّهُور مَا تَصُوم مِنْ شَعْبَان، قَالَ: ذَلِكَ شَهْرٌ يَغْفُلُ النَّاس عَنْهُ بَيْنَ رَجَبٍ وَرَمَضَان، وَهُوَ شَهْر تُرْفَعُ فِيهِ الْأَعْمَال إِلَى رَبّ الْعَالَمِينَ، فَأُحِبُّ أَنْ يُرْفَعَ عَمَلِي وَأَنَا صَائِمٌ 

Artosipun, “Usamah bin Zaid nate taken dhateng Rasulullah saw. Lajeng matur: "Dhuh, Rasulullah, kula dereng nate sumerap panjenengan nglampahi poso (sunah) wonten ing Wulan Sya’ban langkung kathah Wulan-Wulan sanesipun. Lajeng Kanjeng Nabi dhawuh: “Ya, (Sya’ban) iku dadi wulan sing kerep den lalekake wong antarane Rajab lan Ramadhan, Wulan dipununggahake amal-amal dhateng Allah Ta’ala. Lan aku seneng, nalika amalku diunggahake ana ing pasa." (Hadist Riwayat Imam An-Nasai).   

Mekaten khutbah ingkang saged kula aturaken, mugi dados manfaat dhateng kita sedaya. Lan mugi Gusti Allah, maringi kita gampil lan kekiyatan, soho hidayah supados kita saget nglampahi ibadah wonten ing Wulan Ramadhan kanthi sae. Amin. Ya rabbal ‘alamin.   

Baca Juga: Keutamaan Al Kautsar 7x untuk Puasa Ramadhan, Dapat Menahan Haus?

أَعُوذُ بِاللهِ مِن الشَّيْطانِ الرَّجِيْمِ. بِسْمِ اللهِ الرَّحمن الرّحيم. يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُواْ كُتِبَ عَلَيْكُمُ الصِّيَامُ كَمَا كُتِبَ عَلَى الَّذِينَ مِن قَبْلِكُمْ لَعَلَّكُمْ تَتَّقُونَ أَيَّامًا مَّعْدُودَاتٍ فَمَن كَانَ مِنكُم مَّرِيضًا أَوْ عَلَى سَفَرٍ فَعِدَّةٌ مِّنْ أَيَّامٍ أُخَرَ وَعَلَى الَّذِينَ يُطِيقُونَهُ فِدْيَةٌ طَعَامُ مِسْكِينٍ فَمَن تَطَوَّعَ خَيْرًا فَهُوَ خَيْرٌ لَّهُ وَأَن تَصُومُواْ خَيْرٌ لَّكُمْ إِن كُنتُمْ تَعْلَمُونَ باَرَكَ اللهُ لِيْ وَلكمْ فِي القُرْآنِ العَظِيْمِ, وَنَفَعَنِيْ وَإِيّاكُمْ بِالآياتِ والذِّكْرِ الحَكِيْمِ. إنّهُ تَعَالَى جَوّادٌ كَرِيْمٌ مَلِكٌ بَرٌّ رَؤُوْفٌ رَحِيْمٌ    

Khutbah II

  اَلْحَمْدُ لِلّٰهِ حَمْدًا كَمَا أَمَرَ. أَشْهَدُ أَنْ لَااِلٰهَ إِلَّا الله وَحْدَهُ لَا شَرِيْكَ لَهُ إِرْغَامًا لِمَنْ جَحَدَ بِهِ وَكَفَرَ. وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ سَيِّدُ الْاِنْسِ وَالْبَشَرِ. اَللّٰهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلىَ اٰلِهِ وَصَحْبِهِ مَا اتَّصَلَتْ عَيْنٌ بِنَظَرٍ وَأُذُنٌ بِخَبَرٍ  أَمَّا بَعْدُ، فَيَا أَيُّهَا الْحَاضِرُوْنَ اتَّقُوا اللّٰهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَذَرُوْا الْفَوَاحِشَ مَا ظَهَرَ مِنْهَا وَمَا بَطَنَ. وَحَافِظُوْا عَلَى الطَّاعَةِ وَحُضُوْرِ الْجُمْعَةِ وَالْجَمَاعَةِ وَالصَّوْمِ وَجَمِيْعِ الْمَأْمُوْرَاتِ وَالْوَاجِبَاتِ. وَاعْلَمُوْا أَنَّ اللهَ أَمَرَكُمْ بِأَمْرٍ بَدَأَ بِنَفْسِهِ. وَثَنَى بِمَلَائِكَةِ الْمُسَبِّحَةِ بِقُدْسِهِ. اَللّٰهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُسْلِمِيْنَ وَالْمُسْلِمَاتِ والْمُؤْمِنِيْنَ وَالْمُؤْمِنَاتِ الْأَحْيَاءِ مِنْهُمْ وَالْأَمْوَاتِ، اللهم ادْفَعْ عَنَّا الْبَلَاءَ وَالْغَلَاءَ وَالْوَبَاءَ وَالْفَحْشَاءَ وَالْمُنْكَرَ وَالْبَغْيَ وَالسُّيُوْفَ الْمُخْتَلِفَةَ وَالشَّدَائِدَ وَالْمِحَنَ، مَا ظَهَرَ مِنْهَا وَمَا بَطَنَ، مِنْ بَلَدِنَا هَذَا خَاصَّةً وَمِنْ بُلْدَانِ الْمُسْلِمِيْنَ عَامَّةً، إِنَّكَ عَلَى كُلِّ شَيْءٍ قَدِيْرٌ  عِبَادَ اللهِ، اِنَّ اللهَ يَأْمُرُ بِالْعَدْلِ وَالْاِحْسَانِ وَاِيْتَاءِ ذِيْ الْقُرْبَى وَيَنْهَى عَنِ الْفَحْشَاءِ وَالْمُنْكَرِ وَالْبَغْيِ، يَعِظُكُمْ لَعَلَّكُمْ تَذَكَّرُوْنَ. فَاذْكُرُوْا اللهَ الْعَظِيْمَ يَذْكُرُكُمْ وَلَذِكْرُ اللهِ أَكْبَرُ 

KLIK LINK DOWNLOAD KHUTBAH

Demikian penjelasan teks khutbah Jumat Ramadhan 2023 PDF dalam Bahasa Indonesia yang baik dan benar.***

Editor: Ahmad


Tags

Artikel Pilihan

Terkait

Terkini

Terpopuler

Kabar Daerah

x