Teks Sambutan Ketua Panitia Isra Mi'raj Terbaru, Singkat dan Padat Bahasa Jawa

- 7 Februari 2023, 22:12 WIB
Contoh sambutan ketua panitia Isra Miraj PDF dalam Bahasa Jawa, Bahasa Sunda, Bahasa Madura, Bahasa Arab, Bahasa Inggris singkat dan halus./ilustrasi
Contoh sambutan ketua panitia Isra Miraj PDF dalam Bahasa Jawa, Bahasa Sunda, Bahasa Madura, Bahasa Arab, Bahasa Inggris singkat dan halus./ilustrasi /Ilustrasi FREEPIK/wirestock

Sholawat saha salam konjuk dhumateng nabi kita Nabi Muhammad SAW ingkang sampun ngasta kita saking zaman onta dumugi zaman toyota.

Ingkang sampun ngasta kita saking zaman jahiliyah dumugi zaman islamiyyah. Mugi-mugi kita sedaya mbenjing kiyamah saged pikantuk syafa'at saking Kanjeng Nabi. Aamiin ya robbal 'aalamiin.

Bapak saha Ibu ingkang kula hormati,

Kula minangka ketua panitia ngaturaken matur sembah nuwun dhumateng sedaya warga Desa Pesaren ingkang sampun mbiyantu biaya kagem pengaosan isra' mi'raj menika.

Baca Juga: Contoh Pidato Bahasa Jawa Tentang Akhlak Singkat dan Luwes

Mugi-mugi amal sae Panjenengan sedaya angsal piwales ingkang langkung sae saking Allah SWT.

Wondene kalawingi urunan saking para warga Desa Pesaren pikantuk pitung yuta gangsal atus seket ewu rupiah.

Sedaya arta menika boten namung saking dhusun Pesaren kemawon. Ananging ugi saking dhusun Mijen, Sudan, Kebaran, Kasapan lan Badulan.

Matur nuwun sanget inggih Bapak lan Ibu sedaya. Pengaosan Isra' Mi'raj menika minangka kegiyatan kaping kalih ingkang dipunwontenaken lare-lare karang taruna Desa Pesaren.

Kula sesulih saking karang taruna nyuwun pangapunten menawi kathah kekirangan ing ndalem pengaosan Isra' Mi'raj menika.

Insya Allah ing ngajengipun kula sakanca karang taruna purun sinau terus supados saged langkung sae menawi ngawontenaken kegiyatan malih.

Halaman:

Editor: Khoirul Umam


Tags

Artikel Pilihan

Terkait

Terkini

Terpopuler

Kabar Daerah

x