KHUTBAH Gerhana Matahari Hibrida PDF 20 April 2023 Bahasa Jawa, Bahasa Daerah Halus dan Sopan

- 20 April 2023, 06:00 WIB
Kumpulan contoh khutbah gerhana matahari hibrida 20 April 2023 PDF Bahasa Jawa yang dapat dibaca oleh para khotib secara singkat
Kumpulan contoh khutbah gerhana matahari hibrida 20 April 2023 PDF Bahasa Jawa yang dapat dibaca oleh para khotib secara singkat /jatim.nu.or.id/

Dawuhipun Allah Ta’ala wonten Alquran :

الَّذِينَ آمَنُوا وَتَطْمَئِنُّ قُلُوبُهُمْ بِذِكْرِ اللَّهِ أَلَا بِذِكْرِ اللَّهِ تَطْمَئِنُّ الْقُلُوبُ

“ Tiyang-tiyang ingkang sami iman dumateng Allah lan manahipun sami anteng keranten dzikir dumateng Allah. Emut-emut bilih dzikir dumateng Allah punika (nyebabaken) antengipun manah “

Menawi kitha kepengen manah kitha resik saking sedaya penyakit ingkang saget ngotori, kados unek-unek, nggresah, hasud lan lintu-lintunipun, tamba ingkang manjur punika mboten sanes dzikir dumateng Allah. Dzikir dumateng Allah saget dipun lampahi kanti lisan ingkang terus-terusan nyebat asmanipun Allah, kanti manah ingkang dipun ginaaken kagem ngangen-ngangen keagunganipun Allah lan kanti anggaoto awak ingkang dipun ginaaken kagem taat lan ngabekti dumateng Allah.

Ingkang kaping kalih, وَدُعَائِهِ , ndonga utawi nyuwun dumateng Allah. Nyuwun dumateng Allah Ta’ala punika hakikatipun ibadah.
اَلدُّعَاءُ هُوَ العِبَادَة .

Nyuwun dumateng Allah ugi dados intinipun ibadah, keranten ngetingalaken kumawulaning menungsa, menungsa punika makhluk ingkang asor lan fakir, Allah Ta’ala Dzat ingkang Agung,Maha Sugih, panggenan nyuwun sedoyo perkawis.
Kathah sanget anjuran saking Alquran supados kitha ndunga, nyuwun dumateng Allah Subhanahu wa Ta’ala, ing antawisipun dawuhipun Allah wonten surat al-Baqarah 55 :

ادْعُوا رَبَّكُمْ تَضَرُّعًا وَخُفْيَةً إِنَّهُ لَا يُحِبُّ الْمُعْتَدِينَ (55)

Baca Juga: MASYAALLAH! Gerhana Matahari Hibrida 2023 Jadi Tanda Pembaitan Imam Mahdi di Usia ke 40 Tahun?

“ Nyuwuno sira kabeh dumateng Pengeran sira kabeh kanti ndepe-ndepe lan lirih-lirih. Sak temene Pengeran sira kabeh mboten remen dumateng tiyang-tiyang ingkang sami ngliwati wates “

Supados dongo kitha dumateng Allah dipun ijabahi sampun sak mesthinipun menawi ndunga dipun lampahi kanti netepi adab utawi tata krama dumateng Allah, kados dipun lampahi kanti ndepe-ndepe utawi ngasoraken awak lan kanti suara lirih kados dawuh wonten ayat kasebat.

Halaman:

Editor: Ahmad


Tags

Artikel Pilihan

Terkait

Terkini

Terpopuler

Kabar Daerah