DOWNLOAD DISINI! Khutbah Singkat Idul Fitri 2024 PDF Bahasa Jawa: Layakkah Kita Merayakan Idul Fitri

- 10 April 2024, 00:44 WIB
Link download khutbah Idul Fitri 2024 PDF Bahasa Jawa singkat dan pendek untuk merayakan momentum Hari Kemenangan 10 April 2024
Link download khutbah Idul Fitri 2024 PDF Bahasa Jawa singkat dan pendek untuk merayakan momentum Hari Kemenangan 10 April 2024 /Antara/HO-UMP/

Kangge punika, miwiti khutbah ingkang enggal punika, kita berwasiat dhateng kita sami supados senantiasa usaha kangge ningkataken ketakwaan dhateng Allah ta’ala kaliyan nglampahaken sedaya kewajiban lan nilaraken sedaya larangan.

Baca Juga: 23 Ucapan Idul Fitri 2024 Bahasa Sunda Singkat, Halus, Penuh Makna dan Menyentuh Hati Buat Orang Tua

Hadirin jamaah shalat ‘Ied rahimakumullah,

Salami sa sasi kebak kita sampun nglampahaken pendidikan lan pelatihan ing madrasah Ramadhan. Salami nempah pendidikan ing madrasah Ramadhan, kita mboten namung dipunwucal kangge dandosi hubungan kaliyan Allah ta’ala. Nanging ugi dipunlatih kangge dandosi hubungan kaliyan sesami kawula.

Ing dinten punika, ing dinten riyadin Idul Fitri punika, kita semestinipun ngrayakaken kemenangan dados tiyang-tiyang ingkang kasil nglangkungi pinten-pinten rintangan salami nglampahaken pendidikan ing Madrasah Ramadhan.

Ing dinten riyadin punika, kita ugi semestinipun ngrayakaken kelulusan saking Madrasah Ramadhan kaliyan nggayuh predikat dados tiyang-tiyang ingkang bertakwa. Kados firman Allah SWT.

 يٰٓاَيُّهَا الَّذِيْنَ اٰمَنُوْا كُتِبَ عَلَيْكُمُ الصِّيَامُ كَمَا كُتِبَ عَلَى الَّذِيْنَ مِنْ قَبْلِكُمْ لَعَلَّكُمْ تَتَّقُوْنَۙ١٨٣

Sa-wangsulipun, bilih medal saking madrasah pasa kita dereng dados pribadi ingkang bertakwa, dereng kasil menundukkan hawa nafsu lan taksih kawon kaliyan tipu daya setan, menopo ing dinten ingkang fitri punika kita ngrayakaken kemenangan? layakkah kita berhari raya?

Pramila, hadirin sekalian, sumangga kita muhasabah. Kita introspeksi lan evaluasi dhiri kita. Punapa kita sampun prayogi ngrayakaken kemenangan ing dinten riyadin.

Baca Juga: 20 Ucapan Idul Fitri 2024 Islami Mohon Maaf Lahir Batin, Cocok untuk Story WA dan Buat Pacar Tercinta

Halaman:

Editor: Sauqi Romdani


Tags

Artikel Pilihan

Terkait

Terkini

Terpopuler

Kabar Daerah