5 Naskah Pidato Maulid Nabi Muhammad Bahasa Jawa Singkat dan Penuh Makna, Cocok Peringatan Mulud

20 September 2023, 18:39 WIB
teks naskah pidato Maulid Nabi Bahasa Jawa singkat dan penuh makna untuk merayakan momentum bulan kelahiran Nabi sekolah SD, SMP, SMA 2023 /Canva

SUMENEP NEWS - Inilah teks naskah pidato Maulid Nabi Bahasa Jawa singkat dan penuh makna untuk merayakan momentum bulan kelahiran Nabiyuallah Muhammad SAW.

Para siswa di sekolah bisa mendapatkan contoh pidato Maulid Nabi Bahasa Jawa untuk kebutuhan lomba antar sekolah.

Sudah disediakan berbagai hal yang bisa dipilih contoh pidato Maulid Nabi Bahasa Jawa yang menyentuh hati dan menginspirasi.

Baca Juga: 50 Kata Mutiara Menyambut Bulan Maulid Nabi Cocok Untuk Berbagai Kebutuhan

Untuk mendukung bahasa lokal, biasanya sekolah mengadakan lomba pidato Maulid Nabi Bahasa Jawa antar kelas di tingkat SD, TK, SMP maupun juga SMA.

Hal tersebut untuk memperingati momentum Maulid Nabi Muhammad dalam konteks penyampaian menggunakan bahasa lokal.

Dikutip dari berbagai sumber, inilah contoh pidato Maulid Nabi Bahasa Jawa singkat dan penuh makna.

Baca Juga: 50 Ucapan Selamat Bulan Maulid Bahasa Inggris, Cocok untuk Caption Media Sosial

Contoh ke 1

Assalamualaikum wr.wb.

Poro Bapak poro Ibu hadirin sedoyo ingkang kulo hormati!

Monggo kulo lan panjenengan sedoyo samiho manjataken rahos syukur Alhamdulillah dateng ngarsanipun allah SWT. Dene menopo Allah sampun paring hidayah, inayah, rohmat lan keni’matan dumateng kulo lan panjenengan sedoyo sehingga kulo lan panjenengan sami saget makempal wonten ing puniko majlis kanti sehat wal ‘afiyat.

Poro rawuh ing saat meniko monggo kito niat ibadah dateng Allah, niat ta’dzim utawi hormat dinten kelahiranipun junjunngan kito Nabi Agung Muhammad, salah setunggalipun Nabi pemimpin umat, Nabi ingkang sanggup bade paring syafa’at, boten pandang sugih utawi melarat, boten pandang rakyat utawi pejabat, sami ugi wonten ing dunyo utawi akherat, mugi-mugi kulo panjenengan benjang saget angsal rohmat lan syafa’at, saking panjenenganipun benjang ing dinten kiamat. Amin.

Poro rawuh ingkang minulyo!

Baca Juga: 100 Balasan Ucapan Selamat Maulid Nabi 2023 atau 1445 H dari Kerabat, Orang Tua, dan Teman

Junjungan kito Nabi Muhammad SAW. Meniko salah setunggalipun Nabi ingkang nggadahi sifat kemanusiaan ingkang paling sempurno. Dene ingkang paling menonjol sifatipun Kanjeng Nabi wonten kalangan manungso inggih puniko sifat kejujuranipun soho akhlakipun ingkang mulyo ngantos Kanjeng Nabi terkenal wonten kalangan tiyang Arab dipun sebut Al-Amin, tegesipun tiyang ingkang saget dipercoyo, ugi Alloh piyambak ngakoni mulyonipun akhlakipun kanjaeng Nabi dipun sebat wonten al-Qur’an surah al-Qolam ayat sekawan:

Ingkang artosipun:

“Lan sak temene siro iku bener-bener netepi pekerti kanga agung”

Poro Bapak poro Ibu ingkang minulyo!

Keranten akhlak ingkang mulyo lan agung, Kanjeng Nabi saget membangun mental Bangsa Arab saking zaman jahiliyyah menuju zaman Islamiyyah, kito sampun ma’lum wonten kitab-kitab tarikh utawi sejarah Islam, bilih sa’derengipun Kanjeng Nabi lahir dipun watani zaman jahiliyyah, zaman kebodohan, Bangsa Arab wonten zaman niku dereng mengenal sinten Pengeran ingkang berhak disembah, tiyang-tiyang katah ingkang nyembah kayu, watu, nyembah braholo, omben-ombenan arak, maen judi, kertu, remi lan sa’ piturutipun, meniko sampun terbiasa, keranten dereng mengenal kebenaran lan kesesatan, dereng mengenal halal lan harom.

Pancene menawi dipun ma’nani, “maen” niku ma’nane “maunya enak”, tapi emoh kangelan, lumuh nyambut gawe, semanten ugi “judi”, ma’nane “sing maju dadi”, dadi nopo? Dadi wong mlarat. Bangkrut. Semanten ugi “kertu” “duit ning sengker dadi metu” asale panen dodol gabah, duit kebek nang jeroneng sak.

Baca Juga: Niat Puasa Maulid Nabi 2023 di Bulan Rabiul Awal 1445 H Apakah Ada? Simak Penjelasannya

Bareng silo, nyandak kertu, akhire duit sing disengker malah dadi metu. Semanten ugi “remi” ma’nane “njareme lami” tiyang remi niku nek menang ngotot golek musuh. Bareng kalah, njareme lami, suwe. Mulane Kanjeng Nabi terus dipun lahiraken wonten ing tengah-tengah kebobrokan mental bangsa Arab supados nyempurnakaken akhlak utawi budi pekerti. Kanjeng Nabi pun dawuh:

إِنَّمَا بُعِثْتُ لِأُتَمِّمَ مَكَارِمَ الْأَخْلاَقِ. (رواه أحمد)

Ingkang Artosipun

“Sa’ temene ingsun diutus supoyo nyampurnakake budi pekerti”

Poro bapak poro Ibu ingkang kulo hormati!

Agengipun pengaruh kemulyaan akhlak Kanjeng Nabi sehinggo syi’ar kejayaan Islam mboten namung terbatas wonten kalang tiyang Arab mawon tapi terus meluas berkembang ngantos seluruh dunia. Pancen keutusipun Kanjeng Nabi meniko mboten khusus wonten negeri Arab mawon tapi dateng seluruh alam, Allah dawuh wonten Al-Qur’an Surah Al-Anbiya’ ayat satus pitu:

Ingkang Artosipun:

“Lan Ingsun ora ngutus siro (Muhammad) kejobo aweh rohmat maring wong sa’ alam donyo.

Poro rawuh ingkang minulyo!
Dados kautusipun Kanjeng Nabi meniko merata dateng sedoyo tiang sa’ alam donyo. Mugi-mugi kito mbenjang sageto angsal syafa’atipun benjang dinten qiyamat.

Kintenipun cekap semanten uraian singkat tentang Maulid Nabi ingkang saget kulo aturaken kirang langkungipun nyuwun pangapunten.

Wassalamualaikum wr.wb.

Baca Juga: Niat Puasa Maulid Nabi 2023 di Bulan Rabiul Awal 1445 H Apakah Ada? Simak Penjelasannya

Contoh ke 2

السلام عليكم ورحمة الله وبركاته

Poro Bapak poro Ibu hadirin sedoyo ingkang kulo hormati!

Monggo kulo lan panjenengan sedoyo samiho manjataken rahos syukur Alhamdulillah dateng ngarsanipun allah SWT. dene menopo Alloh sampun paring hidayah, inayah, rohmat lan keni’matan dumateng kulo lan panjenengan sedoyo sehingga kulo lan panjenengan sami saget makempal wonten ing puniko majlis kanti sehat wal ‘afiyat.

Poro rawuh ing saat meniko monggo kito niat ibadah dateng Alloh, niat ta’dzim utawi hormat dinten kelahiranipun junjunngan kito Nabi Agung Muhammad, salah setunggalipun Nabi pemimpin umat, Nabi ingkang sanggup bade paring syafa’at, boten pandang sugih utawi melarat, boten pandang rakyat utawi pejabat, sami ugi wonten ing dunyo utawi akherat, mugi-mugi kulo panjenengan benjang saget angsal rohmat lan syafa’at, saking panjenenganipun benjang ing dinten kiamat. Amin.

Poro rawuh ingkang minulyo!

Junjungan kito Nabi Muhammad SAW. meniko salah setunggalipun Nabi ingkang nggadahi sifat kemanusiaan ingkang paling sempurno.

Dene ingkang paling menonjol sifatipun Kanjeng Nabi wonten kalangan manungso inggih puniko sifat kejujuranipun soho akhlakipun ingkang mulyo ngantos Kanjeng Nabi terkenal wonten kalangan tiyang Arab dipun sebut Al-Amin, tegesipun tiyang ingkang saget dipercoyo, ugi Alloh piyambak ngakoni mulyonipun akhlakipun kanjaeng Nabi dipun sebat wonten al-Qur’an surah al-Qolam ayat sekawan:

Baca Juga: 3 Contoh Pidato Maulid Nabi Bahasa Madura Menggunakan Tatakrama Halus dan Sopan

Ingkang artosipu

“Lan sak temene siro iku bener-bener netepi pekerti kanga agung”

Poro Bapak poro Ibu ingkang minulyo!

Keranten akhlak ingkang mulyo lan agung, Kanjeng Nabi saget membangun mental Bangsa Arab saking zaman jahiliyyah menuju zaman Islamiyyah, kito sampun ma’lum wonten kitab-kitab tarikh utawi sejarah Islam, bilih sa’derengipun Kanjeng Nabi lahir dipun watani zaman jahiliyyah, zaman kebodohan.

Bangsa Arab wonten zaman niku dereng mengenal sinten Pengeran ingkang berhak disembah, tiyang-tiyang katah ingkang nyembah kayu, watu, nyembah braholo, omben-ombenan arak, maen judi, kertu, remi lan sa’ piturutipun, meniko sampun terbiasa, keranten dereng mengenal kebenaran lan kesesatan, dereng mengenal halal lan harom.

Pancene menawi dipun ma’nani, “maen” niku ma’nane “maunya enak”, tapi emoh kangelan, lumuh nyambut gawe, semanten ugi “judi”, ma’nane “sing maju dadi”, dadi nopo? Dadi wong mlarat. Bangkrut. Semanten ugi “kertu” “duit ning sengker dadi metu” asale panen dodol gabah, duit kebek nang jeroneng sak.
Bareng silo, nyandak kertu, akhire duit sing disengker malah dadi metu. Semanten ugi “remi” ma’nane “njareme lami” tiyang remi niku nek menang ngotot golek musuh. Bareng kalah, njareme lami, suwe.

Mulane Kanjeng Nabi terus dipun lahiraken wonten ing tengah-tengah kebobrokan mental bangsa Arab supados nyempurnakaken akhlak utawi budi pekerti. Kanjeng Nabi pun dawuh:

(إِنَّمَا بُعِثْتُ لِأُتَمِّمَ مَكَارِمَ الْأَخْلاَقِ. (رواه أحمد

Ingkang Artosipun

“Sa’ temene ingsun diutus supoyo nyampurnakake budi pekerti”

Poro bapak poro Ibu ingkang kulo hormati!

Baca Juga: 20 KUIS SOAL Cerdas Cermat Lomba Maulid Nabi Muhammad SAW Tingkat Sekolah SD, SMP dan SMA

Agengipun pengaruh kemulyaan akhlak Kanjeng Nabi sehinggo syi’ar kejayaan Islam mboten namung terbatas wonten kalang tiyang Arab mawon tapi terus meluas berkembang ngantos seluruh dunia.

Pancen keutusipun Kanjeng Nabi meniko mboten khusus wonten negeri Arab mawon tapi dateng seluruh alam, Alloh dawuh wonten Al-Qur’an Surah Al-Anbiya’ ayat satus pitu:

Ingkang Artosipun

“Lan Ingsun ora ngutus siro (Muhammad) kejobo aweh rohmat maring wong sa’ alam donyo.

Poro rawuh ingkang minulyo!

Dados kautusipun Kanjeng Nabi meniko merata dateng sedoyo tiang sa’ alam donyo. Mugi-mugi kito mbenjang sageto angsal syafa’atipun benjang dinten qiyamat.

Kintenipun cekap semanten uraian singkat tentang Maulid Nabi ingkang saget kulo aturaken kirang langkungipun nyuwun pangapunten.

والسلام عليكم ورحمة الله وبركاته

Baca Juga: 10 Rekomendasi Lagu Maher Zain Untuk Didengarkan Saat Maulid Nabi Muhammad SAW Bersama Keluarga dan Kerabat

Contoh ke 3

Assalamu’alaikum wr. wb.

Bapak-bapak, ibu-ibu, sederek-sederek kaum muslimin wal muslimat ingkang kinurmatan.
Saderengipun mangga sesarengan ngaturaken puja kaliyan puji syukur wonten ing ngarsanipun Gusti Allah SWT ingkang sampun paring kanugrahan saenggakita saged makempal wonten ing Masjid Ar Rahman mriki, saperlu ngawontenaken pengetan miyosipun Nabi junjungan kita inggih punikaNabi Muhammad SAW, ingkang tansah kita entosi syafa’atipun ing dinten yaumil qiyamat mangke.

Ing dalu punika tanggal 17Februari 2012, utawi tanggal 12 Rabiulawal 1433, sadaya umat Islam kabikak manahipun, kadhodhog jiwanipun, kagugah badanipun, saperlu ngaji lan mengeti miyosipun Kanjeng Nabi Muhammad SAW, utawi ingkang limrah dipunsebat Maulid Nabi Muhammad SAW.

Kula minangka ketua panitia pengetan Maulid Nabi ing Masjid Ar Rahman mriki, ngaturaken sugeng rawuh dhumateng jamaah sadaya, ingkang sampun nglonggaraken wekdal ngrawuhi pengetan ing dalu punika, mugi pikantuk syafa’at saking Kanjeng Nabi, lan Gusti Allah SWT tansah ngluberaken rahmat saha hidayahipun dhumateng kita sadaya kaliyan paring ganjaran swarga kangge gesang kita wonten ing alam akhirat mangke.

Baca Juga: Sambut Bulan Maulid dengan Bukaan Hati dan Kehangatan

Wondene inti saking pengetan Maulid Nabi ing dalu punika badhe dipunwedharaken dening Bapak Kyai H. Widodo saking Semarang.

Kula kinten menggah atur pambuka punika kula cekapi semanten kemawonsalajengipun pengetan Maulid Nabi ing dalu punika sumangga kita bikak kanthi waosan “ Basmallah “ …..Bhismillahir rohmanir rohim….

Wasana cekap semanten atur kula, bilih wonten klenta-klentunipun kula nyuwun agunging samodra pangaksami.

Wassalamu’alaikum wr. wb.

Contoh ke 4

MAULID NABI MUHAMMAD, SAW

السلا م عليكم ورحمة الله وبر كا ته
الحمد لله الذى أَنْعَمَ عَلَيْنَا بِنِعْمَةِ اْلاِيْمَانِ وَاْلاِسْلاَمِ وَأَرْسَلَ رَسُوْ لَهُ عَلَى كَّا فَّةِ اْلاُمَمِ. وَالصَّلاَةُ وَالسَّلاَمُ عَلَى سَيِّدِ نَا مُحَمَّدٍ خَيْرِ اْلاَنَمِ. وَعَلَى اَلِهِ وَاَصْحَابِهِ الْكِرَامِ. أمّا بعد. فقال الله تعالى فى القر أن الكريم. وَمَا أَرْسَلْنَاكَ إِلاَّ رَحْمَةً لِّلْعَالَمِيْنَ.
Ingkng kinurmatan rama kyai ……………. Ingkang kito ajeng2 fatwanipun, ingkang kawulo hormati sesepuh soho pini sepuh , ingkang kito ajeng2 wejangan2nipun. Dumateng Bpk kepala desa sa’perangkatipun ingkang kito taati peraturan lan perintahipun. Dumateng sedoyo hadirin/hadirat kaum muslimin/muslimat ingkang kawulo hormati.

Lewat suasana ingkang indah, cerah, terang benderang ing saat meniko, monggo kulo lan panjenengan sedoyo jaler-estri, enom-tuwo sami muji syukur dateng Alloh Kang Maha Kuoso, ingkang nitahaken poro menungso, soho ingkang paring patrapan lan sikso, dumateng tiyang ingkang nglampahi duso, ingkang boten purun tobat, getun lan nelongso, soho boten purun sholat lan poso, mugi-mugi kulo panjenengan pinaringan iman ingkang kuat rusho, sehinggo saget nglampahi perintahipun zat kang murbo waseso, Akhiripun pinaringan gesang aman, damai lan sentoso, Amin yaa Robbal Aaalamin.

Ingkang kaping kaleh, mugiyo Rohmat Alloh lan salam, selali dipun limpahaken dateng kanjeng pejuang Islam, Nabi pemimpin arab lan Ajam, ingkang beto umat manusia saking masa ingkang murko, bengis lan kejam, menuju masa damai, aman lan tentram, yakni masa jahiliyah menuju masa Islamiyah.

Poro Bapak, Ibu, Hadirin sedoyo !

Baca Juga: Contoh Teks Pidato Maulid Nabi Singkat dan Lucu 2023, Dapat Digunakan Sebagai Referensi Acara Rabiul Awal

Ingkang kaping tigonipun kulo matur nuwun dumateng sederek pemimpin acara, ingkang sampung paring wekdal dateng kulo. Mugi-mugi, wekdal meniko saget kulo gunakaken sak sahe-sahenipun. AMin

Poro Bapak, poro Ibu ingkang kulo hormati !

Berbicara tentang peringatan “Maulid Nabi”, meniko sampun boten terpandang asing wonten kalangan umat Islam. Sebab pancen sampun dados keharusan, utawi dados hal ingkang perlu, tumrap umat ingkang dipun pimpin meniko mengenang utawi melestarikan sejarah seorang pemimpinipun.

Lha panjenenganipun Rasulullah SAW, meniko setunggalipun pemimpin ingkang sukses perjuanganipun sampun sukses membangun umat manusia saking zaman jahiliyah menuju zaman islamiyah. Hal meniko terbukti wonten kitab-kitab Tareh, wonten kitab Al-Barzanji, wonten sejarah-sejarah Islam, bilih zaman sak derengipun kanjeng Nabi lahir keadaan alam gelap gulita. Menungso dereng mengenal sinten Tuhan ingkang wajib dipun sembah. Taksih katah tiyang ingkang menyembah berhala, menyembah hewan, kayu, watu lan sajenisipun. Saben dinten sami permusuhan, tukar padu, nopo malih, nasih qoum wanita katah ingkang lahir dipun pejahi urip-uripan. Menungso boten mengenal perkemanusiaan. Boten mengenal hukum agama, selajeng kanti sifat Rohman Rohimipun Alloh SWT, wonten ing tengah-tengah kegelapan, meniko dipun terbitaken cahaya ingkang terang benderang, inggih meniko tepat wonten dinten Isnen tanggal 12 Robiul Awwal tahun Fil, utawi tahun Gajah Alloh nglahiraken seorang Rosul supados paring tuntunan, lan membawa Rohmat bagi umat seluruh alam. Terbukti wonten Al-Qur’an surat Al-Anbiya : 107

Ingkang artosipun :

“Lan ingsun ora ngutus siro Muhamamd kejobo menehi Rohmat tumrap umat semesta alam”
Poro Rawuh sedoyo ingkang kulo hormati !

Baca Juga: Kumpulan Makanan Yang Disukai Nabi Muhammad SAW untuk Hidangan Maulid Nabi 2023

Pramilo wonten ing kesempatan meniko, kanti kedatangan wulan maulid meniko, monggo kito nglahiraken roso bungah, kito tingkataken anggen kito syukur dateng Alloh SWT. Lan minongko kangge mbuktekaken anggen kito syukur dateng Alloh SWT. Lan minongko kangge mbuktekaken rasa cinta kito dumateng Rosululloh SAW, kito kedah selalu ngatah-ngatahaken amal kesahenan, berkorban harta benda kangge kepentingan agama Islam. Lan ugi kito kedah sering maos Sholawat Nabi, menyebut asmane kanjeng Nabi, soho kito kedah selalu menjaga lan melestarikan sareat utawi ajaranipun, kranten kito sebagai umat ingkang dados ajaranipun. Keranten kito sebagai umat ingkang mengharap syafatipun benjing ing dinten qiamat, meniko syaratipun kedah cinta kanjeng Nabi. Kados dawuhipun kanjeng Nabi :

مَنْ إِعْتَنَى مَوْ لِدِيْ وَجَبَتْ لَهُ شَفَا عَتِى

“Sing sopo wonge gelem nemen-nemeni dino kelahiranku mangko tetep oleh syafaatku“
Poro rawuh ingkang kulo hormat !

Pancen tiyang niku menawi cinta kedah netepi rukun telu

( اركان المحبّة ثلا ثة)

Rukunipun cinta meniko wonten tigo

1. Tiyang cinta meniko kedah rela berkorban harta benda. Berkorban demi cinta, tanpa korban cinta sia-sia.

2. Tiang cinta kedah selalu eling lan nyebut asmane ting ingkang dipun cintai, enjing sonten, siang ndalu, selalu emut lan nyebut-nyebut

3. Tiang cinta kedah purun nyocoki lan derek tingkah laku lan perkataanipun tiang ingkang dipun cintai. Tanpa mencocoki lan mengikuti ucapan lan perbuatanipun, cinta bade timbul perselisihan, ingkang akhiripun timbul kegagalan.

Poro Rawuh ingkang kulo hormati !

Baca Juga: 12 kata kata pujian untuk Nabi Muhammad, Marhaban Syahru Maulid Nabi Muhammad Shalallahu Alaihi Wassalam

La’ kito sebagai umatipun kanjeng Nabi menawi kito sampun menyatakan cinta dateng Kanjeng Nabi, meniko kito ugi kedah remen berkorban kangge memperingati dinten maulid ipun Kanjeng Nabi kados ing saat meniko.

Lan maleh, kito kedah sering mahos sholawat, sebagai bukti remen kito dateng kanjeng Nabi. Soho kito kedah purun nindakaken nopo ingkang dados ajaranipun, lan nebihi nopo ingkang dados laranganipun. Kanti mekaten kolowahu, mugi-mugi ingkang hadir ing majelis puniko sageto tergolong dateng umatipun kanjeng Nabi, ingkang saget nampi syafa’atipun, benjang ing dinten qiamat.

Poro rawuh, kintenipun cekap semanten atur kulo, kirang langkungipun kulo nyuwun agungipun pangapunten.

و بالله التو فيق و الهداية
والسلا م عليكم ورحمة الله وبر كا ته

***

Editor: Ahmad

Tags

Terkini

Terpopuler