Chelsea : “ heee... biasa leh tahun ajaran baru ya esih mambu-mambu libur. Ngomomg-ngomong Nakhla nang ngendi ? ” (raut pasuryane nyambi takon-takon)
Kanca-kanca : (bingung)
Ranifa : “ paling padha karo ko alesane esih mambu-mambu libur. ” ( nyambi nyengir)
Khalif : “ heee... takon marang Riza dong. Kan.....? ” (nyambi ndelengna Riza sing lagi nglamun)
Kanca-kanca : “ cieeee-cieee Riza ” (kanca-kancane pada nyuraki Riza)
Riza : “ apa sih lah, usah pada rese. Wis lah usah mbahas sing ora penting. Mending pada mbahas persiapan nggo pemilihan pengurus osis bae. ” (Riza ngomonge alon banget kaya lagi mikiri apa)
Ranifa : “ leh tembe mlebu sekolah koh ora ngaso disit. Kon langsung gas pol mikir organisasi. ” (Ranifa nyambi ndelengna Riza sing lagi ketone lemes banget)
Chelsea : “ wis lah za aja giri mbahas organisasi, aku gen ngerti jane ko mbok lagi ngenteni Nakhla. Makane ko kayong ora semangat banget ” ( chelsea madan duwur nada ngomonge)
Sewise Chelsea ngomong madan duwur nadane marang Riza suasana nang ruang organisasi serentak langsung dadi hening. Terus ana wong ngetok pintu lan ngucapna salam.
Nakhla : “ Assalamu’alaikum kawan. ” ( nyambi nyengir bingung ndelengna kanca-kancane sing lagi pada meneng kabeh)