Pak RT : “Ya kabeh, lingkungane dhewe iki kabeh kudu diresiki, ben resik, tingkas lan padhang. Rak nggih ngaten ta, Pak Yus?”
Pak Yus : “Inggih leres, Pa. Ngene lho Mbak, Mas, menawa ngepasi unsum udan, aja nganti got lan kalen-kalen sing ana ing kampunge dhewe iki padha mampet, banyune ora bisa mili, dadi mambeg, ora mung nggo susuh lemud thok ta? Lha, kuwi rak marahi muncule penyakit, ta?”
Umi : “Inggih Pak, benjang Minggu kita sedaya ndherek kerja bakti lan badhe ndherek ngrawat lan ugi njagi lingkungan.”
Contoh Teks Dialog Bahasa Jawa Tema Lingkungan
Narwan : “Sugeng sonten Pak, badhe Matur sekedhap”.
Pak Agung : “Iya-iya Le, kene pinarak mlebu dhisik”.
Narwan : “Inggih Pak, matur nuwun”.
Pak Agung : “Ana wigati apa?, dene sliramu sore-sore tekan kene”.