Contoh Sambutan Ketua Panitia Perpisahan Bahasa Jawa Jenjang Sekolah TK, SD, SMP dan SMA

18 Juni 2023, 13:55 WIB
Contoh sambutan ketua panitia perpisahan Bahasa Jawa singkat, jelas dan cocok untuk jenjang TK, SD, SMP dan SMA menyentuh hati/ilustrasi /Pexel/ Skitterphoto

SUMENEP NEWS - Inilah contoh sambutan ketua panitia perpisahan Bahasa Jawa singkat, jelas dan cocok untuk jenjang TK, SD, SMP dan SMA.

Dapatkan teks sambutan ketua panitia perpisahan Bahasa Jawa sekolah SD, SMP dan SMA secara lengkap yang nantinya disampaikan di atas panggung.

Bisa convert dalam bentuk Doc, Word, dan PDF contoh sambutan ketua panitia perpisahan Bahasa Jawa kali ini.

Baca Juga: Contoh Sambutan Wali Kelas Kelulusan Terbaru, Mengandung Pesan Untuk Anak Didik!

Para guru yang ditunjuk jadi kepanitiaan maka bisa membaca contoh sambutan ketua panitia perpisahan dalam Bahasa Jawa.

Sebab, dalam sambutan ketua panitia perpisahan Bahasa Jawa ini berisi beberapa materi yang penting yang disampaikan.

Dirangkum dari berbagai sumber, berikut ini contoh sambutan ketua panitia perpisahan Bahasa Jawa jenjang kelulusan sekolah TK, SD, SMP dan SMA.

Baca Juga: Contoh Sambutan Wali Kelas di Kelulusan TK SD SMP SMA Mudah, Menarik dan Menyentuh Hati

Contoh sambutan ketua panitia

1. Assalamualaikum Wr Wb

Bapak Kepala Sekolah ingkang kulo kurmati.
Bapak Ibu Guru Ingkang dahat kinurmatan.
Ugi adik-adik lan rencang-rencang ingkang kulo tresnani.

Alhamdulillah puji syukur tansah kito haturaken dhumateng Gusti Allah Ingkang Maha Agung, Ingkang sampun angluberaken rahmat sarta hidayah sahinggo kita sedoyo saget makempal wonten ing acara perpisahan niki.

Bapak ibu guru Ingkang kula hurmati, kulo minangka wakilipun putra-putri kelas 3/6/9 ngaturaken agunging panuwun awit keikhlasan saha katresnan Bapak lan Ibu guru anggenipun nggulawentah para siswa saengga saged ngrampungaken kewajiban ingkang sampun kalampahan sadangunipun tiga tahun.

Baca Juga: Contoh Sambutan Bunda PAUD Pada Acara Perpisahan Sekolah Terbaru, Lengkap dan Singkat

Bapak ibu guru saha adik-adik, sakedhap maleh kulo sarencang ninggalaken pawiyatan punika. Sanadyan sampun pepisahan ingkang ateges tinebih ing netra, mawantu-wantu kulo tansah nyenyuwun supados taksih celak ing penggaleh.

Kula sak konco kelas tiga punika tansah nyenyuwun lan ndedonga adik-adik sedaya kasil anggenipun ngangs kawruh ing pawiyatan punika. Kula minangka wakilipun rencang kelas tiga, tansah nyuwun gungan, mugi-mugi adik-adik sregep anggenipun sinau.

Kulo kinten boten prayogi menawi atur kulo pepanjang, menawi wonten kirang tatakrami anggen kulo matur, kulo nyuwun agunging pangapunten.

Waasalamualaikum Wr Wb.

Baca Juga: Contoh Sambutan Kepala Sekolah Acara Perpisahan TK Singkat, Jelas, Pendek dan Menyentuh Hati


2. Assalamualaikum wr.wb

Ing kalodhangan punika sumangga langkung rumiyin kita ngaturaken puji lan syukur dhumateng ngarsanipun Allah SWT ingkang sampun paring kanugrahan dhumateng kita sedaya lan ugi nikmat hidayah satemah kita sedaya saged makempal wonten ing dinten menika kanthi sehat wal afiat.

Sholawat lan salam sumangga kita aturaken dhumateng junjungan kita Nabi Agung Muhammad SAW, ingkang sampun maringi pinten-pinten piwulang dumateng kita sedaya supados tansah taqwa lan mangertos dhumateng Allah SWT.

Pramila kita sedaya tansah sholawat dumateng junjungan kita Nabi Muhammad SAW, dumateng keluarganipun. shahabat, saha pandherekipun sarta dhumateng kita sedaya ngantos pikantuk syafaat (pitulung) wonten ing dinten kiyamat.

Ingkang kula hormati bapak/ibu …………..

Ingkang kula hormati panitia adicara………………..

Baca Juga: Sambutan Ketua Yayasan Taman Kanak Kanak untuk Acara Perpisahan dan Wisuda Siswa

Lan ingkang kula hormati para tamu undangan

Enjing menika kula minangka ketua panitia acara …………. Matur nuwun dhumateng para tamu undangan ingkang sampun ngluangaken wekdal rawuh wonten ing adicara menika.

Kula ugi mboten kesupen ngaturaken agunging panuwun dumateng panitia ingkang tanggel jawab dumateng acara menika.

Mugi-mugi adicara ing enjing menika saged lumampah kanthi lancar boten wonten alangan setunggal menapa.

Para rawuh ingkang kula hormati

Mekanten sambutan kula. Kirang langkung kula nyuwun pangampunten.

Wasalamualaikum wr.wb

***

Editor: Sauqi Romdani

Tags

Terkini

Terpopuler