Naskah Khutbah Jumat Syaban Bahasa Jawa dan Bahasa Sunda Lengkap Arab, Latin dan Artinya

- 8 Februari 2024, 20:16 WIB
Contoh Khutbah Jumat Bahasa Jawa dan Bahasa Sunda untuk para khotib sebagai bahan materi 2024 secara singkat dan lengkap
Contoh Khutbah Jumat Bahasa Jawa dan Bahasa Sunda untuk para khotib sebagai bahan materi 2024 secara singkat dan lengkap /tangkap layar

Ngabekti dumateng Gusti Allah lan Kanjeng Nabi saget dipun wiwiti saking ngelampahi kesaenan ing lebete wulan Syaban. Amergi wulan Sya’ban nggadahi kautamaan ageng, ing antawisipun ganjaran ageng kagem tiyang ingkang ngelampahi poso sunnah lan ngatahaken moco shalawat.

Hadirin Ingkang Minulyo

​​​​​​​Sakmangken kito sampun mlebet wulan Sya’ban ingkang nggadahi pinten-pinten hikmah lan kautamaan. Gusti Allah maringi dumateng umat Islam ing wulan Sya’ban kesaenan ingkang katah. Sahabat Ibn Abbas dawuh:

Baca Juga: Komparasi Samsung Galaxy A53 5G VS Oppo Reno 7 Z 5G, Ini Spesifikasi dan Harganya

إِنَّمَا سُمِيَ شَعْبَانَ لِأَنَّهُ يَتَشَعَّبُ فِيْهِ خَيْرٌ كَثِيْرٌ لِلصَّائِمِ فِيْهِ حَتَّى يَدْخُلَ الْجَنَّةَ

​​​​​​​Artosipun: Dipun wastani wulan Sya’ban, kranten ing lebete katah kesaenan kagem sinten kimawon ingkang poso ing lebete, ngantos piyambake mlebet suwargo (Jami’ Shaghir).

​​​​​​​Dawuh meniko dipun jelasaken wonten kitab Al-Taisir syarah Jami’ Saghir bilih wulan Sya’ban nggadah kautamaan menawi dipun isi kaliyan amal ibadah kados dene poso sunnah, hinggo tiyang ingkang ngelampahi poso niku wau saget mlebet suwargo tanpo sikso. Ananging, tasik katah tiyang ingkang supe kaliyan kautamaane Sya’ban.

​​​​​​​Wonten setunggale riwayat, Usamah bin Zaid nalikane semerap Kanjeng Nabi poso, lajeng ngucap: “Duh Kanjeng Nabi, kulo mboten nate semerap panjenengan poso sunnah ing setunggale wulan kados dene ing wulan Sya’ban”. Kanjeng Nabi dawuh:

ذَاكَ شَهْرٌ يَغْفُلُ النَّاسُ عَنْهُ بَيْنَ رَجَبٍ وَرَمَضَانَ وَهُوَ شَهْرٌ يُرْفَعُ فِيهِ الْأَعْمَالُ إِلَى رَبِّ الْعَالَمِينَ فَأُحِبُّ أَنْ يُرْفَعَ عَمَلِي وَأَنَا صَائِمٌ


​​​​Artosipun: Niki wulan ingkang sering dipun laliaken menungso antarane Rajab lan Ramadan, nggih meniko wulan ingkang sedoyo amal dipun angkat marang Gusti Allah. Mongko ingsun seneng lamun amal ingsun diangkat nalikane poso (HR. An-Nasa’i)

Halaman:

Editor: Sauqi Romdani


Tags

Artikel Pilihan

Terkini

Terpopuler

Kabar Daerah