KHUTBAH Gerhana Matahari Hibrida PDF 20 April 2023 Bahasa Jawa, Bahasa Daerah Halus dan Sopan

20 April 2023, 06:00 WIB
Kumpulan contoh khutbah gerhana matahari hibrida 20 April 2023 PDF Bahasa Jawa yang dapat dibaca oleh para khotib secara singkat /jatim.nu.or.id/

SUMENEP NEWS - Inilah contoh khutbah gerhana matahari hibrida 20 April 2023 PDF Bahasa Jawa yang dapat dibaca oleh para khotib.

Para khotib dapat membaca teks khutbah gerhana matahari PDF 2023 menggunakan Bahasa Jawa ini.

Adapun contoh khutbah gerhana matahari PDF 2023 Bahasa Jawa dapat Anda gunakan melalui artikel ini.

Baca Juga: JAM Berapa Puncak Gerhana Matahari Hibrida 20 April 2023 di Serang, Jakarta, Bandung, Semarang, Yogyakarta

Bisa convert dalam bentuk PDF contoh teks khutbah gerhana matahari hibrida 2023 kali ini yang dapat disampaikan kepada para jamaah dalam Bahasa Jawa.

Sebab, menggunakan bahasa daerah lebih dipahami esensialnya oleh masyarakat sekitar khususnya bagi orang yang sudah tua.

Untuk lebih lengkap, berikut ini teks khutbah gerhana matahari hibrida 2023 PDF yang dapat dibaca oleh para khotib.

Baca Juga: JAWABAN TTS Tebak Tebakan Hewan yang Tidak Bisa Tidur Adalah Apa? Ini Penjelasannya

khutbah gerhana matahari Bahasa Jawa

لخطبة الأولى

اَلحَمْدُ لله الَّذِى خَلَقَ السَّموَاتِ وَالأَرْضَ وَجَعَلَ الظُّلُمَاتِ وَالنُّوْرَ ثُمَّ الَّذِيْنَ كَفَرُوا بِرَبِّهِمْ يَعْدِلُونَ. أَحْمَدُهُ – جَلَّ شَأْنُهُ – خَلَقَ الَّليْلَ وَالنَّهَارَ وَالشَّمْسَ وَالْقَمَرَ وَكُلٌّ فِى فَلَكٍ يَسْبَحُوْنَ.
وَأَشْهَدُ أَنْ لا إله إِلاَّ الله وَحْدَهُ لَا شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ.
اَللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ وَبَارِكْ عَلَى سَيِّدِنَا وَمَوْلاَناَ مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ سَيِّدِناَ وَمَوْلاَناَ مُحَمَّدٍ كَمَا صَلَّيْتَ وَسَلَّمْتَ وَبَارَكْتَ عَلَى سَيِّدِنَا اِبْرَاهِيْمَ وَعَلَى آلِ سَيِّدِنَا اِبْرَاهِيْمَ فِى الْعَالَمِيْنَ إِنَّكَ حَمِيْدٌ مَجِيْدٌ.

أَمَّا بَعْد, فَيَا عِبَادَ الله …. أُوْصِيْكُمْ وَنَفْسِي بِتَقْوَى الله وَطَاعَتِهِ لَعَلَّكُمْ تُفْلِحُوْن.

 

ﻗَﺎﻝَ ﺍﻟﻠﻪُ ﺗَﻌﺎَﻟَﻰ ﻓِﻲ ﺍْﻟﻘُﺮْﺁﻥِ ﺍْﻟﻜَﺮِﻳْﻢِ :
ﺃَﻋُﻮْﺫُ ﺑِﺎﻟﻠﻪِ ﻣِﻦَ ﺍﻟﺸَّﻴْﻄَﺎﻥِ ﺍﻟﺮَّﺟِﻴْﻢِ،
ﺑِﺴْﻢِ ﺍﻟﻠﻪِ ﺍﻟﺮَّﺣْﻤَﺎﻥِ ﺍﻟﺮَّﺣِﻴْﻢِ 

ﻭَﻣِﻦْ ﺀَﺍﻳَٰﺘِﻪِ ﭐﻟَّﻴْﻞُ ﻭَﭐﻟﻨَّﻬَﺎﺭُ ﻭَﭐﻟﺸَّﻤْﺲُ ﻭَﭐﻟْﻘَﻤَﺮُ، ﻟَﺎ ﺗَﺴْﺠُﺪُﻭﺍ۟ ﻟِﻠﺸَّﻤْﺲِ ﻭَﻟَﺎ ﻟِﻠْﻘَﻤَﺮِ ﻭَﭐﺳْﺠُﺪُﻭﺍ۟ ﻟِﻠَّﻪِ ﭐﻟَّﺬِﻯ ﺧَﻠَﻘَﻬُﻦَّ ﺇِﻥ ﻛُﻨﺘُﻢْ ﺇِﻳَّﺎﻩُ ﺗَﻌْﺒُﺪُﻭﻥَ

 

Hadirin kaum muslimin wal muslimat ingkang dipun rahmati Allah Subhanahu Wa Ta’ala …..

Wonten kesempatan ingkang sae punika sumangga kitha sedaya tansah nambahi raos ajrih kitha wonten Ngarsa Dalem Allah Subhanahu Wa Ta’ala kanti sa estu-estu anggenipun kitha ngelampahi punapa ingkang sampun dipun perintah dening Allah Ta’ala
ugi anebihi sedoyo awisan awisannipun...

Baca Juga: BARU! Jam Puncak Gerhana Matahari Hibrida 20 April 2023 di Jambi, Bengkulu, Palembang Hingga Bandar Lampung

Sumangga kitha sesarengan sami ningali dateng awakipun piyambak-piyambak, sampun kados pundi anggenipun kitha ngumawula dumateng Gusti Allah Ta’ala...
menawi sampun sae sumangga kitha pertahanaken, menawi kirang sae sumangga kitha dandosi.

Mugi-mugi kanti mekaten kitha sedaya pikantuk rahmat lan ridha saking ngarsanipun Allah Subhanahu Wa Ta’ala, Amin Allahumma Amin.

Hadirin kaum muslimin wal muslimat ingkang tansah kawula mulyaaken …..

Menawi kitha ningali kedadosan wonten jagat punika, srengenge ingkang saben enjing mlethek lan dados pepadhang sartha manfaati dateng menungsa, nuli wekdal sonten surup, genthosan kalih rembulan ingkang ugi dados pepadhang sartha manfaati dateng menungsa, lintang ingkang saget dados tetenger kagem kebetahan menungsa, kitha saget mangertos bilih sedaya kala wau wonten Dzat ingkang andadosaken lan Dzat ingkang ngatur, kitha ugi saget mangertos bilih Dzat ingkang andadosaken lan ingkang ngatur kala wau tentunipun sampun dipun mangertosi dateng sedaya para makhluk, inggih punika Allah Subhanahu Wa Ta’ala.

Allah Subhanahu wa Ta’ala sampun dhawuh wonten Alquran Surat Yunus :

هُوَ الَّذِي جَعَلَ الشَّمْسَ ضِيآءً وَالْقَمَرَ نُوْرًا وَقَدَّرَهُ مَنَازِلَ لِتَعْلَمُوا عَدَدَ السِّنِيْنَ وَالْحِسَابَ
مَا خَلَقَ اللهُ ذَلِكَ إِلاَّ بِالْحَقِّ يُفَصِّلُ الآياَتِ لِقَوْمٍ يَعْلَمُونَ *
إِنَّ فِي اخْتِلاَفِ اللَّيْلِ وَالنَّهَارِ وَمَا خَلَقَ اللهُ فِي السَّموَاتِ وَالأَرضِ لآيآتٍ لِقَوْمٍ يَتَّقُونَ

 Baca Juga: Jam Puncak Gerhana Matahari Hibrida di 40 Daerah di Indonesia, Apakah Daerahmu Masuk?

“ Allah Ta’ala ingkang andadosaken srengenge ingkang saget madhangi lan rembulan ingkang dados cahaya lan anetepaken panggenan-panggenanipun, supados panjenengan sedaya sami mangertosi wilangan tahun lan itungan (wektu). Allah mboten andadosaken ingkang kados mekaten kejawi kanti haq. Allah paring rincian tanda-tanda keagunganipun kagem tiyang-tiyang ingkang sami mangertos.
Sak temene wonten gonta-gantinipun wengi lan rino lan perkawis ingkang dipun dadosaken Allah wonten langit lan bumi punika yekti dados tanda tanda kuasanipun Allah kagem tiyang-tiyang ingkang sami takwa” 

Hadirin kaum muslimin wal muslimat ingkang minulya… 

Kedadosan grahana wekdal punika supados saget dipun pendhet i’tibar utawi tepa tulada kagem kitha sedaya kagem aningkataken kesadaran kitha ngemut-emut keagunganipun Allah Subhanahu wa Ta’ala.

Rasulullah Saw sampun paring tuntunan dumateng kitha nalika wonten grahana wonten ing setunggal hadits :

خُسِفَتِ الشَّمْسُ فَقَامَ النَّبِيُّ صَلَّى اللهُ عَلَيْهِ وَسَلَّمَ وَقَالَ : ” إِذَا رَأَيْتُمْ شَيْئًا مِنْ ذَلِكَ فَافْزَعُوا اِلَى ذِكْرِ اللهِ وَدُعَائِهِ وَاسْتِغْفَارِهِ “

Setunggal wekdal nalika wonten grahana srengenge Nabi Saw nuli jumeneng (kagem ngelampahi shalat) lan dawuh : “ menawi panjenengan sedaya mirsani grahana, mangka panjenengan sedaya enggal-enggal anggenipun dzikir dateng Allah, ndonga dateng Allah lan nyuwun pangapunten dateng Allah “

Wonten 3 (tigang) perkawis ingkang dipun ajaraken dening Rasulullah dumateng kitha sedaya wekdal wonten grahana.

Ingkang kaping sepisan,

فَافْزَعُوا اِلَى ذِكْرِ اللهِ,

kitha sedaya supados enggal-enggal dzikir, emut dateng Gusti Allah. Dzikir dumateng Allah Subhanahu wa Ta’ala punika manfaatipun wangsul dumateng awak kitha piyambak-piyambak.

Baca Juga: BESOK! Gerhana Matahari Hibrida 2023 Munculnya Imam Mahdi Akhir Zaman, Ini Tanggapan Buya Yahya

Dawuhipun Allah Ta’ala wonten Alquran :

الَّذِينَ آمَنُوا وَتَطْمَئِنُّ قُلُوبُهُمْ بِذِكْرِ اللَّهِ أَلَا بِذِكْرِ اللَّهِ تَطْمَئِنُّ الْقُلُوبُ

“ Tiyang-tiyang ingkang sami iman dumateng Allah lan manahipun sami anteng keranten dzikir dumateng Allah. Emut-emut bilih dzikir dumateng Allah punika (nyebabaken) antengipun manah “

Menawi kitha kepengen manah kitha resik saking sedaya penyakit ingkang saget ngotori, kados unek-unek, nggresah, hasud lan lintu-lintunipun, tamba ingkang manjur punika mboten sanes dzikir dumateng Allah. Dzikir dumateng Allah saget dipun lampahi kanti lisan ingkang terus-terusan nyebat asmanipun Allah, kanti manah ingkang dipun ginaaken kagem ngangen-ngangen keagunganipun Allah lan kanti anggaoto awak ingkang dipun ginaaken kagem taat lan ngabekti dumateng Allah.

Ingkang kaping kalih, وَدُعَائِهِ , ndonga utawi nyuwun dumateng Allah. Nyuwun dumateng Allah Ta’ala punika hakikatipun ibadah.
اَلدُّعَاءُ هُوَ العِبَادَة .

Nyuwun dumateng Allah ugi dados intinipun ibadah, keranten ngetingalaken kumawulaning menungsa, menungsa punika makhluk ingkang asor lan fakir, Allah Ta’ala Dzat ingkang Agung,Maha Sugih, panggenan nyuwun sedoyo perkawis.
Kathah sanget anjuran saking Alquran supados kitha ndunga, nyuwun dumateng Allah Subhanahu wa Ta’ala, ing antawisipun dawuhipun Allah wonten surat al-Baqarah 55 :

ادْعُوا رَبَّكُمْ تَضَرُّعًا وَخُفْيَةً إِنَّهُ لَا يُحِبُّ الْمُعْتَدِينَ (55)

Baca Juga: MASYAALLAH! Gerhana Matahari Hibrida 2023 Jadi Tanda Pembaitan Imam Mahdi di Usia ke 40 Tahun?

“ Nyuwuno sira kabeh dumateng Pengeran sira kabeh kanti ndepe-ndepe lan lirih-lirih. Sak temene Pengeran sira kabeh mboten remen dumateng tiyang-tiyang ingkang sami ngliwati wates “

Supados dongo kitha dumateng Allah dipun ijabahi sampun sak mesthinipun menawi ndunga dipun lampahi kanti netepi adab utawi tata krama dumateng Allah, kados dipun lampahi kanti ndepe-ndepe utawi ngasoraken awak lan kanti suara lirih kados dawuh wonten ayat kasebat.

Ingkang kaping tiga, وَاسْتِغْفَارِهِ , nyuwun pangapunten dumateng Allah saking sedaya dosa lan kalepatan ingkang sampun dipun lampahi. Sampun sak mesthinipun menawi istighfar punika mboten namung dipun ucapaken mawi lisan kemawon, nanging ugi kedah dipun lebetaken wonten manah kanti nggetuni dosa ingkang sampun dipun lampahi lan dipun buktikaken kanti tumindak kitha anggenipun nglereni lan mboten badhe nglampahi dosa lan tumindak ala malih.
Menawi sampun saget mekaten InsyaAllah istighfar kitha dipun tampi dening Allah Subhanahu wa Ta’ala.

Hadirin kaum muslimin wal muslimat ingkang minulya ….

Wonten masyarakat kitha kadang wonten anggepan bilih kedadosan grahana punika wonten hubunganipun kaliyan kedadosan-kedadosan sanes ingkang sifatipun mistik, kados anggepan bilih grahana punika dados tanda badhe wonten gonjang-ganjing, paceklik lan sanes-sanesipun. Anggepan punika sampun sak mestinipun kelintu, keranten sak mestinipun kedadosan grahono punika namung nedahaken dumateng keagungan lan kuasanipun Gusti Allah.

Rasulullah SAW – wekdal putranipun Sayyid Ibrahim wafat, lan wekdal niku nembe wonten grahana– dawuh wonten ing setunggal hadits :

Baca Juga: Kumpulan Makanan Khas Dari Pulau Madura, Berikut Beberapa Makanannya

“ ﺇﻥ ﺍﻟﺸﻤﺲ ﻭﺍﻟﻘﻤﺮ ﺁﻳﺘﺎﻥ ﻣﻦ ﺁﻳﺎﺕ ﺍﻟﻠﻪ ﻻ ﻳﻨﻜﺴﻔﺎﻥ ﻟﻤﻮﺕ ﺃﺣﺪ ﻭﻻ ﻟﺤﻴﺎﺗﻪ ﻓﺈﺫﺍ ﺭﺃﻳﺘﻤﻮﻫﻤﺎ ﻓﺎﺩﻋﻮﺍ ﺍﻟﻠﻪ ﻭﺻﻠﻮﺍ ﺣﺘﻰ ﻳﻨﻜﺸﻒ ﻣﺎ ﺑﻜﻢ ‏( ﺭﻭﺍﻩ ﺍﻟﺒﺨﺎﺭﻱ ﻭﻣﺴﻠﻢ )

“ Sak temenipun srengenge lan rembulan punika dados tanda saking tanda-tanda kuasanipun Allah.

Srengenge lan rembulan mboten kedadosan grahana keranten seda utawi gesangipun tiyang. Nalika panjenengan sedaya mirsani mila panjenengan sedaya sami dongo dumateng Allah lan sholato hinggo gerhana rampung “.(HR Bukhori Muslim)

wonten hadits lintu dipun sebataken

[ ﺇﻥ ﺍﻟﺸﻤﺲ ﻭﺍﻟﻘﻤﺮ ﺁﻳﺘﺎﻥ ﻣﻦ ﺁﻳﺎﺕ ﺍﻟﻠﻪ ﻻ ﻳﻨﺨﺴﻔﺎﻥ ﻟﻤﻮﺕ ﺃﺣﺪ ﻭﻻ ﻟﺤﻴﺎﺗﻪ ، ﻓﺈﺫﺍ ﺭﺃﻳﺘﻢ ﺫﻟﻚ ﻓﺎﺩﻋﻮﺍ ﺍﻟﻠﻪ ﻭﻛﺒﺮﻭﺍ، ﻭﺻﻠﻮﺍ ، ﻭﺗﺼﺪﻗﻮﺍ …… ‏( ﺍﻟﺒﺨﺎﺭﻱ )

“ Sak temenipun srengenge lan rembulan punika dados tanda saking tanda-tanda kuasanipun Allah.
Srengenge lan rembulan mboten kedadosan grahana keranten seda utawi gesangipun tiyang. Nalika panjenengan sedaya mirsani mila panjenengan sedaya sami dongo dumateng Allah, Mocoho takbir , sholato lan sodaqoho“.(HR Bukhori)

Baca Juga: Apa Jawaban TTS Tebak Tebakan Putih Kriuk Viral di TikTok? Ternyata Adalah Ini

Hadirin kaum muslimin walmuslimat ingkang minulya …..

Kanti kedadosan grahana wekdal punika mugi-mugi saget dados pepeling kagem kitha sedaya supados inggal-inggal taubat...
zikir iling dumateng Allah Subhanahu Wa Ta’ala.
Dedongo nyuwun selamet donyo akherat...
Ngatah2ake istighfar nyuwun ngapunten sekehe doso2 lan
Mugi-mugi kanti mekaten kitha sedaya saget pikantuk ridha lan rahmat saking ngersanipun Allah lan dipun tebihaken saking sedaya bala’ lan pancabaya,
Amin Allahumma Amin.

بَارَكَ اللهُ لِيْ وَلَكُمْ فِي الْقُرْآنِ الْعَظِيْمِ، وَنَفَعَنِيْ وَإِيَّاكُمْ بِمَا فِيْهِ مِنَ اْلآيَاتِ وَالذِّكْرِ الْحَكِيْمِ. أَقُوْلُ قَوْلِيْ هَذَا وَأَسْتَغْفِرُ اللهَ الْعَظِيْمَ لِيْ وَلَكُمْ وَلِسَائِرِ الْمُسْلِمِيْنَ وَالْمُسْلِمَاتِ فَاسْتَغْفِرُوْهُ إِنّهُ هُوَ الْغَفُوْرُ الرّحِيْمِ

الخطبة الثانية

اَلْحَمْدُ لِلَّهِ الَّذِيْ أَمَرَنَا بِاْلاِتِّحَادِ وَاْلاِعْتِصَامِ بِحَبْلِ اللهِ الْمَتِيْنِ.
أَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ لاَشَرِيْكَ لَهُ، إِيَّاهُ نَعْبُدُ وَإِيَّاُه نَسْتَعِيْنُ.
وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ، اَلْمَبْعُوْثُ رَحْمَةً لِلْعَالَمِيْنَ.
اَللَّهُمَّ صَلِّ عَلَى سَيِّدِناَ مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَأَصْحَابِهِ أَجْمَعِيْنَ.

عِبَادَ الله، اِتَّقُوا اللهَ مَا اسْتَطَعْتُمْ وَسَارِعُوْا إِلَى مَغْفِرَةِ رَبِّ الْعَالَمِيْنَ.

Baca Juga: JAWABAN TTS Tebak Tebakan Hewan Apa yang Diam? Begini Kunci Jawaban yang Benar

ﻭَﻗَﺎﻝَ ﺗَﻌﺎَﻟَﻰ ﺇِﻥَّ ﺍﻟﻠﻪَ ﻭَﻣَﻶﺋِﻜَﺘَﻪُ ﻳُﺼَﻠُّﻮْﻥَ ﻋَﻠﻰَ ﺍﻟﻨَّﺒِﻰ ﻳﺂ ﺍَﻳُّﻬَﺎ ﺍﻟَّﺬِﻳْﻦَ ﺁﻣَﻨُﻮْﺍ ﺻَﻠُّﻮْﺍ ﻋَﻠَﻴْﻪِ ﻭَﺳَﻠِّﻤُﻮْﺍ ﺗَﺴْﻠِﻴْﻤًﺎ . ﺍﻟﻠﻬُﻢَّ ﺻَﻞِّ ﻋَﻠَﻰ ﺳَﻴِّﺪِﻧَﺎ ﻣُﺤَﻤَّﺪٍ ﺻَﻠَّﻰ ﺍﻟﻠﻪُ ﻋَﻠَﻴْﻪِ ﻭَﺳَﻠِّﻢْ ﻭَﻋَﻠَﻰ ﺁﻝِ ﺳَﻴِّﺪِﻧﺎَ ﻣُﺤَﻤَّﺪٍ ﻭَﻋَﻠَﻰ ﺍَﻧْﺒِﻴﺂﺋِﻚَ ﻭَﺭُﺳُﻠِﻚَ ﻭَﻣَﻶﺋِﻜَﺔِ ﺍْﻟﻤُﻘَﺮَّﺑِﻴْﻦَ
ﻭَﺍﺭْﺽَ ﺍﻟﻠّﻬُﻢَّ ﻋَﻦِ ﺍْﻟﺨُﻠَﻔَﺎﺀِ ﺍﻟﺮَّﺍﺷِﺪِﻳْﻦَ ﺃَﺑِﻰ ﺑَﻜْﺮٍ ﻭَﻋُﻤَﺮ ﻭَﻋُﺜْﻤَﺎﻥ ﻭَﻋَﻠِﻰ ﻭَﻋَﻦْ ﺑَﻘِﻴَّﺔِ ﺍﻟﺼَّﺤَﺎﺑَﺔِ ﻭَﺍﻟﺘَّﺎﺑِﻌِﻴْﻦَ ﻭَﺗَﺎﺑِﻌِﻲ ﺍﻟﺘَّﺎﺑِﻌِﻴْﻦَ ﻟَﻬُﻢْ ﺑِﺎِﺣْﺴَﺎﻥٍ ﺍِﻟَﻯﻴَﻮْﻡِ ﺍﻟﺪِّﻳْﻦِ ﻭَﺍﺭْﺽَ ﻋَﻨَّﺎ ﻣَﻌَﻬُﻢْ ﺑِﺮَﺣْﻤَﺘِﻚَ ﻳَﺎ ﺃَﺭْﺣَﻢَ ﺍﻟﺮَّﺍﺣِﻤِﻴْﻦَ

ﺍَﻟﻠﻬُﻢَّ ﺍﻏْﻔِﺮْ ﻟِﻠْﻤُﺆْﻣِﻨِﻴْﻦَ ﻭَﺍْﻟﻤُﺆْﻣِﻨَﺎﺕِ ﻭَﺍْﻟﻤُﺴْﻠِﻤِﻴْﻦَ ﻭَﺍْﻟﻤُﺴْﻠِﻤَﺎﺕِ ﺍَﻻَﺣْﻴﺂﺀُ ﻣِﻨْﻬُﻢْ ﻭَﺍْﻻَﻣْﻮَﺍﺕِ ﺍﻟﻠﻬُﻢَّ ﺃَﻋِﺰَّ ﺍْﻹِﺳْﻼَﻡَ ﻭَﺍْﻟﻤُﺴْﻠِﻤِﻴْﻦَ ﻭَﺃَﺫِﻝَّ ﺍﻟﺸِّﺮْﻙَ ﻭَﺍْﻟﻤُﺸْﺮِﻛِﻴْﻦَ ﻭَﺍﻧْﺼُﺮْ ﻋِﺒَﺎﺩَﻙَ ﺍْﻟﻤُﻮَﺣِّﺪِﻳَّﺔَ ﻭَﺍﻧْﺼُﺮْ ﻣَﻦْ ﻧَﺼَﺮَ ﺍﻟﺪِّﻳْﻦَ ﻭَﺍﺧْﺬُﻝْ ﻣَﻦْ ﺧَﺬَﻝَ ﺍْﻟﻤُﺴْﻠِﻤِﻴْﻦَ ﻭَ ﺩَﻣِّﺮْ ﺃَﻋْﺪَﺍﺀَ ﺍﻟﺪِّﻳْﻦِ ﻭَﺍﻋْﻞِ ﻛَﻠِﻤَﺎﺗِﻚَ ﺇِﻟَﻰ ﻳَﻮْﻡَ ﺍﻟﺪِّﻳْﻦِ .

ﺍﻟﻠﻬُﻢَّ ﺍﺩْﻓَﻊْ ﻋَﻨَّﺎ ﺍْﻟﺒَﻼَﺀَ ﻭَﺍْﻟﻮَﺑَﺎﺀَ ﻭَﺍﻟﺰَّﻻَﺯِﻝَ ﻭَﺍْﻟﻤِﺤَﻦَ ﻭَﺳُﻮْﺀَ ﺍْﻟﻔِﺘْﻨَﺔِ ﻭَﺍْﻟﻤِﺤَﻦَ ﻣَﺎ ﻇَﻬَﺮَ ﻣِﻨْﻬَﺎ ﻭَﻣَﺎ ﺑَﻄَﻦَ ﻋَﻦْ ﺑَﻠَﺪِﻧَﺎ ﺍِﻧْﺪُﻭﻧِﻴْﺴِﻴَّﺎ ﺧﺂﺻَّﺔً ﻭَﺳَﺎﺋِﺮِ ﺍْﻟﺒُﻠْﺪَﺍﻥِ ﺍْﻟﻤُﺴْﻠِﻤِﻴْﻦَ ﻋﺂﻣَّﺔً ﻳَﺎ ﺭَﺏَّ ﺍْﻟﻌَﺎﻟَﻤِﻴْﻦَ . ﺭَﺑَّﻨَﺎ ﺁﺗِﻨﺎَ ﻓِﻰ ﺍﻟﺪُّﻧْﻴَﺎ ﺣَﺴَﻨَﺔً ﻭَﻓِﻰ ﺍْﻵﺧِﺮَﺓِ ﺣَﺴَﻨَﺔً ﻭَﻗِﻨَﺎ ﻋَﺬَﺍﺏَ ﺍﻟﻨَّﺎﺭِ .

ﺭَﺑَّﻨَﺎ ﻇَﻠَﻤْﻨَﺎ ﺍَﻧْﻔُﺴَﻨَﺎ ﻭَﺍﺇﻥْ ﻟَﻢْ ﺗَﻐْﻔِﺮْ ﻟَﻨَﺎ ﻭَﺗَﺮْﺣَﻤْﻨَﺎ ﻟَﻨَﻜُﻮْﻧَﻦَّ ﻣِﻦَ ﺍْﻟﺨَﺎﺳِﺮِﻳْﻦَ .

ﻋِﺒَﺎﺩَﺍﻟﻠﻪِ ! ﺇِﻥَّ ﺍﻟﻠﻪَ ﻳَﺄْﻣُﺮُﻧَﺎ ﺑِﺎْﻟﻌَﺪْﻝِ ﻭَﺍْﻹِﺣْﺴَﺎﻥِ ﻭَﺇِﻳْﺘﺂﺀِ ﺫِﻱ ﺍْﻟﻘُﺮْﺑﻰَ ﻭَﻳَﻨْﻬَﻰ ﻋَﻦِ ﺍْﻟﻔَﺤْﺸﺂﺀِ ﻭَﺍْﻟﻤُﻨْﻜَﺮِ ﻭَﺍْﻟﺒَﻐْﻲ ﻳَﻌِﻈُﻜُﻢْ ﻟَﻌَﻠَّﻜُﻢْ ﺗَﺬَﻛَّﺮُﻭْﻥَ ﻭَﺍﺫْﻛُﺮُﻭﺍ ﺍﻟﻠﻪَ ﺍْﻟﻌَﻈِﻴْﻢَ ﻳَﺬْﻛُﺮْﻛُﻢْ ﻭَﺍﺷْﻜُﺮُﻭْﻩُ ﻋَﻠﻰَ ﻧِﻌَﻤِﻪِ ﻳَﺰِﺩْﻛُﻢْ ﻭَﻟَﺬِﻛْﺮُ ﺍﻟﻠﻪِ ﺃَﻛْﺒَﺮْ

Editor: Ahmad

Tags

Terkini

Terpopuler