LINK DOWNLOAD Khutbah Idul Adha 2023 PDF Bahasa Jawa dari Kemenag dan NU Online Secara Singkat dan Jelas

- 28 Juni 2023, 14:39 WIB
Link download khutbah Idul Adha 2023 PDF Bahasa Jawa dari Kemenag, NU Online secara singkat dan jelas tentang Nabi Ibrahim dan kurban
Link download khutbah Idul Adha 2023 PDF Bahasa Jawa dari Kemenag, NU Online secara singkat dan jelas tentang Nabi Ibrahim dan kurban /GregMontani/Pixabay

Enjang punika kita sesarengan makempal ing papan punika nindakaken shalat idul Adhha kanti berjama’ah. Sedaya siaga nderek dateng komando saking imam. Mekaten ugi kita gesang ing masyarakat mboten benten kados anggen kita jama’ah menika.

Minangka makmum siap nderek tutwuri andayani dateng dawuh imam. Menawi imam klentu makmum ingkang paling caket kedah ngemutaken dateng imam. Mekaten ugi shalat Ied punika ngrupekaken ikrar bersama kagem ngengungaken lan ngluhuraken Asma dalem Allah. Sedaya anggadahi tekat ngumawula namung dateng Allah kanti ngajeng ajeng karidlan saking ngarsanipun Allah Ta’ala.

اللهُ أَكْبَرُ اللهُ أَكْبَرُ اللهُ أَكْبَرُ وَلِلّٰهِ الْحَمْدُ

Kaum Muslimin Muslimat, Rahimakumullah, Wonten ing dinten punika Allah memerintahkan dateng kita supados nindakaken ibadah Qurban tumrap kita ingkang pinaringan kajembaran rizki.

Baca Juga: Kumpulan Ucapan dan Balasan Selamat Hari Raya Idul Adha 2023 Terbaru untuk Sahabat dan Rekan Kerja Penuh Makna

Ibadah Qurban, dipun syari’ataken punika minangka sarana taqorrub nyaketaken diri dateng Allah, minangka bukti ketha’atan dateng Allah, kanti nglilakaken sak perangan hak milik kita,
banda kita ingkang arupi hewan ternak menda utawi lembu lajeng kasembelih minangka qurban.

Sanes daging menapa dene rahipun khewan qurban ingkang katur dateng Allah, ananging ketha’atan, lan ketaqwaan dateng Allah ingkang bade kunjuk wonten ngarsanipun Allah. Dawuhipun Al Qur’an:

لَنْ يَّنَالَ اللّٰهَ لُحُوْمُهَا وَلَا دِمَاۤؤُهَا وَلٰكِنْ يَّنَالُهُ التَّقْوٰى مِنْكُمْۗ كَذٰلِكَ سَخَّرَهَا لَكُمْ لِتُكَبِّرُوا اللّٰهَ عَلٰى مَا هَدٰىكُمْ ۗ وَبَشِّرِ الْمُحْسِنِيْنَ

“Ora pisan pisan bakal tumeka ing ngarsanipun Allah daging daginge unta lan getihe, ananging taqwanira kang bakal nggayuh karidlane Allah”. (QS. Al Hajj : 37).

Wondene dagingipun qurban manfa’atipun wangsul dateng sesami, minangka amal sosial. Sahingga syari’at qurban punika anggadahi manfa’at ganda, saking arah hablum minallah minangka kumawula dateng Allah kanti ikhlas. Dene hablum minannas ipun minangka amal sosial ingkang tumanduk dateng sesami.

Halaman:

Editor: Sauqi Romdani


Tags

Artikel Pilihan

Terkait

Terkini

Terpopuler

Kabar Daerah