3 Pidato Perpisahan Kelas 9 Bahasa Jawa Untuk Ujian Praktek Singkat dan Pendek di Tahun 2024

- 10 Februari 2024, 19:41 WIB
Contoh pidato perpisahan kelas 9 Bahasa Jawa untuk ujian praktek secara lengkap untuk jadi bahan belajar dan materi
Contoh pidato perpisahan kelas 9 Bahasa Jawa untuk ujian praktek secara lengkap untuk jadi bahan belajar dan materi /Pexels.com / Pixabay/

1. Contoh Pidato Perpisahan Bahasa Jawa Singkat

Pembukaan Pidato Perpisahan Bahasa Jawa :
Assalamu’alaikum Wr.Wb

Bapak Kepala sekolah ingkang setuhu kula bekteni.
Bapak Ibu guru ingkang dahat kinurmatan.
Serta rencang-rencang kelas 9 lan adhik-adhik ingkang kula tresnani.
Ing wekdal niki, mangga kita sedaya panjataken puji syukur dhumateng Gusti
Ingkang Maha Agung krana rahmatipun kta saged kempal ing acara perpisahan
sakmenika kanthi sehat wal’afiat.

Bapak ibu guru ingkang kula bekteni, kula minangka wakil kelas 9 , ngaturaken
sagunging panuwun dene bapak ibu guru sampun ikhlas maringi ilmu , pitedah-pitedah
saha bimbingan ingkang mboten namung sekedhik paedahipun.
Kula mboten saged atur piwales punapa-punapa , namung atur pudya wonten
ngarsaning pangeran mugi sedaya amal kesaenan angsal piwales kang samurwat
saking gusti ingkang murbeng dumadi.

Ingkang kaping kalih , kula tansah ngaturaken maturnuwun lan pangapunten
kangge bapak ibu guru ingkang dados kecewa, nelangsa lan nesu amargi kekhilafan
kita sedaya.

Baca Juga: Contoh Sambutan Bunda PAUD Pada Acara Perpisahan Sekolah Terbaru, Lengkap dan Singkat

Kula cekapi atur panampi pamitan punika , menawi wonten kiranging atur kula
tansah nyuwun agunging pangkasama.
Wassalamu’alaikum Wr.Wb

Isi Pidato Perpisahan Bahasa Jawa :
Sugeng siang sedaya kemawun...Ingkang dahad kinormatan Bapak Kepala Sekolah SMPN 1 Bojonegoro, bapak ugi ibu guru, staf TU, konco-konco ugi adek-adek sedaya kemawon ingkang kula tresnani. Sapisan, monggo kita sedaya sesarengan ngaturaken puji syukur dumateng Gusti ingkang Maha Agung, Ingkang sampun maringaken nikmat kewarasan dumateng kita sedaya. Dados kita sedaya saget sesarengan kempal dhateng adicara perpisahan siswa kelas 9 sapunika.
Kula siswa kelas 9B ingkang tinanggenah guru kagem mewakili konco-konco kelas 9 kagem ngaturaken matur sembah suwun kula sakonco namung saget ngaturaken ucapan matur sembah nuwun kagem sedaya bapak ibu guru ingkang sampun mbulawantah kula sakonco dangunipun tigang warsa dateng pawiyatan menika.

Kula sakonco inggih badhe nyuwun pangestunipun supados kula sakonco saget nglebeti pawiyatan enggal ingkang sae ingkang sampun dhados tujuan kula sakonco. Ugi supados kula sakonco saget dados tiyang ingkang migunani kagem keluarga, masyarakat, ugi bahasa lan negara.

Sejatosipun kula sakonco kraos awrat sanget kagem nilaraken pawiyatan menika. Amargi pawiyatan menika supados kados griya kula payimbak. Bapak ibu guru inggih sampun kula anggep kados tiyang sepuh kula payimbak. Kula inggih gadhah sekedik pesen kagem adek-adek kelas 7 kaliyan 8 supados sinal ingkang sregep sinau supados saget wujudaken cita-cita nipun ugi dados lare ingkang lanthip.

Halaman:

Editor: Sauqi Romdani


Tags

Artikel Pilihan

Terkini

Terpopuler

Kabar Daerah