Materi Khutbah Jumat Malam Nisfu Syaban Bahasa Jawa 23 Februari 2024 Lengkap Keutamaan dan Amalan

- 22 Februari 2024, 18:56 WIB
Naskah materi Khutbah Jumat Bahasa Jawa tentang malam Nisfu Syaban 23 Februari 2024 bisa download Word dan PDF secara singkat
Naskah materi Khutbah Jumat Bahasa Jawa tentang malam Nisfu Syaban 23 Februari 2024 bisa download Word dan PDF secara singkat /bpkh.go.id

Ma’asyiral muslimin hafidhakumullah…

Malem Nishfu Sya’ban meniko setunggal malem engkan dipun agungaken, dipun berkahi, lan dipun mulyaaken, inggih meniko malem Nishfu Sya’ban utawi malem tanggal 15 Sya’ban (insyaalloh dumawah wonten Kamis malam Jum’at 17 Maret 2022).

Wonten ing malem kasebat, Alloh “mandap” nyelak dateng kawulo-kawulonipun kanthi paring maghfiroh, rohmat, ngabulaken dungo, ngicalaken kesisahan, mbebasaken sebagian golongan saking neroko, lan nulis rizki ugi amal. Rosulallah Muhammad saw dawuh:

إِنَّ اللَّهَ لَيَطَّلِعُ فِي لَيْلَةِ النِّصْفِ مِنْ شَعْبَانَ، فَيَغْفِرُ لِجَمِيعِ خَلْقِهِ إِلاَّ لِمُشْرِكٍ أَوْ مُشَاحِنٍ. (أخرجه ابن ماجه)

“Temen Alloh ono malem Nishfu Sya’ban mrikso (mersani amalane poro kawulo). Banjur Alloh pareng pangapuro marang kabeh kawulone, sakliyane wong musyrik lan wong kang ekeran karo sedulure.” (HR. Ibnu Majah)


Malem Nishfu Sya’ban anggadahi sebutan engkang kathah sanget. Meniko nedahaken mulyonipun malem Nishfu Sya’ban. Ing antawisipun:

Malem engkang dipun berkahi اللَّيْلةُ المُبَارَكةُ
Malem pembagian rizqi ugi penetapan takdir لَيْلَةُ الْقِسْمَةِ
Malem penghapusan doso لَيْلَةُ التَّكْفِيْرِ
Wonten malem Nishfu Sya’ban Allah ngapuro doso setahun, wonten malem Jum’at ngapuro doso seminggu, lan wonten malam Qodr ngapuro doso sak umur.

Baca Juga: Keistimewaan Berpuasa di Bulan Nisfu Syaban 2024 : Mendapat Cinta dan Syafaat Nabi Muhammad SAW

Malem ijabahipun dungo لَيْلَةُ الإِجَابَةِ
Ibnu Umar ra. ngeriwayatken, wonten gangsal malem engkang mustajab, ing antwisipun malem Nishfu Sya’ban

Malem gesang ugi malem riyoyone Moloikat لَيْلَةُ الحَيَاةِ ولَيْلَةُ عِيْدِ المَلَائكَةِ
Malem Nishfu Sya’ban meniko dinten riyoyo nipun malaikat lan piyambakipun mboten sare sewengi muput.

Halaman:

Editor: Sauqi Romdani


Tags

Artikel Pilihan

Terkini

Terpopuler

Kabar Daerah