LINK DOWNLOAD Khutbah Idul Adha 2023 PDF Bahasa Jawa dari Kemenag dan NU Online Secara Singkat dan Jelas

- 28 Juni 2023, 14:39 WIB
Link download khutbah Idul Adha 2023 PDF Bahasa Jawa dari Kemenag, NU Online secara singkat dan jelas tentang Nabi Ibrahim dan kurban
Link download khutbah Idul Adha 2023 PDF Bahasa Jawa dari Kemenag, NU Online secara singkat dan jelas tentang Nabi Ibrahim dan kurban /GregMontani/Pixabay

Saking arah sanes, qurban estunipun ngengetaken manungsa supados giat mbangun ekonomi ingkang sae saha ndidik semangat pribadi lan jiwa ingkang sosial lan tanggap dateng urusan kemasyarakatan.

Sedayanipun tentu katindakaken kerana Allah lan namung murih dateng karidlanipun. Saking segi sanesipun berqurban punika kinarya srana mediasi nggalang dateng kemanunggalan umat, saha sarana nyaketaken antawis tiyang sugih, lebih luwih, lan ingkang miskin sarwa kekirangan, sahingga mboten wonten garis pemisah antawis kekalihipun.

Baca Juga: 6 Amalan Sunnah Seperti Kebiasan Rasulullah Menjelang dan Tibanya Hari Raya Idul Adha

Menawi estu estu saget nggadahi fungsi mekaten qurban menika, tentu gesangipun manungsa tansah tenang lan ayem tentrem. Tiyang tiyang miskin mboten nate rumaos kesia sia lan ina, malah rumaos dipun tresnani lan dipun welasi, sahingga mboten cemas ngadepi pagesangan punika. Mekaten ugi ingkang sugih mboten nate kuatos dipun drengkeni lan dipun mengsahi dening tiyang miskin. Sahingga mboten nate wonten raos nindes lan nganiaya dateng fakir miskin, malah raos tresna lan welas ingkang tansah tuwuh ing manahipun.

Mekaten ugi sesambetan antawis pemerintah lan ingkang dipun perintah, antawis pendatang lan penduduk asli, sedaya tansah guyup rukun, gesang berdampingan kanti sae mboten nate tuwuh kecemburuan, raos iri lan drengki. Kados ingkang kagambaraken dening Allah ing dawuhipun:

“Tumrape wong wong fekir kang pada hijrah kang di usir sangka desane lan bandane, mung kerana murih kanugerahan lan karidlan sangka Allah, lan wong wong kuwi tansah mitulungi agamane Allah lan utusane. Ya wong wong kang kaya mengkono kuwi wong kang pada bener”.( QS. Al Hasyr : 8).

اللهُ أَكْبَرُ اللهُ أَكْبَرُ اللهُ أَكْبَرُ وَلِلّٰهِ الْحَمْدُ

Kaum Muslimin Muslimat, Rahimakumullah. Syari’at ibadah qurban, menika minangka ibadah ngumawula dateng ngarsanipun Allah, lan ugi minangka amal ingkang berfungsi sosial ingkang sanget dipun raosaken manfa’atipun dening para manungsa. Pramila gamblang bilih syari’at agami kita punika tansah mbekta dateng keseimbangan antawis perkawis kalih hablum minallah lan hablum minannas, antawis duniawi lan ukhrawi. Sahingga para kawulanipun ngraosaken berkah lan faedah ingkang katah ing dinten riyaya punika

اللهُ أَكْبَرُ وَلِلّٰهِ الْحَمْدُ

Kita nindakaken ibadah qurban ugi kerana nderek tindak dalem Bapa kita Nabi Ibrahim ‘Alaihis salam. Dawuhipun Allah ing Al Qur’an :

Halaman:

Editor: Sauqi Romdani


Tags

Artikel Pilihan

Terkait

Terkini

Terpopuler

Kabar Daerah