Mbok : Gawe opo toh wiji timun mek siji iku? jare ngimpi entok bayi. (Wajahe nelongso)
Mbah Lanang : Wah... iki Buto seng nang jero ngimpiku, aku wedi…. Ampun Buto ojo mangan aku, aku isih pingin urip. (Buto marani mbah lanang)
Buto : Ojo wedi, aku ora bakal mangan kowe. Awakmu pingin due anak seh?
Mbah Lanang : Bener Buto. Awakdewe pingin due anak, wes suwi aku ngenteni pingin due anak nanging ora iso.
Buto : Yen ngunu tanduren wiji timun kuwi, mengko kowe bakal duweni anak wadon. Nanging ilingo yen anak iku wes gedhe kowe kudu nyerahke nang aku. Deweke bakal tak dadekno pangananku.
Mbah Lanang : Iyo Buto lek wes gede tak serahno nang kowe.
Mbok : Suwon nggeh Buto.
“ Buto mbalek Mbah Lanang lan Mbok mbalek ng omah e, nandur wiji timun sing dike’i Buto. Sakminggune iku maeng Mbah Lanang penyakite kumat lan ora iso lapo-lapo.”
Mbah Lanang : Aduh Mbok (watok-watok), lek aku wes orah enek, ramuten timun iku mang yo... lek ancen enek anak e sayangen koyok anakmu dewe.
Baca Juga: Contoh Naskah Drama Bahasa Sunda Komedi Lucu 4 Orang, Si Gensi Katakluk