3 Pidato Perpisahan Kelas 9 Bahasa Jawa Untuk Ujian Praktek Singkat dan Pendek di Tahun 2024

- 10 Februari 2024, 19:41 WIB
Contoh pidato perpisahan kelas 9 Bahasa Jawa untuk ujian praktek secara lengkap untuk jadi bahan belajar dan materi
Contoh pidato perpisahan kelas 9 Bahasa Jawa untuk ujian praktek secara lengkap untuk jadi bahan belajar dan materi /Pexels.com / Pixabay/

Para rawuh ingkang kinurmatan,
Sampun tigang warsa para senior kelas 9 sinau wonten ing pawiyatan menika, mugi-mugi panjenengan saget pikantuk ilmu ingkang migunani saking pendidikan ingkang dipun paringaken dening para guru.

Baca Juga: 2 Teks Pidato Perpisahan Sekolah yang Mengharukan dan Menyentuh Hati, Cocok untuk SD, SMP, maupun SMA

Mugi-mugi sasampunipun lulus saking pawiyatan menika, panjenengan sedaya saged nglajengaken dhateng jenjang ingkang langkung inggil saha saged ndadosaken bangganipun sekolah menika.

Kula minangka wakil saking sedaya siswa kelas 7 nyuwun pangapunten menawi sadangunipun anggen kula matur saha tumindak ingkang boten remen dhumateng panjenengan sedaya.

Kita pamit, mugi-mugi perjuangan kangge nggayuh cita-cita panjenengan saged kasembadan.

Mekaten ingkang saged kula aturaken, nyuwun pangapunten menawi wonten tembung-tembung ingkang kirang remen dhumateng para rawuh sedaya.

Wabillahitaufik walhidayah Wassalamualaikum warahmatullahi wabarakatuh.

3. Pidato Perpisahan Sekolah Bahasa Jawa

Assalamu'alaikum wr. wb

Ingkang kinurmatan Bapak Kepala Sekolah ugi Bapak - Ibu Guru ingkang satuhu luhuring budi lan rencang - rencang kelas 9 ingkang kula tresnani.

Monggo kito sedaya ngaturaken puji syukur dhumateng Gusti ingkang maha Agung ingkang sampun maringaken sedoyo nikmat lan kewarasan dateng kito sedoyo dumugi sakmeniko kito sedaya saged kempal wonten ing adicara perpisahan sak manika.
Kula, wakil saking rencang - rencang kelas 9 ngaturaken maturnuwun ingkang sak ageng-agengipun kagem Bapak / Ibu Guru ingkang sampun mbulawantah kulo lan sak konco-konco dateng pawiyatan menika ingkang dangunipun tigang warsa.

Mboten keraos kolo lan rencang sebrayat sampun ngelampahi ngangsu kawruh wonten ing pawiyatan mriki. Wonten ing adicara menika, kulo kiyambak tuhu rencang - rencang nyuwun agenging pangapunten sangking Bapak / Ibu guru amargi wonten ing tigang warso ngangsu kawruh wonten pawiyatan mriki kulo lan sak rencang mebo menawi gadhah kalepatan ingkang dipun sengojo lan mboten disengojo. Mugi - mugi Bapak / Ibu guru kerso ngapuntenaken sedoyo kelepatan kulo lan rencang - rencang.

Baca Juga: Ucapan Valentine Days 2024 Menarik dan Romantis untuk Pacar : Tanda Cinta dari Hati Terdalam

Satuhunipun kulo lan sak konco awrat sanget badhe nilaraken pawiyatan menika amargi sedoyo ingkang wonten dateng mriko sampun kados sederek lan kaluargo. Namung amargi kulo lan rencang - rencang kedah nglanjutaken ngangsu kawruh wonten ing pawiyatan ingkang luwih inggil, kulo lan rencang - rencang kedah saget dening ikhlas nilaraken pawiyatan menika.

Kadosipun sampun cekap anggenipun kulo matur. Bilih menawi wonten kalepatan kulo nyuwun agenging pangapunten.

Wasslamu'alaikum wr. wb

***

Halaman:

Editor: Sauqi Romdani


Tags

Artikel Pilihan

Terkini

Terpopuler

Kabar Daerah