Contoh Teks Sambutan Perwakilan Dewan Guru Bahasa Jawa dan Terjemahan pada Acara Perpisahan Sekolah TK

- 18 Juni 2022, 17:15 WIB
ILUSTRASI : Guru sekolah TK PAUD, sambutan gurudalam Bahasa  Jawa pada acara  Perpisahan
ILUSTRASI : Guru sekolah TK PAUD, sambutan gurudalam Bahasa Jawa pada acara Perpisahan /Foto : Nur Aliem Halvaima - Posjakut


Kanti sekeco lan ramah tamah,


Sedoyo kolowahu ingkang kulo hormati,


Langkung rumiyin kulo ngelahiraken puji syukur
Dateng Alloh Tuhan semesta alam,


Ingkang mucal menungso mawi qolam,


Sehinggo kito sami ngerti lan faham,


Dateng hukum-hukum agami islam,


Saget ambedaaken halal lan haram,


Akhiripun mugi-mugi kito saget wilujeng saking sikso jahannam,
Lan saget mlebet suargo kanti aman lan tentram, Amin ya robbal alamin.
Poro bapak poro ibu utaminipun dumateng wali murid soho wali santri ugi poro rawuh sedoyo! Atas nama Pengasuh lan dewan asatidz Pondok Pesantren ( isi nama pesantren atau sekolahnya),


Ngaturaken; sugeng rawuh sugeng pinarak kawulo aturaken dumateng panjenengan sedoyo, Dene menopo undangan kawulo, panjenengan kerso angrawuhi Nderek-nderek mriyahaken wontenipun acara Haflah Ahir Sanah ingkang dipun wonten aken deneng putro-putri panjenengan sedoyo.


Kulo atas nami pengasuh rumaos bingah lan bonggo yen acara puniko saget meriyah kados mekaten, kulo namung saget ndongaaken mugi-mugi panjenengan sedoyo lek nyempatne wekdal dateng mriki, lek repot golek sangu kanggo ragat dateng mriki, kangge tuku bensin kanggo nyarter colt, kangge rombongan dateng mriki mugo-mugo enggal dipun ijoli kalian Alloh ingkang langkung kathah ingkang tikel matikel, ingkang nyambut gawe dagang benjeng dagangane laris, sing tani benjeng panene tambah kathah, sing ternak mugo-mugo weduse, sapine, piti'e manak akeh, sedoyo ingkang sami rawuh mriki mugo-mugo rizqine sami barokah, Amin.

Halaman:

Editor: Khoirul Umam


Tags

Artikel Pilihan

Terkait

Terkini

Terpopuler

Kabar Daerah