Enjing meniko, kito kumpul wonten panggenan ingkang kebak barokah, sak perlu nyambut rawuhipun wulan Syawal. Kito sampun lilo ninggal wulan Ramadhan.
Wulan ingkang mulyo, wulan kebecikan, wulan kebak barokah, wulan taubat, lan wulan ketaatan ugi amal shalih sampun nilar kito sedoyo.
Sak sampun ipun kito pisah kalian wulan taubat, monggo kito sami netepi taubat. Sak sampun ipun kito pisah kalian wulan ketaan, monggi kito sami netepi taan.
Baca Juga: Doa Inti Ziarah Kubur Hari Raya Idul Fitri 2023 Lengkap Arab, Latin dan Artinya Secara Singkat
Sak sampun upun kito pisah kalian wulan Al QUr’an, monggo kito sami netepi maos Al Qur’an. Sak sampun ipun pisa kalian wulan tarawih, monggo kito sami nindaaken shalat-shalat sunnah.
Sak sampun ipun pisah kalian wulan poso, monggo kito tetep ngelaksanakaan poso-poso sunnah.
اللّٰهُ أَكْبَرُ اللّٰهُ أَكْبَرُ اللّٰهُ أَكْبَرُ، وَلِلّٰهِ الْحَمْدُ
Ma’asyiral Muslimin wal Muslimat rahimakumullah,
Dinten meniko termasuk dinten ingkang agung sanget, dinten riyadin ingkang mulyo.
Wonten hadist dipun sebataken bilih wonten salah setunggal dinten riyadin Nabi shallallahu ‘alaihi wasallam dawuh: