TEKS PIDATO Maulid Nabi Muhammad SAW Bahasa Jawa 2023 untuk SMP dan SMA

- 21 September 2023, 20:50 WIB
Teks pidato Maulid Nabi Muhammad SAW tahun 2023 Bahasa Jawa Singkat dan Menarik untuk diberikan pada anak-anak SMP dan SMA
Teks pidato Maulid Nabi Muhammad SAW tahun 2023 Bahasa Jawa Singkat dan Menarik untuk diberikan pada anak-anak SMP dan SMA /tangkap layar

Poro Bapak poro Ibu ingkang minulyo!

Keranten akhlak ingkang mulyo lan agung, Kanjeng Nabi saget membangun mental Bangsa Arab saking zaman jahiliyyah menuju zaman Islamiyyah, kito sampun ma’lum wonten kitab-kitab tarikh utawi sejarah Islam, bilih sa’derengipun Kanjeng Nabi lahir dipun watani zaman jahiliyyah, zaman kebodohan.

Bangsa Arab wonten zaman niku dereng mengenal sinten Pengeran ingkang berhak disembah, tiyang-tiyang katah ingkang nyembah kayu, watu, nyembah braholo, omben-ombenan arak, maen judi, kertu, remi lan sa’ piturutipun, meniko sampun terbiasa, keranten dereng mengenal kebenaran lan kesesatan, dereng mengenal halal lan harom.

Baca Juga: TTS Kerang Yang Kurang Laku di Pasaran, Memangnya Ada? Ayo Pecahkan dan Temukan Jawabannya Disini

Pancene menawi dipun ma’nani, “maen” niku ma’nane “maunya enak”, tapi emoh kangelan, lumuh nyambut gawe, semanten ugi “judi”, ma’nane “sing maju dadi”, dadi nopo? Dadi wong mlarat. Bangkrut. Semanten ugi “kertu” “duit ning sengker dadi metu” asale panen dodol gabah, duit kebek nang jeroneng sak.

Bareng silo, nyandak kertu, akhire duit sing disengker malah dadi metu. Semanten ugi “remi” ma’nane “njareme lami” tiyang remi niku nek menang ngotot golek musuh. Bareng kalah, njareme lami, suwe.

Mulane Kanjeng Nabi terus dipun lahiraken wonten ing tengah-tengah kebobrokan mental bangsa Arab supados nyempurnakaken akhlak utawi budi pekerti. Kanjeng Nabi pun dawuh:

(إِنَّمَا بُعِثْتُ لِأُتَمِّمَ مَكَارِمَ الْأَخْلاَقِ. (رواه أحمد

Ingkang Artosipun

“Sa’ temene ingsun diutus supoyo nyampurnakake budi pekerti”

Halaman:

Editor: Alif Iqbahtullah


Tags

Artikel Pilihan

Terkait

Terkini

Terpopuler

Kabar Daerah