Contoh Naskah Drama 11 Orang Bahasa Jawa Singkat, Cerita Rakyat, Lucu dan Komedian

- 7 Februari 2023, 15:05 WIB
 Contoh naskah drama 11 orang Bahasa Jawa dan bahasa sunda singkat, cerita rakyat, pendidikan dan komedian penuhs inspirasi/ilustrasi
Contoh naskah drama 11 orang Bahasa Jawa dan bahasa sunda singkat, cerita rakyat, pendidikan dan komedian penuhs inspirasi/ilustrasi /pexel.com/Andrea Piacquadio/

SUMENEP NEWS - Inilah contoh naskah drama 11 orang Bahasa Jawa singkat, cerita rakyat, pendidikan dan komedian.

Dapatkan teks contoh naskah drama 11 orang dalam Bahasa Jawa kali ini.

Bisa convert dalam PDF  contoh naskah drama 11 orang Bahasa Jawa singkat ini.

Baca Juga: Contoh Naskah Drama 10 Orang Bahasa Jawa Singkat dan Lengkap

Pada kesempatan ini ada teks  contoh naskah drama 11 orang Bahasa Jawa untuk acara pementasan nantinya.

Dalam hal ini, para siswa dapat mementaskan drama 11 orang dalam Bahasa Jawa.

 

Pentasan ini nantinya akan menjadi acara spektarakuler di sekolah atau perlombaan.

Dikutip dari berbagai sumber, inilah contoh  contoh naskah drama 11 orang Bahasa Jawa singkat di bawah ini:

Baca Juga: Contoh Naskah Drama 9 Orang Bahasa Jawa Singkat , Simapkan Pemain Pemainnya

(Pagi-pagi Pak Sumringah sekeluarga sedang menikmati sarapan bersama)

Bu Sumringah

Ayo seme`an! Mboke masak sambel godog, mi bakar, lan jangan bawang

Siti

Walah Bu, enak tenan..

Bu Sumringah

Yo iyolah sopo sek sing masak… J

 

Ayu

Omah ngarep omahe awak dewe kae wes enek seng ngenggoni, tho Bu?

Bu Sumringah

Iyo. Wong bule. Jare anake ameh sekolah neng sekolahan podo kowe Sit.

Pak Sumringah

Yoh ndang cepet! Selak telat sekolahe.

Siti

Oke, Sip! Mbok, Pak, Mbak. Aku pamit sekolah yo, Asalmualaikum…

Bu Sumringah dan Keluarga

Ya, wa`alaikumsalam

Baca Juga: Contoh Naskah Drama 7 Orang Bahasa Jawa Singkat Pendidikan dan Anak Sekolah

(Siti dan teman-temanya sudah janjian di depan gang untuk berangkat bersama. Dan mereka pun berangkat sekolah bersama)

Siti

Cah kowe pada ngerti ra, omah kosong neng ngarepku kae wes enek seng nggoni lho?

Tejo

Tenane, sopo?

 

Siti

Nek jenenge aku ra ngerti. Pokoke wong bule.

Joko

Opo? ngarep omahmu enek wong adol gule

Kokom

Masya’ Allah o, budek mu kae mbiyen rung mari-mari tho!

Tejo

Lha Joko kuwi budege wes kronis yo, wes permanen!

Joko

Opo gudeg? owh dadi neng ngarep omahe siti enek wong adol gule karo gudeg to?

Kokom

Wis Joko ra sah di gagas, nyat nek budeg wes stadium 100 ra iso di jak kompromi. Trus piye neh Ti critane

Joko

(kukur kukur rambut)

Siti

Yo ngono tonggo ku kan wong bule nek ngomong ilate bundet bundet ngono, nganggo boso londo campur jowo ngono, trus ya jare mboku jarene anake kuwi ameh sekolah neng sekolahe awake dewe iki, SMP Bechik Ketoro Ala Kethitik

Tejo

Ciyyuss?

Kokom

Miapah?

 

Siti

Tenanan yo iki.

Baca Juga: Teks Drama Modern Bahasa Jawa, Mudah Sekali Untuk  Dipraktekkan Anak Milenial di Lingkungan Sekolah

Joko

Cah kuwi ngomong opo tho, ojo irik-irik aku kan yo pengen krungu

Siti

Ceritane sambung mengko muleh sekolah, lagi sadar aku nek wes tekan sekolah

(Sebanjure 4 sekawan mau banjur mlebu kelas)

 

(Suasana setelah bel, amargo Bu Merry ugung rawuh kelas ramene koyok pasar)

Bu Merry

Hallo. Assalamu`alaikum. Sugeng enjang… (karo nggowo angel lan George sang murid anyar)

Semua

Hai, Wa`alaikumsalam, sugeng enjang bu.

Kokom

Wong bule kuwi po tonggomu?
Siti

 ho`o

Bu Merry

Tejo, kowe mimpin doa yo

Tejo

Nggeh bu

Tejo

Monggo konco konco kita sareng sareng ndedongo, Ndedungo kawiwitan ……………..ndendungo paripurno

Bu Merry

 Oh iyo anak anak, kelas iki kagungan konco anyar sekaligus murid anyar. Monggo Angel lan George…

Angel

Hi friend, nami kulo Angel”

George

And my name is George.”

(kabeh anak-anak ndlongop lan joko mbenekne rambut lan sok cool)

Bu Merry

George, Angel tulisne jenengmu neng papan tulis, koyoke koncome isih bingung

Kokom

Ha? Jenenge Angel?”

Tejo

Iyo i. mosok jenege Angel bu koyok ra enek jeneng liyo wae. Njenengne anak Angel

Baca Juga: Naskah Drama Bahasa Jawa 6 Orang Lucu dan Menarik, Cocok Untuk Dibawakan di Dalam Kelas

Joko

Soale wong londo ki kan jenenge angel-angel. Goro goro mboke uteke suntuk bar nglairke ngawur wae di kei jeneng ‘Angel’.

(4 sekawan lalu tertawa terbahak bahak kecuali siti.)

Siti

E, ojo ngunu kuwi. Cah kuwi kabeh ndeso imen to. Mosok cah kuwi rangerti Angelina Jolie kae nek celukane yo Anjelina jolie.  Kan George? (ucap Ayu karo ngguyu lan mbenekne kerudung.)

George

Yes

Bu  Merry

Wes kenalane di sambung sesuk maneh. Selak entek jam ku iki

Bu Merry

Anak-anak bu guru pengen nyuwun pirsa karo anak anak

kabeh. Opo cita cita ne anak anak nek suk mben gede. Di mulai soko Tejo?”

Tejo

Cita-cita kulo dadi polisi

Joko

Ya allah jo jo, cita citamu I gak nggaul imen nto. Dadi polisi I wong nyebrangne wong lewat karo

nyempriti tok i

Tejo

Yo ra popo lah, seng penting kan berjasa. Lha kowe cita citamu opo?

Joko

Cita-citaku I tho. Cita cita ku I tho dadi pilot

Tejo

Pilot og budeg. Pesawate po ra njiblok terus

Joko

 

Emang aku ngomong pilot pesawat

Siti

Lha pilot opo?

Joko

Pilot becak:v

Tejo

Joko sing bagus dewe soko nduwor monas, sing jenenge pilot I penyopir pesawat, gak enek pilot becak

Joko

Lha gene seng dadi pilot aku sing sewot kowe

Tejo

Masalahe kowe mempermalukan para pilot-pilot handal di Indonesia, nggawe bahasa pilot becak

Joko

Seng pentingkan nyopir. Pilot nyopir pesawat aku nyopir becak. Podo podo nyopir e kok. Wong beda

seng di sopiri.

Baca Juga: Teks Drama Bahasa Jawa 4 Orang Singkat Komedi,  Cocok Sekali Membuat Orang Tertawa

Bu Merry

Joko, Joko ciri ciri wong MADESU.

Joko

Madesu kuwi opo bu?

Bu Merry

Masa depan suram.

Bu Merry

Wes, wes. Nek kowe siti. Cita citamu opo?
 Siti

Kulo pengen dadi dokter cinta bu.
 Bu Merry

Ibuu guru gak ngerti. Dokter cinta I opo?

Semua

Ho`o Sit, doctor cinta I opo?

Siti

Gak ngerti kabeh?. Di nggo PR.
 Bu Merry

-_-

Nek kowe Kom. Cita cita mu opo?
 Kokom

Cita cita kulo sangat sederhana Bu
 Bu Merry

Opo kuwi Kom?

Kokom

Jadi anak sholehah lan mlebu surga Bu

Bu Merry

Ciri-ciri anak solehah. tepuk tangan kanggo Kokom.”

Kokom

Wes biasa wae ndadak keplok keplok. Koyok ra tau ngerti wae wong ayu ngomong

Semua

huuuuu

Bu Merry

Nek kowe Angel lan George?

Angel lan George

Artis

Bu Merry

Lho cah, cita-cita I seng berkelas ngini ki lho. Dadi ARTIS

Tejo

Ngarep…
 Bu Merry

Yo wis. Wektune istirahat

Baca Juga: 4 Contoh Naskah Drama Pendek 6 Orang Tentang Sekolah Lucu dan SIngkat

(Saat jam istirahat mereka semua mulai saling berkenalan dan keakraban pun lambat laun mulai muncul)

Joko

Hai Angel.

Angel

Hai.

Joko

Angel kowe iki bule soko ngendi tho?

Angel

Soko segitiga Bermuda

 

Joko

Segitiga bermuda kuwi ngendi,o?

(Tejo dan teman temanya datang mengganggu obrolan mereka berdua)

Tejo

We we we di goleki mubeng mubeng sekolah malah pacaran neng kini.

Joko

Urung pacaran lagi pedekate. (sedikit berbisik)

Siti

Konco konco wetengku wes kencot ki mangan neng kantin yoh

George

Kencot wi opo?

Siti

Hehh. Luwe… luwe!

George

Owh luwe yuh mangan

Kokom

Oh iyo piye engko nek mangane menu special neng kantin iki?

Angel

Panganan opo?

Joko

Sate cicak.

Angel

Haa! cicak dadi sate? Tenane?

Tejo

Angel we ojo meremehkan sate cicak manfaate iso menaikan asam urat, menaikan kolestrol, dan menaikan kebodohan.

George

Wes apik tenan kie. Pengen ngrasakne aku, soale aku rung tau kolestrolku dhuwur, asam urat ku dhuwur

Angel

Ho`o yoh di pangan. Aku yo pengen ngrasake dadi wong bodo.

Baca Juga: 4 Contoh Naskah Drama Pendek 6 Orang Tentang Sekolah Lucu dan SIngkat

(mereka semua memakan sate cicak dengan sangat lahap. Dan keluar dari kantin lalu langsung masuk kelas)

Bu Merry

Selamat siang anak-anak.

Anak-anak

Siang bu!

Bu Merry

Saiki pelajarane Bahasa Jawa. Anak-anak kabeh nggowe geguritan (puisi jawa) Temane bebas. Tak kei wektu 15 detik kudu dadi

Anak-anak

Nggeh bu.

(15 detik pun berlalu)

Bu Merry

Wes dadi anak anak? Saiki dikumpulke……  joko we maju woco geguritanmu

Joko

Nggeh bu. Ekhem ekhem.

Angel.

Raimu ayu koyok bidadari.

Kulitmu putih koyok cat omahku

Awakmu duwur koyok cagak listrik.

Senyumu manis koyo gula jowo.

Oh angel…

ai lop yuu..

semua kecuali joko dan bu merry dan angel pastine

Cie…cie

(sedangkan angel pringas pringis kegeeran)

Bu Merry

Keplok batuk kanggo joko. Siap siap meh muleh.

 

(Ning lain kehidupan ono keluarga sumringah seng lagi kerokan)

Ayu

Ya allah, tahun 2015 jek wae kerokan, masya allah mboke jaman saiki wi gak enek kerokan keles. Eneke pijet, adus banyu susu, manicure, sepa, ngunukuwi. Mboke wi ndeso.

Bu Sumringah

Wiki ojo ngunukuwi, kerokan wi warisan leluhur, warisan mbah buyut mu, lagian kerokan iki gak usah ngetoke duwit akeh wong perlu duwit cring karo balsem

Bapak

Oo, iyo nduk, opo mau adus banyu susu, banyu susu nggo adus ngono. Pora yo pliket kabeh awake ndak kerek semut kabeh wi awake.”

Ayu

Ahh… mumet ngomong karo wong seng ndeso bingit, yo wes lah bu pak aku meh kerokan mumet ngomong karo ibu karo bapak

Baca Juga: Contoh Teks Drama Bahasa Jawa 8 Orang Lucu dan Menarik

Ibu

Lha kuwi kowe yo meh kerokan ndadak ngomong nek kerokan ndeso.

Ayu

Mosok aku ngomong ngunukuwi.

Bapak

Whoo… lha bocah iki sontoloyo, ngomong opo e lali.

Ibu

Wes-wes. Mending awak dewe kerokan bareng bareng, bapak ngeroki ibu, ibu ngeroki Ayu, Ayu ngeroki bapak.

 

(Lan akhirnya mereka saling ngeroki lan dikeroki)

Ayu

Aku njaluk dhuwit, bedakku lipstiku, entek kabeh. Pokoke aku njaluk dhuwit. Soale Mas Rudy ngko bengi meh ngajak aku nonton layar tancep.

Ibu

Ibu gak nduwe dhuwit, la dhuwit ndek esok kae nandi? Wes entek?

Ayu

Alah ibu iki kokehan ngomong. Dhuwit ndek esok wes entek tak nggo nyaur utang tuku somay. Ayu njaluk dhuwit yo njaluk dhuwit kok. Nek ran dang di kei motore bapak tak guwak kali.

Bapak

Ojo nduk motore bapak kae ugung lunas, nyoh.

Ayu

Ya allah pak e dhuwit 5000 opo pas nggo tuku make up, kesuen kabeh wae ndi.

Bapak

Ojo nduk. Ojo kabeh. nek mbok jaluk kabeh ko bengi meh mangan opo?

Ayu

Meh mangan opo?. Kuwi urusane bapak. Lagian bapak iki kaet ndek mben tekan saiki nasibe mlarat terus mbendino wong kerokan.

Ibu

Kudune wiki ki ngewangi bapak kerjo. Wiki wi wes gede bukane kerjo malah pacaran.

Ayu

Wes bu rasa ceramah. Aku wes terlalu pinter nggo di ceramahi.

Ibu

Anak durhaka we nduk.

Ayu

Durhaka?. Justru durhaka wi lagi nge trand bu. Oiyo bapak karo ibu nek meh ngutuk aku kutuk aku dadi wong sugeh. Wes, Assalamu`alaikum.

(Hari pun menjelang malam. Ayu sudah siap nonton layar tancep karo Rudy)
Ayu

Pak bu. Ayu meh methu sek nonton layar tancep yha. Assalamu`alaikum.

Ibu dan bapak Sumringah

Walaikumsalam, ati-ati ya ndhuk.

(Akhirnya rudy dan ayu sampai di tempat nonton layar tancep)

Ayu

Mas Rudy, iki ameh nonton opo e?
Rudy

Piye nek nonton masha and the bear.
Ayu

setuju.

(Mereka pun langsung nonton film kesukaan mereka yaitu masha and the bear, setelah selesai….)

Rudy

Ayu aku meh ngomong  karo kowe.

Ayu

Ya allah, Mas Rudy nek ameh ngomong yo ndang ngomong ndadak ijin sek, koyok meh ra mlebu sekolah wae ndadak ijin.

Baca Juga: Contoh Naskah Drama Bahasa Sunda Komedi Lucu 4 Orang, Si Gensi Katakluk

Rudy

Yu aku ki serius.

Ayu

Iyo mas rudy aku yo serius.

Rudy

Sebenere aku… aku… aku...

Ayu

Aku gene Mas Rudy?

Rudy

Sakjane aku tibo cinta karo kowe. Kowe gelem ra dadi pacarku?

Ayu

Aku gelem mas.

Rudy

Tenane yu?

Ayu

Ciyus mas. Tenan!

Rudy

Alhamdulillah Ya Allah

Ayu

Mas Rudy kan awak dewe wes pacaran. Celukan mesra awak dewe opo?

Rudy

Opo ya... Piye nek aku nyeluk kowe Juliet.

Ayu

Berarti aku nek nyeluk kowe romeo.

Rudy

Amarga kowe wes nerimo cinta ku aku nduwe hadiah kanggo kowe.

Ayu

Opo mas?

Rudy

Ali- ali!

Ayu

Matur nuwun yo, Mas

Rudy

Enek siji engkas. Aku meh nyanyi lagu khusus kanggo kowe.

Ayu

Opo kuwi mas?

Rudy

Ayu guk guk guk

Kemari guk guk guk ayo lari lari

Ayu

Ahh... Mas rudy guyunane keterlaluan L

Rudy

Hehehe. Ora lah Ayu, makseude kuwi kowe koyo Heli, selalu mengejar-mengejar dan mengelilingi hatiku, eaaak

Ayu

Hehehe. Dadi isin aku. yo wes mas, iki wes bengi aku wedi nek di goleki ibu karo bapak, muleh yuh mas.

Rudy

Ayoh

(Mereka berdua pun pulang dengan wajah yang bahagia sekali. Pagi pun datang)

Ayu

Aku ndek bengi di tembak mas rudy lho.
Ibu

Masya allah keterlaluan kae rudy.

Ayu

Kok iso keterlaluan?

Bapak

Ngendine seng ketembak nduk?

Ayu

Hatiku pak ^_^

Bapak

Wo lha, cah kae sontoloyo anaku atine di tembak, neng rumah sakit wae yoh nduk, loro po gak?

Siti

Bapak, iIbu, maksude di tembak kuwi koyok nyatake cinta no lho, ngajak pacaran. Dudu di tembak nganggo pistol emange mbak ayu meh di eksekusi mati.

Ayu

Lha bener kuwi sing di omongke siti.

Siti

Ati-ati lho mbak. Mas Rudy kae play boy, yange sejagat.
Ayu

Cah cilik. sok tau kowe wiki ki gung ngerti opo opo. Wes ra sah komentar.

Siti

Yowes lah, Pak..Bu siti badhe mangat sekolah sek ya.

Bapak lan Ibu

Iyo.

 

(pagi ini seperti kemarin siti, joko, tejo,kokom, karo 2 bule berangkat ke sekolah. Sesampainya di sekolah)

Bu Merry

 Selamat pagi anak anak!
Anak-anak

Selammat pagi Bu guru.

Bu Merry

Dino iki bu guru seneng banget lho.

Anak-anak

ooohhh…

Bu Merry

Ngopo dadi koyok sapi kabeh, seneng no lho. Bu guru seneng amarga. Amarga desa BECHIK KETORO OLO KETITIK ameh ulang tahun ke 2020, dadi anak anak engko kudu tampil neng acara iku. Awak dewe ameh nampilke budaya jawa budaya kita dewe. Yaiku sek dewe nari, nembang, wayang lan main gamelan. Tak pilih sek… siti karo angel kowe cah loro nari tradisional jawa, cah lanang kabeh main gamelan, kecuali tejo kowe ndalang, lan kokom kowe nyanyi lagu resepsi.

Baca Juga: Contoh Materi Drama Bahasa Sunda Kelas 9 dan Kelas 12, Genre Komedi Lucu

Kokom

Kok nyanyi lagu resepsi, iki acara ulang tahun opo kawinan.

Angel

Kula mboten saget nari.

George

Aku yo mboten saget mainke gamelan.

Bu merry

Aku ndek mau po ngomong lagu resepsi. Luput Bu guru maksuku suwe ora jamu. wes kabeh rasah protes engko tak ajari.

 

(Dan kemudian Bu merry mengajarkan mereka satu per satu)

Bu Merry

Siti coba tunjukne tari mu.

Angel

Wow gerakane indah tenan.

Joko

Indah piye apikan gerakan hip hop nginiki. (Joko memperagakan tarian hip hop)

Bu Merry

Yo jelas apikan tari tradisional lah timbang ngunukuwi, wiki ojo ngunukuwi Ko, awak dewe iki kudu nglestarikake budaya Indonesia ojo nganti punah lan kalah karo budaya barat koyok opo mau tari hip hop ngunukuwi.

 

(Tak hanya tari yang di ajarkan Bu Merry, Bu Merry juga mengajarkan cara mendalang, memainkan gamelan, dan juga cara menyanyi lagu resepsi yang baik.)

Bu Merry

Wes wektune muleh ojo lali latihan neng ngomah lho, soale pentase lusa.

Anak-anak

Nggeh bu.

(Mereka pun membicarakan tentang acara latihan nanti)

Tejo

Piye nek engko latihane neng omahe siti wae
Kabeh

Oke setuju.

 

(Di keluarga sumringah ada bu sumringah yang merasa kurang seksi.)

Iklan tv

minum “langsing yuk”. Setelah minum yuk langsing badan menjadi langsing dan sexy pesan sekarang juga!

Bu Sumringah

Bapak-bapak. Aku tukukne ngunukuwi pak.

Pak Sumringah

Ngunukuwi opo tho bu?

Bu Sumringah

Kuwi lo seng koyok neng tipi. Jenenge kapsul “langsing yuk”. Ibu iki pengen langsing koyok ngunukuwi pak.

Pak Sumringah

Seng ngomong ibu gak langsing kuwi sopo tho?

Bu Sumringah

Yo ibu dewe. Ngetono kae seng neng tipi langsing, sexy, pokoke koyok ngunukuwi pak.

Pak Sumringah

Ibu ameh langsing gak langsing, opo ameh lemu selemu gajah bapak tetep cinta karo ibu. Neng mripate bapak iki ibu iki langsing, sexy, bohay, denok, debleng.

Bu Sumringah

Ihh... Bapak gombal.

Pak Sumringah

Yo tenan og bu.

 

(mereka semua langsung pulang kerumah masing masing lalu makan siang dan kemudian pergi ke rumah siti.

Teman-teman Siti

Assalamu`alaikum.

Pak Sumringah

Enek tamu bu?

Bu Sumringah

Iyo. Tak bukak sik yo pak.

Bu Sumringah

Walaikum salam. Iki kabeh rene opo nggoleki siti?

Tejo

Nggeh bu. Siti enten?

Bu Sumringah

Enek. Tak celuk sek ya. Sit..

Siti

Nggeh bu.

Bu Sumringah

Iki lho di goleki kancamu.

 

(Mereka akhirnya berlatih di teras rumah siti, tak jarang di temuai konflik saat mereka latihan)

Tejo

Suara mu elek timen o kom, nek nyanyi jowo ki nyanyi karo rodhok kemayu no lho.

Kokom

Rasah ngelek ngelek ngunukuwi we jo, rumangsa ndalang mu wes apik ngono trus ngelek-ngelek nyanyiku

Siti

Wes wes, ra sah padu kokom kowe nyanyimu seng rodhok kemayu lan kowe tejo kowe rasah keminter, ndalang mu wi yo jek elek, pokoke kabeh ndang latihan seng apik supoyone pas pentas hasile memuasne.

Joko

Siti… George ki lho mosok nyebul suling koyok nyemprit seng apik no lho ojo sumbang.”
George

Iyo iyo,maaf.

Angel

Siti, narine angel banget aku nyerah ti, aku gak iso lemes banget koyok kowe mending sing nari kowe wae aku tak nonton wae ra popo.

Siti

Angel,jane narimu yo apik, lagian kan kowe wong bule dadi aku iso makhlum, gak popo ayo latihan meneh engko mesti iso.

Angel

Gak iso aku ti. Maaf aku gak iso. (Angel pergi)

Kabeh

Angel.. tunggu sek.

Baca Juga: Arti dan Makna Drama 365 Hampir Usai Viral di TikTok, Inilah Kumpulan Ucapan dan Artinya

Siti

Angel wiki ojo ngunukuwi no lho. Lagian aku yo iso makhlum kok nek kowe ra pati iso. Gak popo tak warahi engko yo iso. Pokoke kowe focus latihan wae. Engko yo iso.

Angel

Gak usah munafik we sit. Aku ngerti kowe cuman omong kosong. Kowe ngakon aku pentas dengan gerakan ku seng acak acakan, ben kabeh wong seng nonton muji kowe lan ngelek ngelek aku.

Siti

Ya allah, Angel. Aku gak nduwe maksud ngunukuwi blas karo kowe. Justru aku seng ora pede lan kabeh wong muji kowe. Amarga kowe wong bule tapi gelep sinau nari. Nek nariku apik kuwi wis biasa soale aku wong asli jowo.

Tejo

Angel ojo egois ngunukuwi. Ayo latihaneh soale lusa awak dewe wes pentas.

Angel

Iyo. Maaf yo konco konco. Terutama kowe sit maaf yah aku wes berprasangka buruk karo kowe.

Siti

Gak popo. Aku ngerti kok. (Dan mereka berdua berpelukan)

 

(Di lain tempat ada suatu kejadian tragis)

Rudy

Assalamu`alaikum.

Ayu

Walaikum salam. Eh romeo ono opo?

Rudy

Ngene aku meh ngajak kowe jalan jalan.

Ayu

Yo. Tak siap siap sek ya.

Rudy

Dandan seng ayu lho.

(Cling cling…)

Ayu

Ayuk mas rudy.

Rudy

Ayuk!

 

(Rudy dan Ayu goncengan numpak becak menuju taman)

Rudy

Ayu. Taman iki indah banget ya, sejuk. Koyok perasaanku nek lagi ketemu kowe.

Ayu

Ahhh. Mas Rudy gombal.

Rudy

Tapi koyoke iki terakhir kali aku ngeti raimu.

Ayu

Mas Rudy iki ngomong opo tho. Koyok sesuk meh mati wae.

Rudy

Maaf ya yu. Koyoke hubungan awak dewe gak iso di lanjutke. Soale aku ameh di jodohke karo ibuku.

Ayu

Mas Rudy gak guyon?

Ayu

Mas Rudy jahat. Jare ndek ingi ngomong nek cinta karo aku. Tapi awak dewe lagi pacaran sedino. Mas Rudy meh ngajak putus. Aku iki kurang opo tho Mas Rudy. Mesti karo wong seng di jodohke ibu mu jek ayu aku banget.

Rudy

Iyo. masalahe nek aku ra nuruti permintaan ibuku, ibuku ameh bunuh diri.

Ayu

ngantek ngunukuwi.

Rudy

Yowes ya Yu. Selamat tinggal…

Ayu

Mas Mudyyyy…

 

(akhirnya Ayu pulang dengan hati sedih dan bernyanyi…

Ayu

Cinta satu hari oh indahnya cinta satu hari buatku melayang walau satu hari akan slalu ku kenang dalam hidupku….(di ulang terus sampai di rumah)

Ibu

Wiki gene o nduk nyanyi karo nangis koyok wong setres.

Ayu

Ibu, Bapak, Ayu nyuwun ngapura ya Pak, Bu.”

Bapak

Sak durunge kowe nyuwun ngapura karo bapk karo ibu. Wis awak dewe maafke, iyo tho bu?

Ibu

Iyo bener pak. La wiki iki gene tho?
Bapak

opo bar kesambet wit beringin?

Ayu

Sekata-kata wae bapak iki. Ayu bar di putusku Mas Rudy pak. Huhuhu.(nangis)

Ibu

Lha kok iso?
Bapak

Po ra kowe lagi wae jadian mosok wes putus?

Ayu

Iyo pak tenan soale Mas Rudy ameh di jodohke karo mboke.

Ibu

Yo seng sabar ya nduk. Wes ndang adus kono ngko tak jak neng kali.

Ayu

Neng kali ngopo bu?

Ibu

umbah umbah.

Ayu

oalah.

Ibu

ha mbok kiro opo?

Ayu

Yowes.

 

(kukuruyuk. Pagi pagi. Di pagi ini siti dan temanya gladi resik untuk pentas besok paginya.)

Kokom

Aku gak sabar ameh sesok.

Joko

Alah ndadak ra sabar. Ameh saiki ameh sesuk raimu yo jek ngunukuwi wae, koyok Angel ki lho raine semakin hari tambah bersinar lan ayu.

Angel

hihihi.

Baca Juga: TEKS Pidato Bahasa Jawa Isra Miraj PDF 2023, Cocok Nih Untuk Lomba Sekolah

Siti

Wes ojo menghina ngunukuwi jok. Mending bahas seng lain. Piye persiapane nggo sesuk opo seng urung di kuasai, lan opo seng angel?

Angel

Jujur ya sit, pertama ne angel banget tapi setelah aku wis iso, aku bangga banget. Setelah tak pahami gerakane, aku seneng banget iso nari sekaligus nglestarike budaya Indonesia. Meskipun aku dudu wong asli Indonesia.
Siti

Alhamdulillah. Tapi saiki tari jek di anggap kuno karo anak anak Indonesia laine. Pokoke awak dewe sebagai anak Indonesia kudu nglestarike budaya kita terutama tarian supaya kabeh anak anak Indonesia kabeh iso nari lan mencintai tarian tradisional.

Tejo

Pokoke awak dewe selaku anak Indonesia wajib nglestarike budaya Indonesia. Ojo sampek budaya seng beragam iki di rampas karo bangsa lain. Setuju?!

Kabeh

Setuju.

Semua

Kami selaku anak Indonesia akan berusaha keras melestarikan budaya Indonesia.. yeeeeyyy!!!

 

(Sampailah anak anak Tersebut di tempat yang besok akan di gunakan untuk ulang tahun desa bechik ketoro olo kethitik)

Bu Merry

Akhirnya kowe kabeh teko, 1 jam aku nunggu kowe kabeh. Piye wes apal kabeh po rung?

Tejo

Nyuwun ngapura bu nggawe bu guru nunggu nganti sejam.

Bu Merry

Gak popo, seng penting kowe kabeh wes teko.

Siti

Alhamdulillah kabeh wis apa bu.

Bu Merry

Alhamdulillah, ndang latihan meneh ben tambah apal ya.

Angel

Awak dewe latihan neng panggung saiki ngantos mmboten bu. Supoyone sesok pas pentas mboten grogi.”

Bu Merry

Entuk-entuk.”

Kabeh

Yeyyy!

 

(Mereka pun menuju panggung lalu latihan.)

Siti

Muleh yoh.

Kabeh

Yoh!

 

(Mereka pun pulang. di keluarga pak sumringah ada ayu yang lagi galau)

Ayu

Siti…

Siti

Ono opo mbak?

Ayu

Mbak lagi galu kie. Mbak bingung kudu mileh nonton acara ulang tahun desa bechik ketoro olo ketitik opo nonton bioskop nonton masha and the bear…

Siti

Nek aku dadi kowe ya mbak aku jelas lebih milih nonton acara ulang tahun deso bechik ketoro olo kethitik.

Ayu

Tapi masalahe nek aku gak nonton masha and the bear aku gak bakal iso nonton neng lain dino, soale wong di putar sesuk thok.

Siti

Lha piye,sak sakmu o mbak.

Ayu

yowes lah aku nonton acara ulang tahun bechik ketoro olo kethitik wae lah.”

Siti

Pinter

Baca Juga: Cerita Rakyat Bahasa Jawa Nyi Roro Kidul, Cocok Cerita Bagi Anak Singkat dan Menarik

(Akhirnya hari ulang tahun Desa Bechik Ketoro olo Kethitik pun datang)

Bu Merry

Assalamu`alaikum.

Semua

Wa`alaikum salam.

Bu Merry

Alhamdulillah, Desa Bechik Ketoro olo Kethitik ulang tahun ke 2020.

Semua

Yeeeyy

Bu Merry

Acara dimulai saking pembukaan, nyanyi sugeng ambal warsa, pentas anak anak ngangge tema budaya, lan di akhiri doa.

Bu Merry

Mari nyanyi lagu sugeng ambal warsa.

sugeng ambal warsa kita ucapaken, sugeng dowo umur kito doaken, sugeng sejahtera waras  sentosa, sugeng amba warsa lan seneeng Damu liline damu liline damu liline saiki wae saiki wae saiki wae, kethok kuene kethok kuene ketok kuene saiki wae saiki wae… saiki wae.

Bu Merry

Lan saiki wektune kito mirsani anak anak kang podo pentas. Dianyaki saking nari oleh siti putri bapak sumringah lan angel putri bapak venus.

Ibu

Pak kae siti pak anake awak dewe pentas.

Bapak

Iyo bu bapak bangga, jebulane dengan arus globalisasi seng banter, anak-anake dewe jek bangga lan terus ngelestarike budaya jawa.

Ibu

Iyo pak, semoga budaya iki terus enek nganti cucu cucu awak dewe engko ya pak.

Bapak

Aminnn.

Ayu

Cemungud dek.

 Bu Merry

Penampilan tari sampun paripurna saiki penampilan dalang saking bejo.

Bu Merry

Lan saiki penampilan kang terakhir yaiku lagu saking kokom di iringi gamelan saking joko lan George.

Bu Merry

Pentas hari ini selesai dan di tutup dengan doa, yang dipimpin kaliyan bapak kula bapak sumringah.

Bapak Sumringah

Hadirin sedoyo. Mari kita panjatkan doa ke allah swt berkat Nya desa kito panjang umur nganti umur 2020, semoga deso kita selalu ngekeki ketentraman kangge kito sedoyo, lan budaya kang isih ngelekat ing deso kita ojo nganti punah, lan tetep lestari nganti anak cucu kito mengke. Amin amin ya robal `alamin.”

(pentas akhirnya selesai dan drama kita selesai)

contoh naskah drama 11 orang Bahasa Jawa singkat, cerita rakyat, pendidikan dan komedian.***

Penulis Skenario Drama Jawa : Storyofluthfiyyah

Editor: Sauqi Romdani


Tags

Artikel Pilihan

Terkait

Terkini

Terpopuler

Kabar Daerah

x