NASKAH KHUTBAH JUMAT 4 Agustus 2023 Bahasa Jawa Memperingati Hari Kemerdekaan 17 Agustus

- 3 Agustus 2023, 14:32 WIB
Teks naskah Khutbah Jumat 4 Juli 2023 dalam Bahasa Jawa memperingati Hari Kemerdekaan Indonesia 17 Agustus secara singkat PDF dan Word
Teks naskah Khutbah Jumat 4 Juli 2023 dalam Bahasa Jawa memperingati Hari Kemerdekaan Indonesia 17 Agustus secara singkat PDF dan Word /PIXABAY/cahiwak

Menawi kalih perkawis punika saget kita tindakaken, Allah subhanahu wata’ala paring jaminan donga ingkang kita aturaken badhe dipunkabulaken. Sampun jelas bilih donga menika dados kewajibanipun manungso, lan donga kita badhe dipunkabulaken Allah subhanahu wata’ala.

Manawi kita nindakaken dhawuhipun lan kedah kanthi keimanan ingkang leres. Nanging taksih kathah tiyang ingkang ndonga naming kemawon naggenipun dheweke ndonga menika boten kanthi syarat-syarat kang sampun khatib sebataken, pramila inggih donganipun mboten dipunkabulaken dening Allah subhanahu wata’ala.

Jamaah shalat Jumat Engkang Berbahagia

Sanesipun syarat-syarat donga kang sampun khatib sebataken wonten ing ngajeng, Allah subhanahu wata’ala ugi paring dhawuh dhumateng kita supados nalikaning kita ndonga dipun dhereki tansah ngasoraken awak saha kanthi swanten ingkang lirih.

Allah paring pangandikan wonten ing al-Quran:

“Sira padha nenuwun marang Allah Pangeran sesembahanira kalawan ibadah dhepe-dhepe sarta kanthi suara kang lirih-lirih memalad sih, jalaran Panjenengane iku ora remen marang wong-wong kang padha ngliwati wates.”(QS. Al-A’raf: 55)

Baca Juga: Contoh Pengumuman Lomba 17 Agustus 2023, Bisa Dibuat dengan Mudah dan Cepat

Kita sedaya kemawon menawi dipun timbali lan dipun ajak ngendikan kaliyan sinten mawon tiyang kang dados ndhuwuran utawi pimpinan, punapa ugi tiyang ingkang kita hormati. Mestinipun kita menika mboten bakal wanton ngendikan kanthi seru-seru lan ngendikan kanthi sombong utawi mboten nggadhahi adab. Mestinipun dhumateng Allah subhanahu wata’ala. Pangeran kita sami kedah ngawigatosaken kemaleh.

Jamaah shalat Jumat Engkang Berbahagia

Ugi kita sedaya nalikaning nyenyuwun dhumateng Allah sarana do’a, ampun kita menika kesesa enggal dipunkabulaken. Kita kedah ndonga kannthi sabar, lan temenan.

Halaman:

Editor: Sauqi Romdani


Tags

Artikel Pilihan

Terkait

Terkini

Terpopuler

Kabar Daerah