KHUTBAH Gerhana Matahari Hibrida PDF 20 April 2023 Bahasa Jawa, Bahasa Daerah Halus dan Sopan

- 20 April 2023, 06:00 WIB
Kumpulan contoh khutbah gerhana matahari hibrida 20 April 2023 PDF Bahasa Jawa yang dapat dibaca oleh para khotib secara singkat
Kumpulan contoh khutbah gerhana matahari hibrida 20 April 2023 PDF Bahasa Jawa yang dapat dibaca oleh para khotib secara singkat /jatim.nu.or.id/

Sumangga kitha sesarengan sami ningali dateng awakipun piyambak-piyambak, sampun kados pundi anggenipun kitha ngumawula dumateng Gusti Allah Ta’ala...
menawi sampun sae sumangga kitha pertahanaken, menawi kirang sae sumangga kitha dandosi.

Mugi-mugi kanti mekaten kitha sedaya pikantuk rahmat lan ridha saking ngarsanipun Allah Subhanahu Wa Ta’ala, Amin Allahumma Amin.

Hadirin kaum muslimin wal muslimat ingkang tansah kawula mulyaaken …..

Menawi kitha ningali kedadosan wonten jagat punika, srengenge ingkang saben enjing mlethek lan dados pepadhang sartha manfaati dateng menungsa, nuli wekdal sonten surup, genthosan kalih rembulan ingkang ugi dados pepadhang sartha manfaati dateng menungsa, lintang ingkang saget dados tetenger kagem kebetahan menungsa, kitha saget mangertos bilih sedaya kala wau wonten Dzat ingkang andadosaken lan Dzat ingkang ngatur, kitha ugi saget mangertos bilih Dzat ingkang andadosaken lan ingkang ngatur kala wau tentunipun sampun dipun mangertosi dateng sedaya para makhluk, inggih punika Allah Subhanahu Wa Ta’ala.

Allah Subhanahu wa Ta’ala sampun dhawuh wonten Alquran Surat Yunus :

هُوَ الَّذِي جَعَلَ الشَّمْسَ ضِيآءً وَالْقَمَرَ نُوْرًا وَقَدَّرَهُ مَنَازِلَ لِتَعْلَمُوا عَدَدَ السِّنِيْنَ وَالْحِسَابَ
مَا خَلَقَ اللهُ ذَلِكَ إِلاَّ بِالْحَقِّ يُفَصِّلُ الآياَتِ لِقَوْمٍ يَعْلَمُونَ *
إِنَّ فِي اخْتِلاَفِ اللَّيْلِ وَالنَّهَارِ وَمَا خَلَقَ اللهُ فِي السَّموَاتِ وَالأَرضِ لآيآتٍ لِقَوْمٍ يَتَّقُونَ

 Baca Juga: Jam Puncak Gerhana Matahari Hibrida di 40 Daerah di Indonesia, Apakah Daerahmu Masuk?

“ Allah Ta’ala ingkang andadosaken srengenge ingkang saget madhangi lan rembulan ingkang dados cahaya lan anetepaken panggenan-panggenanipun, supados panjenengan sedaya sami mangertosi wilangan tahun lan itungan (wektu). Allah mboten andadosaken ingkang kados mekaten kejawi kanti haq. Allah paring rincian tanda-tanda keagunganipun kagem tiyang-tiyang ingkang sami mangertos.
Sak temene wonten gonta-gantinipun wengi lan rino lan perkawis ingkang dipun dadosaken Allah wonten langit lan bumi punika yekti dados tanda tanda kuasanipun Allah kagem tiyang-tiyang ingkang sami takwa” 

Hadirin kaum muslimin wal muslimat ingkang minulya… 

Halaman:

Editor: Ahmad


Tags

Artikel Pilihan

Terkait

Terkini

Terpopuler

Kabar Daerah