DOWNLOAD PDF! Khutbah Jumat Bahasa Jawa Singkat, Selamat Tinggal Ramadhan Selamat Datang Hari Kemenangan

- 10 April 2024, 00:47 WIB
DOWNLOAD PDF! Khutbah Jumat Bahasa Jawa Singkat, Selamat Tinggal Ramadhan Selamat Datang Hari Kemenangan
DOWNLOAD PDF! Khutbah Jumat Bahasa Jawa Singkat, Selamat Tinggal Ramadhan Selamat Datang Hari Kemenangan /pexels,com

Maasyiral muslimin rahimakumullah

Miwiti khutbah ingkang enggal punika, khatib berwasiat dhateng kita sami, utaminipun dhateng dhiri khatib pribadi kangge senantiasa usaha ningkataken ketakwaan lan keimanan dhateng Allah subhanahu wa taala kaliyan nglampahaken sedaya kewajiban lan nebihaken dhiri saking sedaya ingkang dilarang lan diharamaken.

Jamaah jemuwah rahimakumullah

Mangsa kesaenan punika sampun dugi ing tengah-tengah kita. Mangsa maghfirah lan Rahmah punika sampun wonten ing ngajenging mripat. Nanging, mboten kraos mangsa ingkang kathah keagungan ing lebetipun punika badhe enggal nilaraken kita inggih punika sasi Ramadhan. Pangraosan enggal kala-wingi kita nglampahaken siyam lan sapunika kita sampun wonten ing penghujung sasi suci Ramadhan.

Baca Juga: 30 Ucapan Idul Fitri 2024 Bahasa Jawa Halus dan Krama Inggil untuk Orang Tua, Sahabat, Teman dan Kerabat

Hadirin ingkang dirahmati allah

Sumangga kita perlakukan akhir Ramadhan sakepripun kita nyambut wiwiting sasi Ramadhan. Kita bersemangat dhateng masjid, bersemangat tadarus al Qur’an. Kita gayuh ampunan, keberkahan, Rahmat Allah lan pembebasan saking geni neraka.

Sampun ngantos sa-wangsulipun, ing akhir Ramadhan punika malah males dhateng masjid, males tadarus, lan sanesipun. Ing detik-detik akhir sasi suci Ramadhan punika malah kita angge semaksimal mungkin.

Ramadhan ingkang kantun ngitung dinten punika sumangga kita angge kaliyan sasae mungkin. Kita angge tirah wekdal Ramadhan kangge (taqarrub) nyaketaken dhiri dhateng allah SWT.

Ing akhir sasi Ramadhan punika sengkuyung ibadah kita kedah saya membaja. Api semangat kita kedah senantiasa menyala. Gairah kesaenan lebet dhiri kita kedah tansah kita jagi.

Halaman:

Editor: Sauqi Romdani


Tags

Artikel Pilihan

Terkait

Terkini

Terpopuler

Kabar Daerah