Materi Pidato Perpisahan Sekolah Kelas 6 dan Kelas 9 Bahasa Jawa Singkat dan Menyentuh Hati

- 5 Maret 2024, 09:06 WIB
Contoh materi pidato perpisahan sekolah kelas 6 dan kelas 9 Bahasa Jawa singkat dan menyentuh hati jenjang TK, SD, SMP, SMA dan SMK
Contoh materi pidato perpisahan sekolah kelas 6 dan kelas 9 Bahasa Jawa singkat dan menyentuh hati jenjang TK, SD, SMP, SMA dan SMK /Freepik

SUMENEP NEWS - Contoh materi pidato perpisahan sekolah kelas 6 dan kelas 9 Bahasa Jawa singkat dan menyentuh hati yang dapat dibaca oleh para siswa siswi mulai tingkat TK, SD, SMP, SMA dan SMK.

Teks naskah pidato perpisahan sekolah kelas 6 dan kelas 9 Bahasa Jawa TK, SD, SMP, SMA dan SMK ini bisa diconvert dalam bentuk Word dan PDF.

Disediakan dalam bentuk singkat teks pidato perpisahan sekolah kelas 6 dan kelas 9 Bahasa Jawa agar mudah dihafal dan dipraktikkan.

Baca Juga: 10 Ide Dekorasi Perpisahan Sekolah TK, SD, SMP, SMA dan SMK Sederhana Serta Estetik

Menyampaikan pidato di depan para siswa dan guru menggunakan bahasal lokal Jawa ini memang suatu keharusan.

Sebab, Bahasa Jawa merupakan bahasa ibu yang sudah diwariskan oleh nenek moyang kita agar tetap dilestarikan dan tak lekang oleh waktu.

Maka, di momentum yang penuh bahagia dan haru ini menyampaikan pidato perpisahan dalam Bahasa Jawa ini agar mereka juga seksama mendengarkan pesan dan kesan yang akan disampaikan.

Baca Juga: Lirik Lagu Perpisahan Sekolah 3 Tahun Telah Kita Lewati ¬ Angel 9 untuk Mengenang Masa Sekolah

Contoh Pidato Perpisahan Sekolah Bahasa Jawa

Pidato Perpisahan Pertama

السلا م عليكم ورحمة الله وبر كا ته
اَلْحَمْدُ ِللهِ الَّذِى عَلَى مَا خَتَمْنَاهُ مِنَ الدِّرَاسَةِ. وَنَسْئَلُ نَفْعَهَا لِنُنْذِرَ بِهَا اَهْلَ الْقَرْ يَةِ. وَنَدْ عُهُمْ إِلَلا سَبِيْلِ رَبِّنَا بِالْحِكْمَةِ. وَالصَّلاَةُ وَالسَّلاَمُ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ إِبْنِ عَبْدِ اللهِ, وَعَلَى اَلِهِ وَأَصْحَا بِهِ وَمَنْ وَالاَهْ وَعَلَى مَنْ أَقَا مَ هَذِهِ الْمَدْرَسَةِ. وَمَنْ عَلَّمَ وَتَعَلَّمَ فِيْهَا لاِعْلاَءِ كَلِمَةِ اللهِ. اَمَّا بَعْدُ

Hadratul mukarromin, poro Ulama’ul amilin poro Bapak guru dan bu guru ingkang kulo taati, poro Bapak wali murid ingkang kulo hormati, poro konco-konco sedoyo siswa-siswi madrasah……… ingkang kulo sayangi. Poro hadirin sekalian ingkang kulo hormati.

Sa’derengipun kulo ngaturaken nopo ingkang dados beban kawulo, langkung rumiyin kulo muji syukur dateng Alloh SWT ingkang sampun paring Rohmat Nikmat dumateng kulo lan panjenengan sedoyo sehinggo kito sami saged karoyo-royo, saget bertemu, berpadu lan bersatu wonten ing majelis puniko kanthi keadaan ingkang sehat wal afiat.

Ingkang kaping kalehipun mugi-mugi tambahipun Rahmat Ta’dzim Alloh tetep dipun limpahaken dateng junjungan kito Nabi Besar Muhammad SAW, soho dumateng poro ahli keluarga lan sohabatipun.

Ingkang kaping tigonipun kulo ngaturaken matur nuwun dumateng sederek pembagi acara ingkang sampun mempercayakan penuh dumateng kawulo, sa’perlu nyampeaken sambutan atas nama wakil sedoyo siswa-siswi, khususipun siswa-siswi kelas tiga tsanawiyah, ingkang sekedap maleh bade ninggalaken bangku sekolah wonten ing Madrasah puniko.

Baca Juga: 35 TEMA PERPISAHAN Sekolah SD 2024 Menarik dan Singkat, Cocok Nih untuk Acara Wisuda dan Lepas Pisah

Poro Rawuh ingkang kulo hormati !

Sesuai kalian fungsi sangking tugas kawulo inggih puniko mewakili sangking sedoyo siswa-siswi khususipun siswa-siswi kelas tigo Tsanawiyah wonten ing madrasah puniko. Wonteng ing mriki kawulo ngaturaken matur nuwun ingkang sa’agungipun dumateng Poro Bapak Kyai, soho sedoyo dewan Asyatid ingkang sampun jerih payah ngorbanaken jiwa raga, tenaga, lan fikiran. Boten pandang wekdal, siang utawi dalu, panas utawi jawah sak perlu mendidik soho membina dumateng kawulo sa’konco awit milahi mlebet wonten ing madrasah mriki sehingga wekdal puniko saget dipun wastani Tamat tingkat tsanawiyah. Wonten ing mriki kulo sa’konco, boten saget bales punopo-punopo atas jerih payahipun, utawi jasa-jasanipun Poro Bapak Kyai, lan Bapak Guru, kejawi kulo namung saget ngaturaken….

جَزَا كُمُ اللهُ أَحْسَنَ الْجَزَاء كَثِيْرًا

Mugi-mugi Allah SWT ingkang bales jasa-jasa utawa jerih payahipun Poro Bapak Kiyai, Bapak Guru lan Ibu Guru kanti balesa ingkang sa’sahe-sahenipun, soho ingkang katah. Amien yaa Robbal Aalamien.

Poro Bapak poro Ibu soho Hadiri sedoyo, selajengipun kulo sa’konco ngaturaken sedoyo kalepatan dumateng poro Bapak Kiyai soho Bapak Guru wonten ing madrasah puniko, sebab kulo sa’konco sering damel susah payahipun poro Bapak Kiyai soho poro Bapak Guru sami ugi wonten ing sa’lebetipun Madrasah utwai wonteng ing jawinipun madrasah. Pramilo sepindah kulo nyuwun dipun aliraken samudra kemaafan lahir lan batin.

Ingkang terakhir kulo nyuwun barokah do’a restu dumateng Poro Bapak Kiyai soho Bapak Guru, mugi-mugiu sedoyo ilmu ingkang sampun kulo pelajari sangking madrasah puniko, sageto manfaat maslahah lan barokah saget manfaati lan barokahi dumateng pribadi kulo, masyarakat agami, lan negari ingkang akhiripun saget dados lantaran kangge taqorrub dumateng Alloh, soho ndadosaken sababiyahipun khusnul khotimah. Amieen.

Lan mugi-mugi sak sampunipun kito tamat sangking tingkat tsanawiyah puniko sageto nerusaken dateng tingkat sa’terusipun sehinggo saget hasil lan tercapai nopo ingkang kito cita-citaaken. Amien.

Kintenipun cekap semanten atur sangking kawulo awal ngantos akhir sedoyo kelepatan kulo, kulo nyuwun agengipun pangapunten.


و بالله التو فيق و الهداية

Baca Juga: Contoh Kata Sambutan Wali Murid Untuk Perpisahan Sekolah TK, Mudah dan Dapat Mengerti

Pidato Perpisahan Sekolah Kedua

Ingkang dahad kinormatan Bapak Kepala Sekolah SMPN 1 Taman, Bapak ugi ibu guru, staf TU, Lan konco-konco ugi adek-adek sedaya kemawon ingkang kula tresnani.

Sapisan, monggo kita sedaya sesarengan ngaturaken puji syukur dumateng Gusti ingkang Maha Agung, Ingkang sampun maringaken nikmat kewarasan dumateng kita sedaya.

Dados kita sedaya saget sesarengan kempal dhateng adicara perpisahan siswa kelas 9 sapunika.

Baca Juga: Contoh Kata Sambutan Wali Murid untuk Perpisahan Sekolah TK Singkat dan Menyentuh Hati

Kula siswa kelas 9E ingkang tinanggenah guru kagem mewakili konco-konco kelas 9 kagem ngaturaken matur sembah suwun kula sakonco namung saget ngaturaken ucapan matur sembah nuwun kagem sedaya bapak ibu guru ingkang sampun mbulawantah kula sakonco dangunipun tigang warsa dateng pawiyatan menika.

Kula sakonco inggih badhe nyuwun pangestunipun supados kula sakonco saget nglebeti pawiyatan enggal ingkang sae ingkang sampun dhados tujuan kula sakonco. Ugi supados kula sakonco saget dados tiyang ingkang migunani kagem keluarga, masyarakat, ugi bahasa lan negara.

Sejatosipun kula sakonco kraos awrat sanget kagem nilaraken pawiyatan menika. Kula inggih gadhah sekedik pesen kagem adek-adek kelas 7 kaliyan 8 supados sinal ingkang sregep sinau supados saget wujudaken cita-cita nipun ugi dados lare ingkang lanthip.

Cekap semanten saking kula, manawi anggen kula sakonco kagungan sisip sembering. Ingakang klenthu, kula nyuwun agunge panga puten dumateng sedaya kanawon. Kula aturaken matur sembah suwun

Baca Juga: 25 Tema Perpisahan Sekolah Kelas 9 SMP, Singkat dan Mengandung Arti Tersirat

Pidato Perpisahan Sekolah Ketiga

Ass. Wr.wb.

Kulo aturaken matur suwun kagem Ibu Ummu semono ugi kagem Saderek-saderek sedanten ingkang sudi nyisih aken wedalipun ngrawuhi pidato meniko.
Saderek-saderek sedanten……..

Minurut pengamatan kalian kulo raosaken akhir-akhir meniko kathah wargo ingkang kirang menghargai negeri nasionalipun inggih puniko negeri “tercinta” Indonesia. Hal meniko sanget ngrisauaken yen diterus-terusaken saget dados masalah ingkang serius……..

Saderek-saderek, kawulo mudho sedanten……..

Wonten jaman sakniki sampun kathah “pengikisan” kebangsaan nasionalisme! Meniko disebabaken kathah kawulo mudho ingkang ngelalekaken jatidirinipun dados wargo Indonesia sebabipun poro kawulo mudho luwih condong marang pergaulan utawi budoyo-budoyo Barat ingkang ndugi saking media cetak, elektronik, ingkang rupo: acara-acara televisi, majalah, surat kabar, utawi kathah wargo luwih seneng mundhut produk-produk luar negeri disebabaken regoipun luwih mirah lan kualitasipun luwih sae……..

Saderek-saderek sebongso lan setanah air……….

Baca Juga: Contoh Susunan Acara Perpisahan Sekolah Kelas 6 SD, Singkat dan Mudah Dipahami

Masalah-masalah meniko saget diicalaken lan saget mbangsulaken raos cinta tanah air negeri “tercinta” Indonesia meniko kalian salah sawijine coro inggih puniko mundhut barang-barang produksi Indonesia, menghormati jasanipun poro Pahlawan lan poro Pejuang, tindak dhateng Museum-museum Nasional utawi monumen-monumen perjuangan

Kulo raos meniko ingkang saget kulo sampekaken……. mugi- mugi saget ndhatengaken perubahan lan saget mbangsulaken utawi nguataken roso Nasionalisme kito sedanten.

Matur suwun kulo sampekaken………

Wassalamu’alaikum Wr. Wb.

Contoh Perpisahan Sekolah Keempat

Assalamu’alaikum Wr. Wb.

Bapak-bapak, Ibu-ibu ingkang kula urmati, sumawana para putra-putra mudha-mudhi ingkang karoban ing raos bagya. Saderengipun kula matur wonten ing ngarsa panjenengan, langkung rumiyin kula nyuwun agunging sih samodra pangaksama, awit kula kumawantun, ngadeg ing ngarsa panjenengan sami.
Alhamdulillah ing enjing menika kita sedaya saged kempal sesarengan ing kampus SMP N 1 ingkang kita remeni menika. Kita sedaya ngempal ing kampus menika nggadahi maksud utawi tujuan ingkang pokok, yaiku ngundhuraken para siswa kelas IX ing wulan Maret taun 2010 sampun ngrampungaken UNAS ingkang dados syarat utama kangge siswa SMP kangge ngelanjutaken ing jenjang luwih dhuwur.

Enjing menika, enjing ingkang ngerenyuhaken sanget kangge kita sedaya para hadirin. Menapa boten, ingkang slamanipun kita utawi teseh dados siswa mriki, kita kerep pethukan, sinau sareng, diskusi sareng, ing wayah sekedhap melih kita badhe pisahan. Nanging, kita kagungan pangajeng-ajeng supados perpisahan menika boten kita banjur “pedhot kekancan”. Supados kita teseh wonten rerembagan ingkang ageng kayata sakderengipun kita pisah.

Para rencang ingkang sedaya maksud lan tujuan dianaaken perpisahan menika botenn namung ngunduraken rencang-rencang kelas IX mawon, ananging luwih saking menika supados rencang-rencang tetep eling lan terus njagi rerencangan, inggih menika ing proses sinau utawi mlebet ing kegiatan sanes-sanesipun.

Para rencang ingkang badhe pisah menika, sejatinipun tugas para rencang menika luwih abot maneh, saya inggil tingkat pendidikan saya inggil injih tugas ingkang kedah dipunrampungaken. Mula kta kedah semangat sinau mempeng supados menapa mawon ongkang para erncang cita-citaaken saged dipuncapai. Boten namung kita mawon ingkang bangga menawi sukses, nanging Bapak lan ibu guru kita injih remen lan bangga.

Para sedherek sedaya, wayah saged damel kita sedaya saged kempal ing acara menika. Nanging wayah menika ugi ingkang misahaken kita sedaya. Kita namung saged mbales nggangge doa mugi-mugi sukses lan slamet lan mugi-mugi amal tuwin kesaenanipun para Bpak lan Ibu guru katampi ing sisihipun Gusti Allah Ingkang Maha Agung.
Kula cekapi semanten rumiyin atur kula, bilih wonten kiranging atur mawantu-wantu kula nyuwun lumunturing samodra pangaksami.

Wassalamu’alaikum Wr. Wb.

Baca Juga: WAH! 33 Tema Perpisahan Sekolah Mudah Dibuat dan Menarik Dipasang di Acara Perpisahan

Pidato Perpisahan Sekolah Kelima

Assalamualaikum Wr Wb

Ingkang kinurmaten bapak kepala sekolah ugi bapak –ibu guru ingkang satuhu luhuring budi lan rencang-rencang kelas kaleh welas ingkang kula krisnani
Mangga kita sedaya ngaturaken puji syukur dhumateng gusti ingkang maha agung ingkang sampun maringaken sedaya nikmat lan kewarasan dateng kito sedaya dumugi sak menika kita sedaya saged kempal wonten ingkang adicara perpisahan sak menika

Kula piyambak ngaturaken matursuwun ingkang sak ageng-agengipun kagem bapak-ibu guru ingkang sampun mbulawantah kula dateng pawiyatan menika ingkang dangunipun tigang warsa

mboten keraos kula ngelampahi ngangsu kawruh wonten ing pawitan mriki.woten ing adicara menika ,kula nyuwun agengipun pangapunten sangking bapak-ibu guru amargi wonten ing tigang warsa ngangsu kawruh wonten pawiyatan mriki kula menawi gadhah kwalepatan ingkang dipun sengaja lan mboten di sengaja.mugi-mugi bapak-ibu guru kersa ngapuntenaken sedaya kelepatan kula.

Baca Juga: Contoh Biantara Bahasa Sunda tentang Perpisahan Sekolah Kelas 6 dan Kelas 9 SIngkat dan Jelas

Satuhinipun kula awrat sanget badhe nilaraken pawiyatan menika amargi sedaya ingkang wonten dateng menika sampun kados sederek lan kulawarga,namung kula kedah nglanjutaken ngangsu kwaruh wonten ing pawiyatan ingkangluwih inggil, kula kedah sanget dening ikhlas nilaraken pawiyatan menika.

Kadosipun sampun cekap anggenipun kula matur, bilih menawi wonten kelepatan kula nyuwun agenggipun pangapunten.

Wassalamualaikum Wr Wb

***

Rekomendasi Artikel Populer

Editor: Sauqi Romdani


Tags

Artikel Pilihan

Terkini

Terpopuler

Kabar Daerah

x