KHUTBAH JUMAT RAMADHAN 2023 PDF Bahasa Jawa, Para Khotib dapat Download Di sini

- 31 Maret 2023, 08:00 WIB
Link download khutbah Jumat Ramadhan 2023 PDF Bahasa Jawa secara lengkap dan terbaru dengan tema seputar puasa ramadhan
Link download khutbah Jumat Ramadhan 2023 PDF Bahasa Jawa secara lengkap dan terbaru dengan tema seputar puasa ramadhan /Pixsabay

Sepindhah, kito kedah gadhah raos bungah utawi nuwuhaken raos bungah, awit saking kerawuhan Ramadhan. Kados dungonipun Kanjeng Nabi kolo wau, ugi ingkang sampun linampahan para ulama, nudhuhaken bilih saget pinanggih Ramadhan niku mawon sampun dados kenikmatan ingkang ageng. Kosok wangsulipun, menawi badhe pisah kalian Ramadhan rumaos susah.   

Kaping kalih, nalika Ramadhan kita dipunwajibake ibadah pasa, ingkang ugi dados salah setunggale rukun Islam. Pramio, supados amal ibadah poso punika sah lan sampurna, kita kedah sinau bab ilmu poso.  

Baca Juga: Lirik Sahur Aceh Versi Jawa dan Terjemahan Dilengkapi Teks Wate Ka Sahoe di Bulan Ramadhan

Langkung-langkung, ibadah pasa Ramadhan kalebet amalan ingkang wajib dipuntindakaken, mangka nyinauni tata carane niku kalebet wajib hukumipun. Paling mboten sinau bab syarat sah lan rukunipun, ugi perkawis ingkang batalaken. Syukur, menawi saget dipuntambah sinau bab kasunahan saha kautaman-kautaman wonten ing Ramadhan.   

Kaping tiga, Kanjeng Nabi Muhammad saw saha para sahabat lan tiyang salih, sami ngalangkungi poso lan sedekah, saderengipun mlebet Wulan Ramadhan. Menika dados gladhi ugi tandha raos bungah anggenipun mapag rawuhipun Ramadhan.  

Kanjeng Nabi Muhammad saw nglampahi pasa sunah wonten ing Wulan Sya’ban. Wonten kathah Riwayat, piyambakipun pasa ing Sya’ban nganti dumugi sewulan. Wonten salah setunggale hadist dipunsebutaken:   

  عَنْ أُسَامَة بْن زَيْدٍ قَالَ: قُلْت يَا رَسُول اللَّه لَمْ أَرَك تَصُومُ مِنْ شَهْر مِنْ الشُّهُور مَا تَصُوم مِنْ شَعْبَان، قَالَ: ذَلِكَ شَهْرٌ يَغْفُلُ النَّاس عَنْهُ بَيْنَ رَجَبٍ وَرَمَضَان، وَهُوَ شَهْر تُرْفَعُ فِيهِ الْأَعْمَال إِلَى رَبّ الْعَالَمِينَ، فَأُحِبُّ أَنْ يُرْفَعَ عَمَلِي وَأَنَا صَائِمٌ 

Artosipun, “Usamah bin Zaid nate taken dhateng Rasulullah saw. Lajeng matur: "Dhuh, Rasulullah, kula dereng nate sumerap panjenengan nglampahi poso (sunah) wonten ing Wulan Sya’ban langkung kathah Wulan-Wulan sanesipun. Lajeng Kanjeng Nabi dhawuh: “Ya, (Sya’ban) iku dadi wulan sing kerep den lalekake wong antarane Rajab lan Ramadhan, Wulan dipununggahake amal-amal dhateng Allah Ta’ala. Lan aku seneng, nalika amalku diunggahake ana ing pasa." (Hadist Riwayat Imam An-Nasai).   

Mekaten khutbah ingkang saged kula aturaken, mugi dados manfaat dhateng kita sedaya. Lan mugi Gusti Allah, maringi kita gampil lan kekiyatan, soho hidayah supados kita saget nglampahi ibadah wonten ing Wulan Ramadhan kanthi sae. Amin. Ya rabbal ‘alamin.   

Baca Juga: Keutamaan Al Kautsar 7x untuk Puasa Ramadhan, Dapat Menahan Haus?

Halaman:

Editor: Ahmad


Tags

Artikel Pilihan

Terkait

Terkini

Terpopuler

Kabar Daerah

x