TEKS PIDATO Maulid Nabi Muhammad SAW Bahasa Jawa 2023 untuk SMP dan SMA

- 21 September 2023, 20:50 WIB
Teks pidato Maulid Nabi Muhammad SAW tahun 2023 Bahasa Jawa Singkat dan Menarik untuk diberikan pada anak-anak SMP dan SMA
Teks pidato Maulid Nabi Muhammad SAW tahun 2023 Bahasa Jawa Singkat dan Menarik untuk diberikan pada anak-anak SMP dan SMA /tangkap layar

Teks Pidato Bahasa Jawa 

السلام عليكم ورحمة الله وبركاته

Poro Bapak poro Ibu hadirin sedoyo ingkang kulo hormati!

Monggo kulo lan panjenengan sedoyo samiho manjataken rahos syukur Alhamdulillah dateng ngarsanipun allah SWT. dene menopo Alloh sampun paring hidayah, inayah, rohmat lan keni’matan dumateng kulo lan panjenengan sedoyo sehingga kulo lan panjenengan sami saget makempal wonten ing puniko majlis kanti sehat wal ‘afiyat.

Poro rawuh ing saat meniko monggo kito niat ibadah dateng Alloh, niat ta’dzim utawi hormat dinten kelahiranipun junjunngan kito Nabi Agung Muhammad, salah setunggalipun Nabi pemimpin umat, Nabi ingkang sanggup bade paring syafa’at, boten pandang sugih utawi melarat, boten pandang rakyat utawi pejabat, sami ugi wonten ing dunyo utawi akherat, mugi-mugi kulo panjenengan benjang saget angsal rohmat lan syafa’at, saking panjenenganipun benjang ing dinten kiamat. Amin.

Poro rawuh ingkang minulyo!

Junjungan kito Nabi Muhammad SAW. meniko salah setunggalipun Nabi ingkang nggadahi sifat kemanusiaan ingkang paling sempurno.

Baca Juga: 9 Contoh Hewan Mimikri Selain Bunglon, Anak Sekolah Wajib Tahu Agar Jadi Murid Teladan!

Dene ingkang paling menonjol sifatipun Kanjeng Nabi wonten kalangan manungso inggih puniko sifat kejujuranipun soho akhlakipun ingkang mulyo ngantos Kanjeng Nabi terkenal wonten kalangan tiyang Arab dipun sebut Al-Amin, tegesipun tiyang ingkang saget dipercoyo, ugi Alloh piyambak ngakoni mulyonipun akhlakipun kanjaeng Nabi dipun sebat wonten al-Qur’an surah al-Qolam ayat sekawan:

Ingkang artosipu

“Lan sak temene siro iku bener-bener netepi pekerti kanga agung”

Halaman:

Editor: Alif Iqbahtullah


Tags

Artikel Pilihan

Terkait

Terkini

Terpopuler

Kabar Daerah