TEKS MATERI Khutbah Jumat Jumat 26 Mei 2023 Bahasa Jawa Halus Tentang Sikap Adil Nabi Muhammad SAW

26 Mei 2023, 07:30 WIB
Download teks khutbah Jumat 26 Mei 2023 Bahasa Jawa secara singkat dan menyentuh hati yang bisa diconvert dalam bentuk format PDF atau Word /pixabay

SUMENEP NEWS Teks khutbah Jumat 26 Mei 2023 Bahasa Jawa secara singkat dan menyentuh hati yang bisa diconvert dalam bentuk format PDF atau Word.

Para khotib dapat membaca teks khutbah Jumat 26 Mei 2023 Bahasa Jawa yang bertema tentang sikap adil Rasulullah.

Dapat convert dalam bentuk PDF contoh khutbah Jumat 26 Mei 2023 Bahasa Jawa berkaitan dengan taqwa kepada Allah dan syukur.

Baca Juga: DOWNLOAD Khutbah Jumat PDF 12 Mei 2023 Untuk Khotib, Langsung Dibaca dan Dicetak Sekarang

Jelang siang, para khotib akan mencari teks dan bahan materi mengenai khutbah Jumat 26 Mei 2023 Bahasa Jawa kali ini.

Menggunakan redaksi yang halus dan penuh tatakrama teks materi khutbah Jumat 26 Mei 2023 Bahasa Jawa.

Dikutip dari berbagai sumber, berikut ini contoh khutbah Jumat 26 Mei 2023 Bahasa Jawa di bawah ini.

Baca Juga: MATERI KHUTBAH Idul Fitri 2023 Bahasa Sunda PDF, Menggunakan Bahasa Lokal dan Halus

الحَمْدُ للهِ القَوِيِّ العَظِيمِ الرَّؤْفِ الرَّحِيمِ ، يَقْضِى بالحَقِّ وَيَحْكُمُ بِالعَدْلِ وَهُوَ الحَكِيمُ العَليمُ ،
وأشْهَدُ أنْ لاالهَ الاَّ اللهُ وَحْدَهُ لاَشَريكَ لَهُ ، شَهادَةً أرْجُو بِهَا النَّجَاةَ مِنْ العَذَابِ الألِيْمِ ، وَالفَوْزَ بِالنِعَمِ المُقِيْمِ ، وَأشْهَدُ أنَّ مُحمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ المَبْعوثُ بالحَقِّ الدَّاعِى الَى صِرَطٍ مُسْتَقِيمٍ ، أللهمَّ صَلِّ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ وَمَنْ تَبِعَهُمْ فِى هَدْيِهِمُ القَويمِ وسَلَّمَ تَسْلِيمًا. أمَّا بَعْدُ:

أيُّهَا النَّاسُ إتَّقُو اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلاتَمُوتُنَّ إلاَّ وانْتُمْ مُسْلِموْنَ.

Sidang Jum’ah ingkang minulya.

Mangga sareng-sareng kita tansah bertakwa dumateng Allah kanthi nglampahi sedaya perintahipun lan nebihi sedaya awisan-awisanipun. Menapa malih, ketakwaan menika kedah kita tingkataken sahingga kita leres-leres dipun golongaken tiyan ingkang muttaqin, inggih punika tiyang ingkang kersa takwa ingkang kagem piyambakipun dipun paringi janji Allah arupi gesang ingkang sahe wonten ing dunya lan akherat. Sak yektosipun tiyang ingkang paling mulya menggahipun Allah inggih tiyang ingkang kersa takwa dumateng Panjenenganipun, Allah SWT.

Iman menika punjeripun sedaya tumindakipun manungsa. Bilih tiyang ingkang beriman minangka syarat saged manggihi suwarga menika kathah werninipun. Ing antawisipun, kanthi iman ingkang kiat saged mendorong tiyang menika tumindak menapa kemawon ingkang sahe, inggih menika iman dipun sarengi amal shalih, ugi iman dipun iringi infak, iman dadosaken kencenge manah, lan iman menjamin ketakwaan. Ing mriki saged dipun jlentrehaken malih, bilih kanthi iman kewawon, utawi infak kemawon, mantenge manah kemawon, ugi namung ngandalne ketakwaan ananging mboten dilandasi iman, bab punika dereng saged menjamin setunggal tiyang saged manggihi suwarganipun Allah. Pramila, supados saged nggayuh derajat iman saking ngarsanipun Allah kedah disarengi kanthi raos welas asih, ugi kedah tumindak adil sesami kaum Muslimin.

Perlu dipun mangertosi, bilih asikap adil, pangandikan ugi polah tingkah ingkang sahe kedah dipun cepeng kanthi saestu dening saben-saben tiyang Muslim. Awit sedaya pangandikan ingkang mboten adil termasuk setengah saking perilaku dosa ageng. Babagan asikap adil sakjroning pangandikan lan perbuatan menika sampun kathan dipun sebat Allah wonten ing al-Qur’an, ing antawisipun:

Baca Juga: TEKS KHUTBAH Hari Raya Idul Fitri 2023 Bahasa Jawa PDF, Para Khotib Dapat Pahami Materi Ini

وَإِذَا قُلۡتُمۡ فَٱعۡدِلُواْ وَلَوۡ كَانَ ذَا قُرۡبَىٰۖ

“Lan nalika sira ngucap, mula kudu ngucap kanthi adil, sanajan dheweke iku sedulur sira.” (Q.S Al An’am: 152)

Allah ugi sampun dawuh:

فَلۡيَتَّقُواْ ٱللَّهَ وَلۡيَقُولُواْ قَوۡلاً سَدِيدًا

“Mula, wong-wong iku kudu padha bekti marang Allah lan muga-muga padha ngandhakake ucapan kang ana kayektene.” (Q.S An-Nisa’: 9)

Ing ayat sanes Allah berfirman:

وَقُل لِّعِبَادِي يَقُولُواْ ٱلَّتِي هِيَ أَحۡسَنُۚ

“lan kandhaha sira kabeh marang para kawula ingsun, supaya dheweke iku bisa ngucapake tembung-tembung sing luwih nyata.” (Q.S Al-Isra’: 53)

Ayat sanes babagan ucapan ingkang adil:

وَهُدُوٓاْ إِلَى ٱلطَّيِّبِ مِنَ ٱلۡقَوۡلِ وَهُدُوٓاْ إِلَىٰ صِرَٰطِ ٱلۡحَمِيدِ

“lan pada nuwuhna sira kabeh pitutur sing apik, lan pada nuwuhna sira kabeng marang dalane Allah kang pinuji.” (Q.S Al-Hajj: 24)

Kaum muslimin ingkang berbahagia.

Rasullullah SAW lumantar hadis-hadisipun ugi maringi pitedah dumateng umat manungsa supados mboten pegot anggenipun asikap adil ing ndalem ucapan lan perbuatan. Ing antawisipun :

وعن أبِى عَمْرٍو، وَقِيْلَ أبِى عَمْرَةَ سُفْيَانَ ابنِ عَبْدِ اللّهِ رَضِي اللّهُ عَنْهُ قَالَ ، قُلْتُ يَا رَسُولُ اللّهِ ، قُلْ لِى فِى الإسْلاَمِ قَوْلاً لااَسألُ عَنْهُ اَحَدًا غَيْرَكَ ، قَالَ: قُلْ آمَنْتُ باللّهِ ثُمَّ اسْتَقِمْ

“Saking Abi Amr, nanging ugi dipun ngendikaken saking Abi Amroh Sofyan bin Abdullah ra, Panjenenganipun nate dawung: “Aku wis nyuwun pirsa marang Rosulullah: “Duh, Rasulullah, nyuwun Panjenengan kersa maringi piwucal babagan Islam, ingkan selaminupun daken mboten badhe paring pitakenan dumateng tiyang sanes kejawi Panjenengan.” Rasullah paring jawaban: “Kandhaha sira ‘Aku precaya marang Allah, mula nuli istiqomaho sira,”(HR. Muslim)

Kaum Muslimin Rahimakumullah.

Baca Juga: CONTOH Khutbah Idul Fitri 2023 Bahasa Sunda PDF, Materi Penyampaian Lengkap dan Mudah Dipahami

Adhedasar hadis ing ngajeng, iman dumateng Allah lajeng dipun lampahi kanthi istiqomah kacatet dados amal ingkang sahe sanget. Sinten kemawon ingkang saged nglampahi bab menika kanti sak sahe-sahenipun, berarti piyambakipun sampun saged dipun wastani anggadhahi keimanan lan keislaman ingkang kiat lan sempurna. Awit istiqomah ing ndalem ketakwaan saged ndadosaken setunggal tiyang ingkang saged manggihi langgengipun pagesangan mbenjang ing suwarga, sami ugi piyambakipun saged nggayuh kabegjan ing ngalam dunya. Piyambakipun mboten badhe rumahos kuatos utawi ajrih wonten ing kenyataan hidup menapa kemawon, amargi sedaya urusanipun sampun dipasrahne marang Allah SWT.

Rasulullah SAW dawuhaken:

قَالَ رَسُول اللّهِ صَلى الله عليه وسلم: لاَ يَسْتَقِيمُ إيْمَانُ عَبْدٍ حَتَّى يَسْتَقِيمَ قَلْبُهُ ، وَلاَ يَسْتَقِيمَ قَلْبُهُ حَتَّى يَسْتَقِيمَ لِسَانُهُ.

“Rasulullah SAW ngendika: “Imane wong ora diarani lurus sak durunge atine isa lurus, lan atine wong ora bisa diarani lurus sak durunge ilate, ya isa lurus.” (HR Ahmad)

Karena itu penting sekali bagi seorang mukmin untuk memelihara lisan, jangan sampai berbicara hal-hal yang tidak ada manfaatnya.

Njagi lisan menika minangka seperangan saking tanda-tanda kesempurnaan iman. Menawi lisan saged dipun jagi saking ucapan geroh lan dusta artosipun piyambakipun anggadhani manah ingkang kenceng. Bilih manah ingka kenceng, pramila kesempurnaan iman saged mahesi tindak lampahipun. Pramila saking menika prayogi sanget mbok bilih kita sebagai Muslim saged njagi lisan, ugi sampun ngantos ngucap napa kemawon ingkang mboten enten manfaatipun.

Kados sampun dipun dawuhaken Allah SWT:

يَٰٓأَيُّهَا ٱلَّذِينَ ءَامَنُواْ لِمَ تَقُولُونَ مَا لَا تَفۡعَلُونَ . كَبُرَ مَقۡتًا عِندَ ٱللَّهِ أَن تَقُولُواْ مَا لَا تَفۡعَلُونَ

Baca Juga: Naskah Khutbah Idul Fitri 2023, Lengkap Link Download dan Siap Cetak

“Hé, wong-wong kang padha iman, apa sebabé sira kabeh ngucap apa kang ora sira lakoni? Ana ing ngarsane Allah kagolong dusa kang gedhi banget, manawa sira ngucap apa kang ora sira lakoni.” (Q.S As-Shaf: 1-2)

بَرَكَ اللّهُ لِى وَلَكُم فى القُرْآنِ العَظِيْمِ وَنَفَعَنِى وَإيَّاكُمْ بِما فِيهِ مِنَ الآيَاتِ وَالذِّكْرِ الحَكِيمِ. وَتَقَبَّلْ مِنِّى وَمِنكُم تِلاَوَتَه إنَّهُ هُوَ السَّمِيعُ العَلِيمٌ.

أقُولُ قَوْلِ هذَا وَاسْتَغفِرُ اللّهَ العَظِيمَ لِى وَلَكمْ وَلسَائرِ المُسْلِمِيْنَ وَالمُسْلِمَاتِ والمُؤمِنِينَ وَالمُؤمِنَاتِ فاسْتَغْفِرُوهُ إنَّهُ هُوَ الغَفُور الرَحِيمُ

 

Editor: Sauqi Romdani

Tags

Terkini

Terpopuler