TEKS KHUTBAH Hari Raya Idul Fitri 2023 Bahasa Jawa PDF, Para Khotib Dapat Pahami Materi Ini

21 April 2023, 20:00 WIB
Teks khutbah Idul Fitri 2023 Bahasa Jawa PDF yang nantinya disampaikan oleh khotib ketika sudah naik mimbar setelah selesai sholat /Unsplash/Mufid Majnun

SUMENEP NEWS - Inilah teks khutbah Idul Fitri 2023 Bahasa Jawa PDF yang nantinya disampaikan oleh khotib ketika sudah naik mimbar.

Materi khutbah Idul Fitri 2023 Bahasa Jawa PDF bertema tentang menyambung silaturahim dan memperkuat persaudaraan.

Adapun contoh khutbah khutbah Idul Fitri 2023 Bahasa Jawa PDF akan disajikan secara lengkap dan terbaru.

Baca Juga: Rekomendasi Makanan Di Hari Raya Idul Fitri

Bisa convert dalam format PDF contoh khutbah Idul Fitri 2023 menggunakan bahasa lokal Bahasa Jawa.

Hal tersebut agar lebih enak disampaikan kepada masyarakat mengenai materi khutbah Idul Fitri 2023 Bahasa Jawa.

 

Dirangkum dari berbagai sumber, berikut ini contoh teks bacaan khutbah Idul Fitri 2023 Bahasa Jawa di bawah ini:

Baca Juga: Cara Kirim Pesan Ucapan Idul Fitri 1444 H di WhatsApp dengan Cepat 

Khutbah Idul Fitri 2023 Bahasa Jawa

 

Mukaddimah Khutbah Idul Fitri

اَللهُ أَكْبَرُ اَللهُ أَكْبَرُ اَللهُ أَكْبَرُ، اَللهُ أَكْبَرُ اَللهُ أَكْبَرُ اَللهُ أَكْبَرُ، اَللهُ أَكْبَرُ اَللهُ أَكْبَرُ اَللهُ أَكْبَرُ. اَللهُ أَكْبَرُ كَبِيْرًا وَالْحَمْدُ ِللهِ كَثِيْرًا وَسُبْحَانَ اللهِ بُكْرَةً وَأَصِيْلاً، لاَ إِلهَ إِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ، صَدَقَ وَعْدَهُ، وَنَصَرَ عَبْدَهُ، وَأَعَزَّ جُنْدَهُ، وَهَزَمَ اْلأَحْزَابَ وَحْدَهُ، لاَ إِلهَ إِلاَّ اللهُ وَلاَ نَعْبُدُ إِلاَّ إِيَّاهُ مُخْلِصِيْنَ لَهُ الدِّيْنَ وَلَوْ كَرِهَ الْكَافِرُوْنَ، لاَ إِلهَ إِلاَّ اللهُ وَاللهُ أَكْبَرُ، اَللهُ أَكْبَرُ وَللهِ الْحَمْدُ

اَلْحَمْدُ ِللهِ الَّذِيْ وَفَّقَنَا ِلإِتْمَامِ شَهْرِ رَمَضَانَ وَأَعَانَناَ عَلىَ الصِّيَامِ وَالْقِيَامِ وَجَعَلَنَا خَيْرَ أُمَّةٍ أُخْرِجَتْ للِنَّاسِ. نَحْمَدُهُ عَلَى تَوْفِيْقِهِ وَهِدَايَتِهِ. وَأَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلهَ إِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ الْمَلِكُ الْحَقُ الْمُبِيْنُ، وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ خَاتَمُ النَّبِيِّيْنَ. وَالصَّلاَةُ وَالسَّلاَمُ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ وَالتَّابِعِيْنَ وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الدِّيْنَ، أَمَّا بَعْدُ: فَيَا عِبَادَ اللهِ، أُوْصِيْكُمْ وَنَفْسِيْ بِتَقْوَى اللهِ فَقَدْ فَازَ الْمُتَّقُوْنَ، وَأَحُسُّكُمْ عَلَى طَاعَتِهِ لَعَلَّكُمْ تُرْحَمُوْنَ

Ma’asyiral Muslimin rahimakumullah,

Wonten ing kesempatan ingkang bahagia meniko monggo sareng-sareng ningkataken takwallah.

Keranten ingkang saget abadi ing akhirat, mboten enten ingkang saget manfaati kejobo takwa lan amal sholeh.

Baca Juga: BARU! STITNU Al-Farabi Pangandaran Liburkan Mahasiswa Jelang Idul Fitri 2023

Pramilo, monggo kito ambudi-doyo supados ningkataken takwa dumateng Allah SWT. Kelawan ngelampahi sedoyo kewajiban lan nebihi sedoyo ingkang dilarang Allah SWT.

Hadirin jamaah shalat Idul Fitri rahimakumullah,

Enjing meniko, kito kumpul wonten panggenan ingkang kebak barokah, sak perlu nyambut rawuhipun wulan Syawal. Kito sampun lilo ninggal wulan Ramadhan.

Wulan ingkang mulyo, wulan kebecikan, wulan kebak barokah, wulan taubat, lan wulan ketaatan ugi amal shalih sampun nilar kito sedoyo.

Sak sampun ipun kito pisah kalian wulan taubat, monggo kito sami netepi taubat. Sak sampun ipun kito pisah kalian wulan ketaan, monggi kito sami netepi taan.

Sak sampun upun kito pisah kalian wulan Al QUr’an, monggo kito sami netepi maos Al Qur’an. Sak sampun ipun pisa kalian wulan tarawih, monggo kito sami nindaaken shalat-shalat sunnah.

Sak sampun ipun pisah kalian wulan poso, monggo kito tetep ngelaksanakaan poso-poso sunnah.

اللّٰهُ أَكْبَرُ اللّٰهُ أَكْبَرُ اللّٰهُ أَكْبَرُ، وَلِلّٰهِ الْحَمْدُ

Ma’asyiral Muslimin wal Muslimat rahimakumullah,

Dinten meniko termasuk dinten ingkang agung sanget, dinten riyadin ingkang mulyo.

Wonten hadist dipun sebataken bilih wonten salah setunggal dinten riyadin Nabi shallallahu ‘alaihi wasallam dawuh:

Baca Juga: BARU! STITNU Al-Farabi Pangandaran Liburkan Mahasiswa Jelang Idul Fitri 2023

لِكُلِّ قَوْمٍ عِيْدٌ وَهذَا عِيْدُنَا (رواه البخاري وغيرُه)

Artosipun: "Setiap kaum nduwe dino royoyo lan dino iki yoiku dino riyoyo kito," (HR al-Bukhari dan lainnya).

Dinten riyadin inggih meniko dinten bungah lan dinten kebahagiaan. Bungah utawi kebahagiaan kagem umat Muslim sak alam dunyo ingkang sampun nyempurnaaken taat dumateng Allah SWT.

اللّٰهُ أَكْبَرُ اللّٰهُ أَكْبَرُ اللّٰهُ أَكْبَرُ، وَلِلّٰهِ الْحَمْدُ

Hadirin jamaah shalat Idul Fitri rahimakumullah,

Ing antawisipun tindak lampah ingkang dipun perintah kagem kito wonten ing dinten riyadin inggih meniko silaturahim.

Tindak lampah meniko ingkang dipun ajarakan Rasulullah shallallahu ‘alaihi wasallam kelawan tumindak lan ucapanipun.

Sak sampun ipun Jibril pertama kali mbeto wahyu, Kanjeng Nabi Muhammad nyeritaaken dateng Sayyidah Khadijah tentang menopo ingkang dipun alami kanjeng Nabi. Lajeng Khadijah radhiyallahu ‘anha matur:

Baca Juga: UPDATE! Harga Bus AKAP Jakarta - Banyuwangi Mudik Lebaran Idul Fitri 2023, Ada PO Lorena, PO Pahala Kencana

اثْبُتْ يَا ابْنَ عَمِّ وَأَبْشِرْ، إِنَّكَ لَتَصِلُ الرَّحِمَ، وتَصْدُقُ الْحَدِيْثَ، وَتَكْسِبُ الْمَعْدُوْمَ، وَتَقْرِيْ الضَّيْفَ، وتُعِيْنُ عَلَى النَّوَائِبِ (رواه البخاري)

Artosipun: "Tenango he anak pamanku lan ngarepo sing apik, temen siro (kanjeng Nabi) yoiku wong sing temen-temen nyambung tali silaturahim, jujur naliko ngucap, wenehi nang wong fakir, ngurmati tamu lan bantu wong-song sing kesusahan," (HR al-Bukhari).

Ma’asyiral Muslimin wal Muslimat rahimakumullah,

Nyambung sitalurahim kalih kerabat inggih meniko termasuk salah setunggal kewajiban.

Sak wangsulipun, medhot hubungan silaturahim termasuk salah setunggal duso ageng. Kanjeng Nabi Muhammad SAW sampun dawuh:

لاَ يَدْخُلُ الْجَنَّةَ قَاطِعٌ (رواه البخاري)

Artosipun: "Mboten bakal melbu surgo (bareng wong-wong sing luwih awal melbu surgo) wong sing medhot silaturahim," (HR al-Bukhari dan Muslim).

Allah ta’ala ugi sampun ngendikan:

فَهَلْ عَسَيْتُمْ إِنْ تَوَلَّيْتُمْ أَنْ تُفْسِدُوا فِي الْأَرْضِ وَتُقَطِّعُوا أَرْحَامَكُمْ، أُولَئِكَ الَّذِينَ لَعَنَهُمُ اللّٰهُ فَأَصَمَّهُمْ وَأَعْمَى أَبْصَارَهُمْ (سورة محمّد: ٢٢-٢٣)

Artosipun: "Umpomo sekirane awakmu kuoso opo bakal gawe kerusakan ing alam duni lan medhot silaturahim? Yoikulah wong-wong sing dilaknat Allah lan digawe budheg kupinge lan digawe wuto mripate," (QS. Muhammad: 22-23).

Baca Juga: 7 Ucapan Lebaran Idul Fitri 2023, Cocok untuk IG FB Twitter dan WA

Ingkang dipun maksud Rahim atau Arham ingkang wajib sipun sambung inggih meniko poro sedulur sanak kadang baik saking Bapak utowo Ibu, kados paklik lan bulik soho putro putrinipun.

Ma’asyiral Muslimin wal Muslimat rahimakumullah,

Medhot silaturahim artisipun sedoyo tidak lampah ingkang saget dadosaken renggangipun utawi putusipun hubungan kale sedulur/sanak kadang.

Contohipun mboten sambang naliko sedek e lagi bungah utawi lagi kenging musibah, mboten nepon babar pisan utawi mboten purun bantu sederek e ingkang mbetahaken padahal piambak ipun mampu.

Pramilo, wonten ing dinten Riyadin Idul Fitri meniko kito dipun anjuraken nyambung silaturahim kalian keluarga utawi kerabat kito.
Wonten ing zaman meniko, zaman canggih mboten enten alasan kagem nyambung silaturahim.

Silaturahim saget kito lampahi kanthi macem-macem doro. Kados dene lewat telponm, lewat SMS utawi WhastApp lan sak pinunggalanipun.

Sampun ngantos kito kejiret tipu dayanipun syetan ingkang dorong kito supados ngucap "Dulurku wes ngelarani aku, aku gak bakal sambang", "dulurku gak pernah sambang aku, mongko aku gak bakal sambang, aku medhot hubungan."

Rasulullah shallallahu ‘alaihi wasallam ngendikan:

Baca Juga: Tata Cara Puasa Syawal 6 Hari Sesuai Nabi, Puasa Sunnah Setelah Lebaran Idul Fitri 2023

لَيْسَ الْوَاصِلُ بِالْمُكَافِئِ وَلٰكِنَّ الْوَاصِلَ مَنْ وَصَلَ رَحِمَهُ إِذَا قَطَعَتْ (رواه البخاري)

Artosipun: "Wong sing sempurno silaturahime ora wong sing bales silaturahim kelawan silaturahim. Tetapi wong sing sempurno silaturahime yoiku wong sing nyambung silaturahim marang dulure kang medhot silaturahim marang dewek e," (HR. al-Bukhari).

Hadis meniko nuduhaken kito bilih ngawiti silaturahim marang kerabat ingkang medhot silaturahim meniko langkung utomo tinimbang bales silaturahim e kerabat. Allah ta’ala berfirman:

وَلَا تَسْتَوِي الْحَسَنَةُ وَلَا السَّيِّئَةُ ادْفَعْ بِالَّتِي هِيَ أَحْسَنُ فَإِذَا الَّذِي بَيْنَكَ وَبَيْنَهُ عَدَاوَةٌ كَأَنَّهُ وَلِيٌّ حَمِيمٌ (سورة فصّلت: ٣٤)

Artosipun: "Lan ora podo antarane apik lan elek. Nolak o siro kabeh marang ke-elek-an kelawan coro sing luwih apik, mongko ujug-ujug wong sing antaramu lan antarane dewek e ono permusuhan seolah-olah wes dadi kocno sing setia," (QS. Fushshilat: 34).

Ingkang dipun maksud "Nolak o (ke-elek-an)" kelawan coro ingkang langkung becik inggih meniki kados nyikapi emosi kelawan sabar, tumindak ingkang bodoh dipun sikapi kelawan bijak lan nyepuro, serto perbuatan awon dibales kelawan perbuatan sae.

Sikap mekaten meniko ingkang saget menyatukan hati lan ngubah keadaan langkung sae.

Ma’asyiral Muslimin wal Muslimat rahimakumullah,

Baca Juga: Menjelang Idul Fitri, Begini Rahasia Buat Ketupat yang Enak dan Lezat

Khotib ugi ngemutaken kito sedoyo wonten ing dinten bebungah meniko supados saling sambang antawisipun dulur, tonggo lan konco.

Monggo kito saling berbagi dan saling memberi. Rasulullah shallallahu ‘alaihi wasallam matur:

مَنِ اسْتَطَاعَ مِنْكُمْ أَنْ يَسْتَتِرَ مِنَ النَّارِ وَلَوْ بِشِقِّ تَمْرَةٍ، فَلْيَفْعَلْ (رواه مسلم)

Artosipun: "Sopo wonge sing iso ngelindungi dewek e teko neroko meski kelawan sedekah separuh buah kurmo, mongko lakonono," (HR Muslim).

Naliko katah tiang ingkang kelangan kerjaan, katah tiang kesusahan pados kerjaan, katah tiang miskin, katah tiang butuh bantuan, milo mpun ngantos supe sedekah.

Kito mulai sedekah bantu keluarga kito ingkang mbetahaken. Keranten sedekah dateng keluarga meniko dipun catet 2 pahala, pahala silaturahim lan pahala sedekah.

Lajeng kito sedekah lan bantu tonggo kiwo tengen ingkang mbutuhaken. Lan umpami kito satik mampu, lajeng kito sedekah lan mbantu dateng tiang lintu (tiang tebih) ingkang langkung mbetahaken bantuan.

Lantaran sedekah, ingsya allah kito saget tebih saking wabah, saking penyakit lan sedoyo keawonan.

Baca Juga: Nikmati Lezatnya Nastar untuk Idul Fitri 2023: Resep Mudah dan Praktis Membuat Kue Kering Nanas yang Enak

Bahkan, lantaran sedekah saget dadosaken kito tebih saking geni neroko lan langsung mlebet dateng suwarganipun Allah SWT.

اللّٰهُ أَكْبَرُ اللّٰهُ أَكْبَرُ اللّٰهُ أَكْبَرُ، وَلِلّٰهِ الْحَمْدُ

Ma’asyiral Muslimin wal Muslimat rahimakumullah,

Mekaten khutbah Idul Fitri wonten ing enjing ingkang kebak barokah meniko.

Mugi-mugi Allah paring kito kesehatan, umur panjang sehinggo saget kepanggih wonten ing wulan Ramadhan lan Idu Fitri tahun ngajeng. Amin ya Robbal Alamiin.

أَقُوْلُ قَوْلِيْ هٰذَا وَأَسْتَغْفِرُ اللهَ لِيْ وَلَكُمْ، فَاسْتَغْفِرُوْهُ، إِنَّهُ هُوَ الْغَفُوْرُ الرَّحِيْمُ

Doa Khutbah Idul Fitri Kedua

اللّٰهُ أَكْبَرُ اللّٰهُ أَكْبَرُ اللّٰهُ أَكْبَرُ، اللّٰهُ أَكْبَرُ اللّٰهُ أَكْبَرُ اللّٰهُ أَكْبَرُ، اللّٰهُ أَكْبَرُ وَلِلّٰهِ الْحَمْدُ، وَأَشْهَدُ أَنْ لَا إِلَهَ إِلَّا اللّٰهُ وَحْدَهُ لَا شَرِيكَ لَهُ، وَأَشْهَدُ أَنَّ سَيِّدَنَا وَنَبِيَّنَا مُحَمَّدًا عَبْدُ اللّٰهِ وَرَسُولُهُ، فَاللّٰهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ وَبَارِكْ عَلَى سَيِّدِنَا وَنَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ، وَعَلَى آلِهِ وَأَصْحَابِهِ المَيَامِيْنَ، وَالتَّابِعِينَ لَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الدِّينِ.

أما بعد فَأُوصِيكُمْ وَنَفْسِي بِتَقْوَى اللّٰهِ عَزَّ وَجَلَّ وَاتَّقُوا اللَّهَ تَعَالَى فِي هَذَا الْيَوْمِ الْعَظِيمِ، وَاشْكُرُوهُ عَلَى تَمَامِ الصِّيَامِ وَالْقِيَامِ، وَأَتْبِعُوا رَمَضَانَ بِصِيَامِ سِتٍّ مِنْ شَوَّالٍ، لِيَكُونَ لَكُمْ كَصِيَامِ الدَّهْرِ وَصَلِّ اللّٰهُمَّ وَسَلِّمْ عَلَى سَيِّدِنَا وَنَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ، كَمَا أَمَرْتَنَا، فَقُلْتَ وَقَوْلُكَ الْحَقُّ: إِنَّ اللَّهَ وَمَلَائِكَتَهُ يُصَلُّونَ عَلَى النَّبِيِّ، يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوْا صَلُّوْا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوا تَسْلِيمًا، اللّٰهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ وَبَارِكْ عَلَى سَيِّدِنَا وَنَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ، وَارْضَ اللّٰهُمَّ عَنِ الْخُلَفَاءِ الرَّاشِدِينَ، أَبِي بَكْرٍ وَعُمَرَ وَعُثْمَانَ وَعَلِيٍّ، وَعَنْ سَائِرِ الصَّحَابَةِ الصَّالحينَ،

Baca Juga: 10 Ucapan Selamat Hari Raya Idul Fitri 1444 H, Cocok untuk Teman Saudara Maupun Sosial Media

اللّٰهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُسْلِمِينَ وَالْمُسْلِمَاتِ، وَالْمُؤْمِنِينَ وَالْمُؤْمِنَاتِ، الْأَحْيَاءِ مِنْهُمْ وَالْأَمْوَاتِ، إِنَّكَ سَمِيعٌ قَرِيبٌ مُجِيبُ الدَّعَوَاتِ، اللّٰهُمَّ اجْعَلْ عِيدَنَا هَذَا سَعَادَةً وَتَلاَحُمًا، وَمَسَرَّةً وَتَرَاحُمًا، وَزِدْنَا فِيهِ طُمَأْنِينَةً وَأُلْفَةً، وَهَنَاءً وَمَحَبَّةً، وَأَعِدْهُ عَلَيْنَا بِالْخَيْرِ وَالرَّحَمَاتِ، وَالْيُمْنِ وَالْبَرَكَاتِ، اللّٰهُمَّ اجْعَلِ الْمَوَدَّةَ شِيْمَتَنَا، وَبَذْلَ الْخَيْرِ لِلنَّاسِ دَأْبَنَا، اللّٰهُمَّ أَدِمِ السَّعَادَةَ عَلَى وَطَنِنَا، وَانْشُرِ الْبَهْجَةَ فِي بُيُوتِنَا، وَاحْفَظْنَا فِي أَهْلِينَا وَأَرْحَامِنَا، وَأَكْرِمْنَا بِكَرَمِكَ فِي الدُّنْيَا وَالْآخِرَةِ، رَبَّنَا آتِنَا فِي الدُّنْيَا حَسَنَةً، وَفِي الْآخِرَةِ حَسَنَةً، وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ، وَأَدْخِلْنَا الْجَنَّةَ مَعَ الْأَبْرَارِ، يَا عَزِيزُ يَا غَفَّارُ.

عِبَادَ اللهِ، إنَّ اللهَ يَأْمُرُ بِالْعَدْلِ وَالْإحْسَانِ، وَإِيْتَاءِ ذِي الْقُرْبَى ويَنْهَى عَنِ الفَحْشَاءِ وَالْمُنْكَرِ وَالبَغْيِ، يَعِظُكُمْ لَعَلَّكُمْ تَذَكَّرُوْنَ. فَاذكُرُوا اللهَ الْعَظِيْمَ يَذْكُرْكُمْ وَلَذِكْرُ اللهِ أَكْبَرُ، عِيْدٌ سَعِيْدٌ وَكُلُّ عَامٍ وَأَنْتُمْ بِخَيْرٍ

Demikian khutbah Idul Fitri 2023 1444 H bahasa Jawa tentang Menyambung dan Memperkuat Silaturahmi.***

Editor: Sauqi Romdani

Tags

Terkini

Terpopuler