Contoh Sambutan Ketua Panitia Perpisahan Bahasa Jawa Jenjang Sekolah TK, SD, SMP dan SMA

- 18 Juni 2023, 13:55 WIB
Contoh sambutan ketua panitia perpisahan Bahasa Jawa singkat, jelas dan cocok untuk jenjang TK, SD, SMP dan SMA menyentuh hati/ilustrasi
Contoh sambutan ketua panitia perpisahan Bahasa Jawa singkat, jelas dan cocok untuk jenjang TK, SD, SMP dan SMA menyentuh hati/ilustrasi /Pexel/ Skitterphoto

Bapak Kepala Sekolah ingkang kulo kurmati.
Bapak Ibu Guru Ingkang dahat kinurmatan.
Ugi adik-adik lan rencang-rencang ingkang kulo tresnani.

Alhamdulillah puji syukur tansah kito haturaken dhumateng Gusti Allah Ingkang Maha Agung, Ingkang sampun angluberaken rahmat sarta hidayah sahinggo kita sedoyo saget makempal wonten ing acara perpisahan niki.

Bapak ibu guru Ingkang kula hurmati, kulo minangka wakilipun putra-putri kelas 3/6/9 ngaturaken agunging panuwun awit keikhlasan saha katresnan Bapak lan Ibu guru anggenipun nggulawentah para siswa saengga saged ngrampungaken kewajiban ingkang sampun kalampahan sadangunipun tiga tahun.

Baca Juga: Contoh Sambutan Bunda PAUD Pada Acara Perpisahan Sekolah Terbaru, Lengkap dan Singkat

Bapak ibu guru saha adik-adik, sakedhap maleh kulo sarencang ninggalaken pawiyatan punika. Sanadyan sampun pepisahan ingkang ateges tinebih ing netra, mawantu-wantu kulo tansah nyenyuwun supados taksih celak ing penggaleh.

Kula sak konco kelas tiga punika tansah nyenyuwun lan ndedonga adik-adik sedaya kasil anggenipun ngangs kawruh ing pawiyatan punika. Kula minangka wakilipun rencang kelas tiga, tansah nyuwun gungan, mugi-mugi adik-adik sregep anggenipun sinau.

Kulo kinten boten prayogi menawi atur kulo pepanjang, menawi wonten kirang tatakrami anggen kulo matur, kulo nyuwun agunging pangapunten.

Waasalamualaikum Wr Wb.

Baca Juga: Contoh Sambutan Kepala Sekolah Acara Perpisahan TK Singkat, Jelas, Pendek dan Menyentuh Hati


2. Assalamualaikum wr.wb

Halaman:

Editor: Sauqi Romdani


Tags

Artikel Pilihan

Terkait

Terkini

Terpopuler

Kabar Daerah