Teks Khutbah Jumat di Bulan Rajab dalam Bahasa Jawa : Ngathahi Maos Istighfar ing Wulan Rajab

- 19 Januari 2024, 10:36 WIB
Teks Khutbah Jumat di Bulan Rajab dalam Bahasa Jawa : Ngathahi Maos Istighfar ing Wulan Rajab
Teks Khutbah Jumat di Bulan Rajab dalam Bahasa Jawa : Ngathahi Maos Istighfar ing Wulan Rajab /tangkap layar



SUMENEP NEWS - Artikel ini berisi teks khutbah Jumat di bulan Rajab dalam Bahasa Jawa untuk para khotib di Indonesia khususnya di wilayah Jawa.

Bulan Rajab adalah salah satu bulan yang istimewa dan mulia dalam kalender Islam. Bulan rajab merupakan bulan yang penuh dengan berkah, rahmat, dan kebaikan dari Allah SWT.

Dalam I’ânah at-Thâlibîn, Sayid Abu Bakar Syattha’ menjelaskan bahwa Rajab adalah nama yang diambil dari kata at-tarjîb yang artinya menghormati, sebab orang-orang Arab pada masa lalu menganggapnya lebih mulia daripada bulan-bulan yang lain.

Dikutip dari situs NU Online, ini adalah teks khutbah jumat dengan judul “Ngathahi Maos Istighfar ing Wulan Rajab”. Mudah-mudahan bisa menjadi peringatan bagi kita untuk lebih giat dalam menambah keimanan dan ketakwaan kepada-Nya.

Baca Juga: Khutbah Jumat Edisi Rajab 12 Januari 2024 Tentang Sunnah dan Keutamaan di Bulan Rajab 1445 H

Berikut teks Khutbah jumat dalam bahasa jawa


الحَمْدُ للهِ الْمَلِكِ الدَّيَّانِ، وَالصَّلَاةُ وَالسَّلَامُ عَلَى مُحَمَّدٍ سَيِّدِ وَلَدِ عَدْنَانَ، وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ وَتَابِعِيْهِ عَلَى مَرِّ الزَّمَانِ، وَأَشْهَدُ أَنْ لَّا إِلهَ إِلَّا اللهُ وَحْدَهُ لَا شَرِيْكَ لَهُ الْمُنَـزَّهُ عَنِ الْجِسْمِيَّةِ وَالْجِهَةِ وَالزَّمَانِ وَالْمَكَانِ، وَأَشْهَدُ أَنَّ سَيِّدَنَا مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ الَّذِيْ كَانَ خُلُقُهُ الْقُرْآنَ   أَمَّا بَعْدُ، عِبَادَ الرَّحْمٰنِ، فَإنِّي أُوْصِيْكُمْ وَنَفْسِي بِتَقْوَى اللهِ المَنَّانِ، الْقَائِلِ فِي كِتَابِهِ الْقُرْآنِ: يَٰٓأَيُّهَا ٱلَّذِينَ ءَامَنُوا۟ ٱتَّقُوا۟ ٱللَّهَ وَلْتَنظُرْ نَفْسٌ مَّا قَدَّمَتْ لِغَدٍ  وَٱتَّقُوا۟ ٱللَّهَ  إِنَّ ٱللَّهَ خَبِيرٌۢ بِمَا تَعْمَلُونَ


Wonten ing pambuka sidang khutbah ingkang minulya punika, kepareng khatib ngaturaken pepeling kagem kita sedaya. Manggaha kita tansah ningkataken takwa kita, kelawan nindakake perintahe Gusti saha nebihi sedaya awisane. Mugi-mugi kita sedaya kalebet golongan ingkang angsal Ridha saking Gusti Allah ta’ala.

Para jamaah ingkang minulya Alhamdulillah, sakmenika sampun badhe mlebet wulan Rajab. Salah setunggale wulan ingkang dipun sebat wonten ing Al Qur'an, kalebet ing sekawan wulan kang dimulyaake. Gusti Allah ta'ala paring pangandikan wonten ing Surat At Taubah ayat 36:   

 إِنَّ عِدَّةَ الشُّهُورِ عِنْدَ اللَّهِ اثْنَا عَشَرَ شَهْرًا فِي كِتَابِ اللهِ يَوْمَ خَلَقَ السَّمَاوَاتِ وَالْأَرْضَ مِنْهَا أَرْبَعَةٌ حُرُمٌ (التوبة: ٣٦)   Artosipun:

“Saktemene wilangan wulan mungguhe Gusti Allah iku rolas, ing dalem kepastiane Gusti Allah nalikane nyiptaaken langit lan bumi, setengah saking rolas wulan niku sekawan wulan ingkang haram" (Q.S. at-Taubah: 36).

Wondene, sekawan wulan kang dimulyaake ana ing ayat kasebat, inggih punika Dzulqa’dah, Dzulhijjah, Muharrram, lan Rajab. 

Para jamaah ingkang minulya. Nalika sampun mlebet wulan Rajab, Kanjeng Nabi Muhammad saw sampun maringi tuladha, kanthi maos dunga, kados dene ingkang sampun dipun riwayatake saking Anas Ibn Malik wonten ing Musnad Ahmad: 

Baca Juga: Keutamaan Puasa Bulan Rajab 2024 Lengkap Dalil Dalilnya Versi NU Online

 اللَّهُمَّ بَارِكْ لَنَا فِي رَجَبٍ وَشَعْبَانَ وَبَلِّغْنَا رَمَضَانَ   

Artosipun: “Duh Gusti Allah, mugi Panjenengan maringi kanugerahan keberkahan dateng kita, ana ing wulan Rajab lan Sya'ban, ugi mugi Panjenengan ndugiaken kita ngantos dumugi wulan Ramadhan.”   

Dunga ingkang dipun contoaken saking Kanjeng Nabi menika, nuduhake kautamaan wonten ing wulan Rajab.

Saget ugi, kita pendhet tuladha, sak derengipun kerawuhan wulan Ramadhan, awak saha manah kita siapake, kanthi nglampahi pirang-pirang amalan, kaya dene pasa lan ngathahi maos istighfar.   

Halaman:

Editor: Sauqi Romdani


Tags

Artikel Pilihan

Terkini

Terpopuler

Kabar Daerah