LINK DOWNLOAD Khutbah Idul Adha 2023 PDF Bahasa Jawa dari Kemenag dan NU Online Secara Singkat dan Jelas

- 28 Juni 2023, 14:39 WIB
Link download khutbah Idul Adha 2023 PDF Bahasa Jawa dari Kemenag, NU Online secara singkat dan jelas tentang Nabi Ibrahim dan kurban
Link download khutbah Idul Adha 2023 PDF Bahasa Jawa dari Kemenag, NU Online secara singkat dan jelas tentang Nabi Ibrahim dan kurban /GregMontani/Pixabay

SUMENEP NEWS - Link download khutbah Idul Adha 2023 PDF Bahasa Jawa dari Kemenag, NU Online secara singkat dan jelas untuk para khotib unduh.

Tautan link download khutbah Idul Adha 2023 Bahasa Jawa format Word, Doc, dan PDF sudah disediakan secara gratis.

Para khotib dapat membaca khutbah Idul Adha 2023 Bahasa Jawa PDF dengan download melalui tautan link versi Kemenag, NU Online.

Baca Juga: Link Download KHUTBAH IDUL ADHA dari KEMENAG Tahun 1444 Hijriyah atau 2023 Masehi: Singkat, Padat Bentuk PDF

Materi khutbah Idul Adha 2023 Bahasa Jawa PDF Kemenag dan NU Online ini berisi tentang perayaan Idul Adha dan Ibadah Haji.

Selain itu, ketaqwaan kepada Allah dengan berkurban bagi yang mampuh serta dikaitkan dengan kisah Nabi Ibrahim.

Untuk itu, Anda bisa download teks khutbah Idul Adha 2023 Bahasa Jawa PDF secara lengkap, singkat dan menggunakan bahasa yang halus.

Baca Juga: KHUTBAH IDUL ADHA 2023 Bahasa Madura PDF dan Word Secara Singkat, Jelas dan Menggunakan Bahasa yang Halus

KHUTBAH PERTAMA

اَللهُ أَكْبَرُ اَللهُ أَكْبَرُ اَللهُ أَكْبَرُ، اَللهُ أَكْبَرُ اَللهُ أَكْبَرُ اَللهُ أَكْبَرُ، اَللهُ أَكْبَرُ اَللهُ أَكْبَرُ اَللهُ أَكْبَرُ ، اَللهُ أَكْبَرُ كَبِيْرًا وَاْلحَمْدُ للهِ كَثِيْرًا وَسُبْحَانَ اللهِ بُكْرَةً وَأَصِيْلاً، لَا إِ لَهَ إِلَّا اللهُ، وَاللهُ أَكْبَرُ ، اَللهُ أَكْبَرُ وَلِلَّهِ الْحَمْدُ

الْحَمْدُ للهِ الَّذِى جَعَلَ لِلْمُسْلِمِيْنَ عِيْدَ اْلفِطْرِ بَعْدَ صِياَمِ رَمَضَانَ وَعْيدَ اْلاَضْحَى بَعْدَ يَوْمِ عَرَفَةَ. اَشْهَدُ اَنْ لاَ اِلَهَ اِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَاَشْهَدٌ اَنَّ سَيِّدَناَ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ. اللهُمَّ صَلِّ عَلىَ سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى اَلِهِ وَاَصْحَابِهِ الَّذِيْنَ اَذْهَبَ عَنْهُمُ الرِّجْسَ وَطَهَّرْ

اَمَّا بَعْدُ: فَيَا مَعَاشِرَ المُسلمِيْنَ رَحِمَكُمُ اللهُ، اِتَّقُوْا اللهَ حَقَّ تُقُاتِهِ وِلا تَمُوْتُنَّ إِّلا وَأَنْتُمْ مُسْلِمُوْنَ، قال الله تعالى فى القُرانِ العَظيم بسم الله الرحمن الرحيم وَإِذِ ابْتَلَىٰ إِبْرَاهِيمَ رَبُّهُ بِكَلِمَاتٍ فَأَتَمَّهُنَّ ۖ قَالَ إِنِّي جَاعِلُكَ لِلنَّاسِ إِمَامًا ۖ قَالَ وَمِن ذُرِّيَّتِي ۖ قَالَ لَا يَنَالُ عَهْدِي الظَّالِمِينَ. وَاعْلَمُوا أنَّ يَوْمَكُمْ هَذَا يَومٌ عَظِيْمٌ. يَوْمٌ ابْتَلَى اللَّهُ إبْرَاهِيْمَ علَيْهِ السَّلامُ بِالأمْرِ بِذَبْحِ ابْنِهِ فَصَبَرَ وَامْتثَلَ. فَجَعَلَ اللَّهُ جَزَائَهُ اْلحُسْنَى

Kaum Muslimin Muslimat Rahimakumullah.

Sumangga kita sesarengan tansah nambahi taqwa lan tha’at kita dateng Allah kanti mbudi daya murih saget nindakaken sedaya dawuh lan perintahipun, saha nilar lan nebihi sedaya cegah lan awisanipun. Sikap mental ingkang mekaten kedah manjing dados kepribadian tumrap tiang mukmin. Kanjeng Nabi Sallallahu ‘alaihi wa sallam paring dawuh:

“Wedia sira ing Gusti Allah, ing endi nggon ana sira, tut burenana kaelekan iku kelawan kebecikan, jalaran kebecikan iku bisa nglebur kaelekan, lan gawea budi pekerti sira kelawan budi pakerti kang becik”. (HR.Turmudzi)

Baca Juga: Contoh Balasan Selamat Hari Raya Idul Adha 2023 Keren dan Terbaru dari Sahabat dan Rekan Kerja

اللهُ أَكْبَرُ اللهُ أَكْبَرُ اللهُ أَكْبَرُ وَلِلّٰهِ الْحَمْدُ

Kaum Muslimin Muslimat, Rahimakumullah,

Enjang punika kita sesarengan makempal ing papan punika nindakaken shalat idul Adhha kanti berjama’ah. Sedaya siaga nderek dateng komando saking imam. Mekaten ugi kita gesang ing masyarakat mboten benten kados anggen kita jama’ah menika.

Minangka makmum siap nderek tutwuri andayani dateng dawuh imam. Menawi imam klentu makmum ingkang paling caket kedah ngemutaken dateng imam. Mekaten ugi shalat Ied punika ngrupekaken ikrar bersama kagem ngengungaken lan ngluhuraken Asma dalem Allah. Sedaya anggadahi tekat ngumawula namung dateng Allah kanti ngajeng ajeng karidlan saking ngarsanipun Allah Ta’ala.

اللهُ أَكْبَرُ اللهُ أَكْبَرُ اللهُ أَكْبَرُ وَلِلّٰهِ الْحَمْدُ

Kaum Muslimin Muslimat, Rahimakumullah, Wonten ing dinten punika Allah memerintahkan dateng kita supados nindakaken ibadah Qurban tumrap kita ingkang pinaringan kajembaran rizki.

Baca Juga: Kumpulan Ucapan dan Balasan Selamat Hari Raya Idul Adha 2023 Terbaru untuk Sahabat dan Rekan Kerja Penuh Makna

Ibadah Qurban, dipun syari’ataken punika minangka sarana taqorrub nyaketaken diri dateng Allah, minangka bukti ketha’atan dateng Allah, kanti nglilakaken sak perangan hak milik kita,
banda kita ingkang arupi hewan ternak menda utawi lembu lajeng kasembelih minangka qurban.

Sanes daging menapa dene rahipun khewan qurban ingkang katur dateng Allah, ananging ketha’atan, lan ketaqwaan dateng Allah ingkang bade kunjuk wonten ngarsanipun Allah. Dawuhipun Al Qur’an:

لَنْ يَّنَالَ اللّٰهَ لُحُوْمُهَا وَلَا دِمَاۤؤُهَا وَلٰكِنْ يَّنَالُهُ التَّقْوٰى مِنْكُمْۗ كَذٰلِكَ سَخَّرَهَا لَكُمْ لِتُكَبِّرُوا اللّٰهَ عَلٰى مَا هَدٰىكُمْ ۗ وَبَشِّرِ الْمُحْسِنِيْنَ

“Ora pisan pisan bakal tumeka ing ngarsanipun Allah daging daginge unta lan getihe, ananging taqwanira kang bakal nggayuh karidlane Allah”. (QS. Al Hajj : 37).

Wondene dagingipun qurban manfa’atipun wangsul dateng sesami, minangka amal sosial. Sahingga syari’at qurban punika anggadahi manfa’at ganda, saking arah hablum minallah minangka kumawula dateng Allah kanti ikhlas. Dene hablum minannas ipun minangka amal sosial ingkang tumanduk dateng sesami.

Saking arah sanes, qurban estunipun ngengetaken manungsa supados giat mbangun ekonomi ingkang sae saha ndidik semangat pribadi lan jiwa ingkang sosial lan tanggap dateng urusan kemasyarakatan.

Sedayanipun tentu katindakaken kerana Allah lan namung murih dateng karidlanipun. Saking segi sanesipun berqurban punika kinarya srana mediasi nggalang dateng kemanunggalan umat, saha sarana nyaketaken antawis tiyang sugih, lebih luwih, lan ingkang miskin sarwa kekirangan, sahingga mboten wonten garis pemisah antawis kekalihipun.

Baca Juga: 6 Amalan Sunnah Seperti Kebiasan Rasulullah Menjelang dan Tibanya Hari Raya Idul Adha

Menawi estu estu saget nggadahi fungsi mekaten qurban menika, tentu gesangipun manungsa tansah tenang lan ayem tentrem. Tiyang tiyang miskin mboten nate rumaos kesia sia lan ina, malah rumaos dipun tresnani lan dipun welasi, sahingga mboten cemas ngadepi pagesangan punika. Mekaten ugi ingkang sugih mboten nate kuatos dipun drengkeni lan dipun mengsahi dening tiyang miskin. Sahingga mboten nate wonten raos nindes lan nganiaya dateng fakir miskin, malah raos tresna lan welas ingkang tansah tuwuh ing manahipun.

Mekaten ugi sesambetan antawis pemerintah lan ingkang dipun perintah, antawis pendatang lan penduduk asli, sedaya tansah guyup rukun, gesang berdampingan kanti sae mboten nate tuwuh kecemburuan, raos iri lan drengki. Kados ingkang kagambaraken dening Allah ing dawuhipun:

“Tumrape wong wong fekir kang pada hijrah kang di usir sangka desane lan bandane, mung kerana murih kanugerahan lan karidlan sangka Allah, lan wong wong kuwi tansah mitulungi agamane Allah lan utusane. Ya wong wong kang kaya mengkono kuwi wong kang pada bener”.( QS. Al Hasyr : 8).

اللهُ أَكْبَرُ اللهُ أَكْبَرُ اللهُ أَكْبَرُ وَلِلّٰهِ الْحَمْدُ

Kaum Muslimin Muslimat, Rahimakumullah. Syari’at ibadah qurban, menika minangka ibadah ngumawula dateng ngarsanipun Allah, lan ugi minangka amal ingkang berfungsi sosial ingkang sanget dipun raosaken manfa’atipun dening para manungsa. Pramila gamblang bilih syari’at agami kita punika tansah mbekta dateng keseimbangan antawis perkawis kalih hablum minallah lan hablum minannas, antawis duniawi lan ukhrawi. Sahingga para kawulanipun ngraosaken berkah lan faedah ingkang katah ing dinten riyaya punika

اللهُ أَكْبَرُ وَلِلّٰهِ الْحَمْدُ

Kita nindakaken ibadah qurban ugi kerana nderek tindak dalem Bapa kita Nabi Ibrahim ‘Alaihis salam. Dawuhipun Allah ing Al Qur’an :

Baca Juga: Ketentuan Istimewa yang Harus Diketahui Wanita Sebelum Berangkat Sholat Idul Adha Walaupun Sedang Haid

ثُمَّ اَوْحَيْنَآ اِلَيْكَ اَنِ اتَّبِعْ مِلَّةَ اِبْرٰهِيْمَ حَنِيْفًا ۗوَمَا كَانَ مِنَ الْمُشْرِكِيْنَ

...nderereka sira marang agamane Ibrahim kang lurus, lan Ibrahim iku dudu golongane wong kang pada anyekuthokake”.(QS. An Nahl : 123).

Kita nderek tuladanipun Bapa kita Nabi Ibrahim lan sedaya keluarga, garwa lan putranipun. Insya Allah kita kaparingan drajat luhur menggahipun Allah. Kawontenan kita bade langkung sae, manah langkung tentrem, Insya Allah kita bade manggih karaharjan lan kemakmuran. Allah sampun paring pangandika

مَنْ عَمِلَ صَالِحًا مِّنْ ذَكَرٍ اَوْ اُنْثٰى وَهُوَ مُؤْمِنٌ فَلَنُحْيِيَنَّهٗ حَيٰوةً طَيِّبَةًۚ وَلَنَجْزِيَنَّهُمْ اَجْرَهُمْ بِاَحْسَنِ مَا كَانُوْا يَعْمَلُوْنَ

“sing sapa wonge ‘amal shalih nindak ake kebecikan, lanang utawa wadon, ing mangka wong iku beriman, mesti wae wong iku tak paringi panguripan kang makmur. (QS. An Nahl :97)

Mugi mugi semangat pangurbanan kanti raos ikhlas tansah tumanem konjem wonten ing sak lebetipun manah kita sedaya, sahingga kita saget pinaringan kawilujengan, saha kebahagiaan,
wusananipun manggih kabekjan lan pikantuk karidlan saking ngarsa dalem Allah swt.

Amiin ya Robbal ‘alamiin

Baca Juga: Adab Adab Sebelum Sholat Idul Adha Sesuai Sunnah, Lengkap yang Harus Diketahui Sebelum Berangkat

KHUTBAH KEDUA

اَللهُ أَكْبَرُ اَللهُ أَكْبَرُ اَللهُ أَكْبَرُ، اَللهُ أَكْبَرُ اَللهُ أَكْبَرُ اَللهُ أَكْبَرُ اَللهُ أَكْبَرُ، اللهُ اَكْبَرْ كبيرا وَاْلحَمْدُ للهِ كَثِيْرًا وَسُبْحَانَ الله بُكْرَةً وَ أَصْيْلاً لاَ اِلَهَ اِلاَّ اللهُ وَاللهُ وَ اللهُ اَكْبَرْ اللهُ اَكْبَرْ وَللهِ اْلحَمْدُ

اَلْحَمْدُ للهِ عَلىَ اِحْسَانِهِ وَالشُّكْرُ لَهُ عَلىَ تَوْفِيْقِهِ وَاِمْتِنَانِهِ. وَاَشْهَدُ اَنْ لاَ اِلَهَ اِلاَّ اللهُ وَاللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَاَشْهَدُ اَنَّ سَيِّدَنَا مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ الدَّاعِى اِلىَ رِضْوَانِهِ. اللهُمَّ صَلِّ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى اَلِهِ وَاَصْحَابِهِ وَسَلِّمْ تَسْلِيْمًا كَثيْرًا

أَمَّا بَعْدُ: فَيَا عِبَادَ اللهِ، اِتَّقُوا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ تَكُوْنُوْا عِنْدَهُ مِنَ الْمُفْلِحِيْنَ الْفَائِزِيْنَ. وَصَلُّوْا وَسَلِّمُوْا عَلىَ خَاتَمِ النَّبِيّيْنَ وَإِمَامِ الْمُتَّقِيْنَ ، فَقَدْ أَمَرَكُمْ بِذَلِكَ الرَّبُّ الْكَرِيْمُ فَقَالَ سُبْحَانَهُ قَوْلاً كَرِيْمًا: إِنَّ اللَّهَ وَمَلائِكَتَهُ يُصَلُّونَ عَلَى النَّبِيِّ يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا صَلُّوا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوا تَسْلِيمًا .وَاْعلَمُوْا يَا إِخْوَانِي رَحِمَكُمُ اللهَ أَنَّ يَوْمَكُمْ هَذَا يَوْمُ اْلعِيْدِ وَيَوْمُ اْلفَرَحِ وَالسُّرُوْرِ، فَاشْكُرُوا اللهَ تَعَالَى بِالتَّكْبِيْرِ وَالتَّهْلِيْلِ إِنَّهُ غَفُوْرٌ شَكُوْرٌ، اَللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ سَيِّدِ الْمُرْسَلِيْنَ، وَعَلَى اَنْبِيآئِكَ وَرُسُلِكَ وَمَلآئِكَةِ اْلمُقَرَّبِيْنَ وَارْضَ اللّهُمَّ عَنِ اْلخُلَفَاءِ الرَّاشِدِيْنَ اَبِى بَكْرٍوَعُمَروَعُثْمَان وَعَلِى وَعَنْ بَقِيَّةِ الصَّحَابَةِ وَالتَّابِعِيْنَ وَتَابِعِي التَّابِعِيْنَ لَهُمْ بِاِحْسَانٍ اِلَى يَوْمِ الدِّيْنِ وَارْضَ عَنَّا مَعَهُمْ بِرَحْمَتِكَ يَا اَرْحَمَ الرَّاحِمِيْنَ

اَللهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُؤْمِنِيْنَ وَاْلمُؤْمِنَاتِ وَاْلمُسْلِمِيْنَ وَاْلمُسْلِمَاتِ اَلاَحْيآءُ مِنْهُمْ وَاْلاَمْوَاتِ اللهُمَّ اَعِزَّ اْلاِسْلاَمَ وَاْلمُسْلِمِيْنَ وَأَذِلَّ الشِّرْكَ وَاْلمُشْرِكِيْنَ وَانْصُرْ عِبَادَكَ اْلمُوَحِّدِيَّةَ وَانْصُرْ مَنْ نَصَرَ الدِّيْنَ وَاخْذُلْ مَنْ خَذَلَ اْلمُسْلِمِيْنَ وَ دَمِّرْ اَعْدَاءَالدِّيْنِ وَاعْلِ كَلِمَاتِكَ اِلَى يَوْمَ الدِّيْنِ. اللهُمَّ ادْفَعْ عَنَّا اْلبَلاَءَ وَاْلوَبَاءَ وَالزَّلاَزِلَ وَاْلمِحَنَ وَسُوْءَ اْلفِتْنَةِ وَاْلمِحَنَ مَا ظَهَرَ مِنْهَا وَمَا بَطَنَ عَنْ بَلَدِنَا اِنْدُونِيْسِيَّا خآصَّةً وَسَائِرِ اْلبُلْدَانِ اْلمُسْلِمِيْنَ عآمَّةً يَا رَبَّ اْلعَالَمِيْنَ. رَبَّنَا آتِناَ فِى الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِى اْلآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ. رَبَّنَا ظَلَمْنَا اَنْفُسَنَاوَاِنْ لَمْ تَغْفِرْ لَنَا وَتَرْحَمْنَا لَنَكُوْنَنَّ مِنَ اْلخَاسِرِيْنَ

عِبَادَ الله! اِنَّ الله يَأْمُرُ بِالْعَدْلِ وَ الْإِحْسَانِ وَ اِيْتَاءِ ذِى الْقُرْبَى وَ يَنْهَى عَنِ الْفَحْشَاءِ وَ الْمُنْكَرِ وَ الْبَغْىِ يَعِظُكُمْ لَعَلَّكُمْ تَذَّكَّرُوْنَ فَاذْكُرُوْا الله الْعَظِيْمَ يَذْكُرْكُمْ وَ

اشْكُرُوْهُ عَلَى نِعَمِهِ يَزِدْكُمْ وَ لَذِكْرُ اللهِ اَكْبَرُ وَ اللهُ يَعْلَمُ مَا تَصْنَعُوْنَ

LINK DOWNLOAD Klik DISINI

***

Editor: Sauqi Romdani


Tags

Artikel Pilihan

Terkait

Terkini

Terpopuler

Kabar Daerah